# Het Javaanse Blad > Nguri-uri Básá Jawi ## Posts - [Kathah Kecu, Kemis, 14 September 1950](https://javaanseblad.com/kathah-kecu-kemis-14-september-1950/): BATANG – Ing dalu dinten Setu malem Ngahad kálá wingi haji Wohor gagriyá ing dhusun Jatisari, kecamatan Subah, Batang, kerawuhan gerombolan kecu ngastá gaman. Gerombolan kecu wau ngrampas rádjá pèni kanthi regi kirang langkung 6.669 gulden sáhá artá kontan 1.800 gulden, makaten De Locomotief, Kemis (14/9/1950). Ugi ing dhusun Wonokerto, kecamatan Wirádesá, Pekalongan, boten dangu kapengker wonten wargi ingkang kerawuhan gerombolan kecu ngastá bedhil. Barang ingkang dipunrampas kinten-kinten nggadhahi regi 130 gulden. Salajengipun wonten wargi priyantun Arab gegriyá ing dhusun Kauman kuthá Pekalongan ugi kerawuhan gerombolan kecu. Saking piyambakipun gerombolan kecu wau ngrampas barang reginipun 800 gulden. Miturut piyambakipun gerombolan - [Babad Tiyang Jawi ing Suriname](https://javaanseblad.com/babad-buruh-kontrak-jawi-ing-suriname/): Sadèrèngipun tiyang Jawi sampun wonten buruh kontrak saking India ing Suriname. - [Ratu Máxima Kersá Nampi Buku Babagan Menopause](https://javaanseblad.com/ratu-maxima-kersa-nampi-buku-babagan-menopause/): Gusti Kanjeng Ratu Máxima der Nederlanden kersá nampi lembar kaping sepindhah buku babagan Menopause. - [Walandi Ngendelaken Listrik Sumber Srengèngè, Angin, Toyá](https://javaanseblad.com/walandi-ngendelaken-listrik-sumber-srengenge-angin-toya/): Produksi listrik ing Walandi saking sumber srengèngè, angin, lan toyá, mlesat 9,2 milyar KWh, utawi mindhak 40%. - [Bra Martani, Kemis Kaping 6 Januwari 1876](https://javaanseblad.com/bra-martani-kemis-kaping-6-januwari-1876/): Uwos ing Pacinan pinten-pinten koyan boten katulungan, párá sudagar wah para Ciná sedáyá sami jenggruk. - [Putri Alexia Nglajengaken Sekolah ing SMA Mriki](https://javaanseblad.com/putri-alexia-nglajengaken-sekolah-ing-sma-mriki/): Putri Alexia badhé nglajengaken sekolah SMA-nipun wonten ing kuthá Llantwit Major, Wales, Inggris. - [Bupati Batang Ngudi Tahun 2021 Sedáyá Dados Dhusun Pinter](https://javaanseblad.com/bupati-batang-ngudi-taun-2021-sedaya-dados-dhusun-pinter/): BATANG – Pamrèntah Kabupatèn Batang nggadhahi kekarepan sedáyá dhusun wonten ing wilayahipun saget mlebet pèrangan Dhusun Pinter. Puniká ngugemi paningal lan dhawuh Bupati Batang Wihaji sáhá Wakil Bupati Suyono nggih puniká program Dhusun Pinter lan Kuthá Pinter ingkang mlebet kekarepan strategis jángká madyá daérah. Program kasebat wau sayogyanipun sampun dipunkersaaken wonten ing taun 2020, nanging pagebluk Covid-19 ngunduraken program Dhusun Pinter wau ingkang sampun mlebet ing kekarepan jángká madyá daérah Pemrèntah Kabupatèn Batang taun 2020, saénggá Bupati Batang Wihaji dhawuh bilih taun 2021 sedáyá urusan ladènan masyarakat kedah saget rampung ing tingkat dhusun. “Amargi wonten pagebluk Covid-19 ndadosaken anggaran kekarepan - [Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949](https://javaanseblad.com/kraton-jogja-prengeti-6-jam-serangan-oemoem-1-maret-1949/): Sasampunipun perang dangunipun 6 jam, párá prajurit republik sareng-sareng rakyat saget nggusah mundur Walandi. - [Ratu Tuwi Kriyá Dateng SD Sabina van Egmond](https://javaanseblad.com/ratu-tilik-kriya-dateng-sd-sabina-van-egmond-2/): Gusti Kanjeng Ratu Máxima der Nederlanden kersá rawuh tilik kriyá dhateng SD CBS Sabina van Egmond ten kuthá Oud-Beijerland. “Pangetrapan protokol keséhatan kanggé nanggulangi virus Corona dipunlaksanaaken kanthi temen sadangunipun Ratu rawuh,” makaten dipunpundhut saking Koninklijkhuis, Senèn (1/3). Wonten ing sekolahan, Ratu pikantuk katerangan saking párá guru, siswá, lan párá wakil tiyang sepuh siswá babagan kadayan pandemi Corona lan lockdown tumrap sekolah. Ratu ugi kersá mirsani panggènan Sportlaan lan guneman online kalih párá siswá ten Poortwijk. Lockdown kaping kalih tumrap sekolah dipunlaksanaaken wiwit tanggal 16 Desember 2020 taun wingi. Akibat saking lockdown utawi pewatesan wau saèstu ageng sanget: sekolah kedah - [Bupati Batang: Sekolah Ing Wilayah Ijem Covid-19 Saget Piwulang Adhep-adhepan](https://javaanseblad.com/bupati-batang-sekolah-ing-wilayah-ijem-covid-19-saget-piwulang-adhep-adhepan/): BATANG – Bupati Batang, Jawi Tengah, Wihaji paring idin sekolah wonten ing wilayah ijem Covid-19 saget nindakaken malih wulang-piwulang adhep-adhepan mangké wiwitan sasi Maret 2021. “Paring piwulang adhep-adhepan wonten ing sekolah dipunmathukaken kalih kahanan panyebaran Covid-19 utawi ingkang kalebet wilayah ijem Covid-19,” ngendiká Bupati Wihaji kados dipunpethik saking Kompas (24/2). Bupati Wihaji maringi conto bilih panyebaran Covid-19 wonten ing dhusun Gerlang lan dhusun Prantèn, Kecamatan Bawang, Kabupatèn Batang, kaserat nul kasus. Pramilá sekolah ten dhusun kekalih wau dipun aturi saget ngawontenaken malih piwulangan adhep-adhepan. “Kulá mbayangaken satunggal taun kapengker puniká wonten masalah ingkang kulá kinten badhé mengaruhi ngguláwentahing karakter bongsá - [Nitih Kapal Prins Willem II Tiyang Jawi Dugi Suriname Tahun 1890](https://javaanseblad.com/nitih-kapal-prins-willem-ii-tiyang-jawi-dugi-suriname-taun-1890/): PARAMARIBO – Cacahipun 94 tiyang, rombongan kaping sepindhah buruh peksá, resminipun dipunsebat buruh kontrak, saking Jawi puniká dugi Suriname, wilayah koloni Walandi ten benua Amerika sisih kidul. Nitih kapal Prins Willem II, tiyang-tiyang wau presisipun dugi Suriname tanggal 9 Agustus 1890. Miturut Nationaal Archief, párá buruh kontrak puniká senaosá saking pinten-pinten daérah Nederlands-Indië (Indonesia) nanging gampilipun kebanjur dipunsebat Javanen (tiyang-tiyang Jawi), kathahipun pancèn saking distrik Surákartá (Solo). Tiyang-tiyang wau dipun rawuhaken minongká buruh kontrak ten pakebonan Mariënburg, Suriname, kagunganipun Nederlandsche Handel-Maatschappij (NHM). Pakebonan-pakebonan Walandi ten Suriname mbetahaken párá buruh kontrak amargi mboten kénging malih nganggé budhak sasampunipun perbudhakan dipunlarang taun - [Tetuwuhan Den Haag Wigatos Kanggé Iklim, Paling Sepuh Wiwit 1536](https://javaanseblad.com/tetuwuhan-den-haag-wigatos-kangge-iklim-paling-sepuh-wiwit-1536/): Tetuwuhan ten Den Haag sangsáyá wigatos kanggé kuthá. Wonten ingkang dipun tanem wiwit jaman Rájá Karel V taun 1536. Kuthá Den Haag ten taun-taun ngajeng kedah langkung ijem, ijo royo-royo. Pramilá pamréntah kutháprájá badhé nanem langkung kathah tetuwuhan kanggé mujudaken program puniká. Kejawi makaten, pamréntah ugi bakal andum winih tetuwuhan wau gratis dumateng párá wargi Den Haag kersanipun saget dipuntanem ten kebon utawi pekaranganipun piyambak-piyambak. Program puniká kaserat wonten ing nota ingkang dipunwastani: Nota Tetuwuhan pamréntah kutháprájá Den Haag. “Tetuwuhan sangsáyá wigatos kanggé kuthá, utaminipun naliká kuthá sangsáyá pepek kathah manungsá,” ngendiká Leendert Koudstaal, ingkang sampun 42 taun mikul tugas - [Damel Kuthá Ijo Royo-royo, Pamréntah Andum Winih Gratis](https://javaanseblad.com/damel-kutha-ijo-royo-royo-pamrentah-andum-winih-gratis/): Wargi kuthá Den Haag taun puniká kalih taun ngajeng saget pikantuk winih tetuwuhan gratis saking pamréntah kutháprájá. Pamréntah kanthi program puniká ngersaaken kuthá sangsáyá ijem, ijo royo-royo. “Den Haag salah satunggaling kuthá ten Walandi ingkang kathah bangunan beton. Pramilá kanthi program puniká kitá saget paring sumbangsih kanggé ndamel kuthá tambah éndah, sekécá, lan saget ngadhepi dampak owahing iklim,” ngendiká Arjen Kapteijns, ketua fraksi Groenlinks. Kuthá Den Haag jané sampun misuwur minongká kuthá ingkang asri ijo royo-royo, nanging taksih wonten panggénan ingkang taksih kirang makaten. Ugi kuthá internasional puniká salah satunggaling kuthá ingkang paling pepak warginipun lan ten taun-taun ngajeng bakal - [Perdana Menteri Tansah Ngantor Nitih Sepéda](https://javaanseblad.com/perdana-menteri-tansah-ngantor-nitih-sepeda/): Dinten Jemuah kálá wingi Perdana Menteri Mark Rutte kados biasa nitih sepéda dhateng kraton Paleis Huis ten Bosch ing Den Haag kanggé ngaturaken bibaripun kabinet dados demisioner dumateng Rájá Willem Alexander. Sepédanipun PM Rutte nggih puniká merk Koga seri F3. Piyambakipun sampun tigang taun kagungan sepédá puniká, dados sanès sepéda énggal. PM Rutte ngginaaken sepéda kanggé piranti tindak makaryá saben dinten saking griyá dhateng kantor. Walandi pancén misuwur minongká negari sepéda lan Perdana Menterinipun maringi tuládhá ingkang saé kanggé bongsá-bongsá sanèsipun sadonyá. Minggu-minggu kapengker PM Rutte ketingal langkung asring wira-wiri nyepedá kanggé rapat krisis kabinet ten dalem dinas perdana menteri: - [Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon](https://javaanseblad.com/uyon-uyon-hadiluhung-senen-pon/): Mprèngeti Wiyosan (dinten lairipun) Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono X saben Senèn Pon malem Selásá Wagé, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ngawontenaken malih pagelaran Uyon-Uyon Hadiluhung. Bènten kalih wekdal-wekdal sakdèrèngipun, Uyon-Uyon puniká badhé dipunsalenggaraaken ing Kagungan Dalem Bangsal Manis. Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon 1 Februari 2021 badhé nyaosaken gendhing lan Beksan Ajisáká. Gegandhèngan kalih kahanan pandemi, pagelaran puniká namung saget dipunpirsani mawi siaran langsung (live streaming) ing kanal Youtube Kraton Jogja lan siaran RRI Pro 4 Yogyakarta wiwit jam 20.00 WIB. Pagelaran dipun aturaken tanpá reservasi pamirsá lan namung dipunrawuhi déning párá Abdi Dalem ingkang taksih dinas makaryá kanthi protokol keséhatan ingkang - [Vaksin Covid-19: Bupati Batang Ngutamiaken Wargi Puniká](https://javaanseblad.com/vaksin-covid-19-bupati-batang-ngutamiaken-wargi-punika/): BATANG – Bupati Batang Wihaji ngutamiaken Kepala Organisasi Perangkat Daerah (OPD), prangkat dhusun, párá panuntun agami, lan párá pangurus Pondok Pesantrèn mangké ten pérangan kaping kalih vaksinasi Covid-19. “Pamréntah Kabupatèn sampun ngusulaken 21.000 sasaran kanggé vaksinasi pérangan kaping kalih minongká nglayani párá wargi. Dinten puniká sampun kitá priksá mesthèaken ten Kecamatan piyambak-piyambak ingkang panggènanipun mangké ten Puskesmas,” ngendiká Bupati Wihaji ten Ayo Semarang. Saking pamriksan wau miturut Bupati kasilipun nggih puniká palaksanan vaksinasi sampun mathuk kalih Standar Operasional Prosedur (SOP) lan cocok kalih rencana. “Alhamdulillah párá kyai, mubaligh, párá panuntun masyarakat, kepala dhusun saprangkatipun lan párá pangurus pondok pesantrèn saget - [Kaji Ngali, Kudus 3 Januwari 1881](https://javaanseblad.com/kaji-ngali-kudus-3-januwari-1881/): KUDUS – Naliká dinten malem Setu tanggal 25 sasi Dhésèmber 1880, ingkang mentas kapengker, tiyang kaji Ngali, gagriyá ing dhusun Wergu Kulon dhistrik nagari Kudus, dalu puniká kaji Ngali saré ing griyá, sareng wanci jam 2 dalu nglilir saking saré lajeng nganglang dumugi sawingkinging griyá. Kaget mireng sabawaning tiyang mawi nyuwárá, “Melèk-melèk!,” saèmpèr tiyang jagi rundhá lajeng murugi sarwi mindhik-mindhik. Sareng celak katingalan yèn ingkang nyuwárá melèk-melèk wau inggih sang duratmáká, awit katondhá sampun akaryá babahan sáhá nyanyi canggah tuwin lenterá, boten sarontá lajeng apitaken sápá iku, sang duratmáká sareng wuningá dipunpurugi tiyang lajeng énggal amangsuli, “Aku!”, sarwi nyawat banon - [‘Kulá Sanès Indo, Nanging Jawi Suriname’](https://javaanseblad.com/kula-sanes-indo-nanging-jawi-suriname/): “Tujuan paling utaminipun supados tlacakipun Jawi Suriname wonten ing Den Haag mboten ical,” makaten Hariëtte Mingoen, pangarsá Stichting Comité Herdenking JavaansImmigratie/STICHJI (Yayasan Panitia Prèngetan Imigrasi Jawi, red). Dinten sapuniká piyambakipun ngaturaken arsip digital saking proyèk warisan kaum Jawi ten Walandi dumateng Haags Gemeentearchief (HGA). Arsip puniká ngemu antawisipun wawancárá, foto, film, audio, artikel serat kabar, lan publikasi sanèsipun. Ugi ten lebetipun wonten katerangan babagan panggènan-panggènan umum ing mriku bongsá Jawi kagungan andhil kadostá upaminipun masjid, wandé dhahar, lan pangurusan tiyang sepuh. “Mungguhipun kulá puniká mboten limrah, amargi nembé puniká ingkang kaping sepindhah kitá nampi arsip digital,” ngendiká Ellen van der - [Suriname Wiwitan Vaksinasi Wargi](https://javaanseblad.com/suriname-wiwitan-vaksinasi-wargi/): Suriname wiwitan vaksinasi Corona kanggé warginipun. Pikantuk giliran kaping sepindhah nggih puniká párá staf medis. “Paleksanan vaksinasi puniká mundhut panggenan ten Academisch Ziekenhuis (Griyá Sakit Akademis, red), Paramaribo,” makaten Kamentrian Keséhatan Suriname, Selásá (23/2). Kanggé wiwitan vaksinasi puniká Suriname pikantuk 1.000 dosis vaksin AstraZeneca, minongká bantuan saking negari Barbados, namung cekap kanggé 500 staf medis. Dèrèng pati cethá kapan Suriname badhé pikantuk vaksin salajengipun. Suriname mbetahaken 800.000 vaksin kanggé 400.000 warginipun. Supados saget mundhut vaksin wau, Suriname minggu wingi lajeng ndamel COVID-19 Vaccin Fonds Suriname/CVFS (Bándhá Vaksin Covid-19 Suriname, red), kanthi tujuan ngempalaken artá saking perusahaan lan instansi sanèsipun kanggé - [Krisis Corona, Ékonomi Haarlemmermeer Susut -18%](https://javaanseblad.com/krisis-corona-ekonomi-haarlemmermeer-susut-18/): DEN HAAG – Daérah Haarlemmermeer taun wingi 2020 ngalami susut ékonomi ngantos -18% akibat krisis Corona. Kaping kalih Amsterdam -7%, makaten data Centraal Bureau voor de Statistiek (CBS). Miturut CBS, Haarlemmermeer kénging dampak paling awrat amargi ekonomi daérah puniká gumantung sanget kalih Bandara Internasional Schiphol lan séktor jasa ingkang tumèmpèl. Miturut administrasi, kutháprájá Haarlemmermeer pancèn kalenggahan Bandara Schiphol, sanès Amsterdam. Sawetawis Amsterdam ten periode ingkang sami ékonomipun anjlok -7%, utaminipun kasebab séktor pariwisátá lan horeca (hotèl, réstoran, café, red) katut kénging dampak krisis Corona. Éwodénten Delfzijl kalebet daérah ingkang paling sekedhik susut kénging dampak krisis namung -1%, amargi perusahaan-perusahaan ten - [Sorogan 2: Mbedhag Cèlèng](https://javaanseblad.com/sorogan-2-mbedhag-celeng/): mbedhag = jagen, jacht; cèlèng = zwijn, wilde varken; kalih = 2, twee; priyantun Walandi = Nederlander, Europeanen; sami kathahipun = evenveel - [Kutháprájá Almere Badhé Batalaken Floriade 2022](https://javaanseblad.com/kuthapraja-almere-badhe-batalaken-floriade-2022/): DEN HAAG – Floriade 2022 ingkang badhé dipunlaksanaaken wonten ing wilayah kutháprájá Almere badhé dipunowahi, tundhá, utawi dipunbatalaken. Puniká wau kasebat ten layang pamréntah kutháprájá ingkang dipunkintun dumateng gemeenteraad (DPRD Kutháprájá). Saben-saben opsi saking tigang opsi ingkang dipunaturaken wau nggadhahi konsekuènsi finansial lan yuridis. Contonipun menawi milih Floriade skala langkung alit pramilá badhé narik sekedhik pengunjung, tegesipun sekedhik kasil saking sadéan karcis. Dipuntundhá ugi nggadhahi konsekuènsi-konsekuènsi yuridis, antawisipun kalih pihak developer Amvest lan Dura Vermeer sampun dipuntèken kontrak bilih menawi Floriade rampung miturut tanggal kontrak, Amvest lan Dura Vermeer saget sadéan griyá ing panggénan kanggé Floriade wau. Dipunlajengaken kanthi rencáná - [Putri Victoria & Pangèran Daniel 1 Dásáwarsá Ningkah](https://javaanseblad.com/putri-victoria-pangeran-daniel-1-dasawarsa-ningkah/): STOCKHOLM – Dinten puniká, 19 Juni 2020, Putri Pati Swedia Victoria lan Pangéran Daniel mrèngeti satunggal dásáwarsá ningkahanipun. Pramilá kitá badhé andum cariyos lelampahan katresnan piyambakipun kekalih. Wekdal semanten Mángsá Semi taun 2002. Sasampunipun lulus saking Yale University, AS, lajeng magang makaryá wonten ing PBB, New York, lan ngalami ambyar hubungan, Putri Pati Victoria kundur malih wonten Stockholm. Media Swedia ngabaraken babagan calon énggalipun Putri Pati Victoria, wekdal semanten taksih yuswá 24 taun. Naliká Mángsá Bentèr taun ingkang sami langkung cethá bilih Daniel Westling calon garwanipun Putri Pati Victoria. Daniel puniká pengusáhá lan remen olahrágá. Piyambakipun kekalih tepangan wonten ing - [Sorogan 1: Aksárá lan Pangucapanipun](https://javaanseblad.com/sorogan-1-aksara-lan-pangucapanipun/): Sadèrèngipun aksárá Latin, aksárá Jawi dipundhasaraken nganggé aksárá hánácáráká. - [Panggabungan Batang-Pekalongan, Ngasilaken Èfisiènsi Anggaran](https://javaanseblad.com/panggabungan-batang-pekalongan-efisiensi-anggaran/): PEKALONGAN – Panggabungan Kabupatèn Batang mlebet Kabupatèn Pekalongan ngasilaken pangiritan (èfisiènsi) anggaran, katingal saking rancangan anggaran ènggal. panggabungan kakalih kabupatèn wau ngasilaken èfisiènsi anggaran 15.870 gulden Het Javaanse Blad Wonten ing lembaran risalah katerangan amandemèn utawi pangowahan anggaran blánjá ingkang kaping sepindhah taun 1936 sasampunipun Batang mlebet Kabupatèn Pekalongan kababaraken kados kapethik saking De Locomotief, dinten Jemuah (27/3/1936) makaten: Kanggé taun dines 1936 dipuntetepaken kanggé Kabupatèn Pekalongan lan bekas Kabupatèn Batang anggaran ingkang kapisah piyambak-piyambak, ing babagan blánjá lan panampi miturut paprincèn ingkang cacahipun 108.012 gulden kanggé Pekalongan, lajeng 115.738 gulden kanggé Batang, utawi sesarengan totalipun 223.750 gulden. Anggaran kanggé - [Gludug Bledhèg Prahárá Ès, Dinten Puniká Bebáyá Kode Jené](https://javaanseblad.com/gludug-bledheg-prahara-es-dinten-punika-bebaya-kode-jene/): Koninklijk Nederlands Meteorologisch Instituut (KNMI) dinten sapuniká maringi kode jené inggih puniká kode bebáyá inggil saandhapipun kode abrit, Senèn. - [Ratu Tuwi A.S. Talmaschool sáhá Eurovisie Songfestival](https://javaanseblad.com/ratu-tilik-a-s-talmaschool-saha-eurovisie-songfestival/): Gusti Kanjeng Ratu Máxima tilik kriyá dateng A.S. Talmaschool sáhá generale repetitie (gladhi resik) Eurovisie Songfestival ing Rotterdam. - [Detik-detik Déwan Sarujuk Pambibaran Kabupatèn Batang](https://javaanseblad.com/detik-detik-dewan-sarujuk-pambibaran-kabupaten-batang/): BATANG – Rapat umum Déwan Kutháprájá utawi Kabupatèn Batang dinten Kemis (25 April 1935), antawisipun ngajengaken advis Gubernur Jawi Tengah perkawis rencáná pamréntah kanggé mbibaraken kabupatèn Batang lajeng nggabungaken lebur dados satunggal kalih Kabupatèn Pekalongan. wargi Batang bakal ngraos dipuntilaraken, nanging puniká namung masalah rásá-rumángsá mawon, tiyang-tiyang wau badhé énggal biasa malih. J.M. Biekart, Déwan Kabupatèn Komisi ingkang dipundhapuk déning Déwan naliká rapat ingkang kapengker, kanthi anggotá inggih puniká tuwan J. M. Biekart, R. M. P. Kartohadinoto sáhá R. Ismaël Koesoemopoetro, sampun cekak aos ngaturaken lapuranipun dumateng Déwan lan saking lapuran wau ketingal cethá bilih Komisi boten nggadhahi kaawratan tumrap - [81% Kawulá Walandi Milih Vaksin Pfizer](https://javaanseblad.com/81-kawula-walandi-milih-vaksin-pfizer/): Cacahipun 81% rèsponden ing Walandi ngarsaaken vaksin Pfizer, ingkang paling boten dipunkarsáaken inggih puniká AstraZeneca. - [Seratan Media Perkawis Panggabungan Batang-Pekalongan](https://javaanseblad.com/seratan-media-perkawis-panggabungan-batang-pekalongan/): PEKALONGAN – Panggabungan Batang-Pekalongan. Sampun dipuntetepaken satunggaling ordonansi ingkang ngemu pranatan panggabungan wilayah kabupatèn Batang dateng kabupatèn Pekalongan (De Locomotief, 6/11/1933). Déwan Kutháprájá Batang kanthi aklamasi sarujuk manawi kabupatèn Batang dipunbibaraken lajeng dipungabungaken kalih kabupatèn Pekalongan (De Indische Courant, 26/4/1935). Panggabungan Batang lan Pekalongan. Kosok wangsulipun saking Déwan Kutháprájá Batang, Déwan Kutháprájá Pekalongan jebul malah nampik panggabungan kabupatèn Batang dados satunggal kalih kabupatèn Pekalongan, adhedhasar kalih alesan-alesan prinsipil. Senaosá makaten, Déwan Kutháprájá Pekalongan sakirangipun ngaturaken bilih boten wonten kaawratan praktis, manawi panggubangan kakalih kabupatèn wau tetep dipunlajengaken (Bataviaasch Nieuwsblad, 6/5/1935). Bènten kalih Déwan Kutháprájá Batang, Déwan Kutháprájá Pekalongan ngaturaken nampik - [Wargi Walandi Ngirangi Sarem lan Gendhis](https://javaanseblad.com/wargi-walandi-ngirangi-sarem-lan-gendhis/): Mawi kabijakan pamréntah sapuniká wargi Walandi sampun ngirangi dhahar sarem lan gendhis, senaosá makaten taksih saget ambisius malih. - [Pekalongan Nampik Gabungipun Batang](https://javaanseblad.com/pekalongan-nampik-gabungipun-batang/): PEKALONGAN – Dinten Setu kapungkur Déwan Kutháprájá Pekalongan ngawontenaken rapat umum, ingkang dipunrawuhi sedáyá anggota Déwan kejawi satunggal anggota ingkang absèn. Salajengipun rapat ugi dipunrawuhi párá pejabat kabupatèn sáhá dirèksi Bank Algemeene Volkscrediet ing Pekalongan, tuwan Holtrop, kanggé maringi pirembug, makaten kados kapethik saking De Locomotief, dinten Senèn (6/5/1935). Sasampunipun pinten-pinten agénda dipuntampi tanpá debat, lajeng dipunaturaken pirembug saking Déwan perkawis karsá pamréntah ingkang badhé mbibaraken kabupatèn Batang lajeng nggabungaken kaliyan kabupatèn Pekalongan. Pinten-pinten anggota Déwan lajeng ngaturaken pamanggihipun. Ingkang paling sepindhah, Pangarsá Komisi (paleburan Batang-Pekalongan) tuwan M. Tjitrosoewarno pikantuk giliran ngendiká. Piyambakipun maringi katerangan langkung detil babagan lapuran ingkang - [Guru Matematika Pikantuk ‘Rècèh’ Jebul Kathah](https://javaanseblad.com/guru-matematika-pikantuk-receh-jebul-kathah/): Guru Matematika Menno Lagerwey (27) maringi video latihan ujian, pikantuk imbalan rècèh € 2,5 nanging totalipun jebul kathah. - [Pambibaran Kabupatèn Karanganyar, Batang, Purwokerto](https://javaanseblad.com/pambubaran-kabupaten-karanganyar-batang-purwokerto/): PEKALONGAN – Ing wekdal pungkasan taun 1935 dumateng De Volksraad dipunaturaken 3 rancangan ordonansi babagan pambibaran Kabupatèn Karanganyar, Kabupatèn Batang sáhá Kabupatèn Purwokerto. Salajengipun miturut rancangan ordonansi wau Karanganyar mlebet Kebumèn, Batang dipungabungaken kalih Pekalongan, éwodènten Purwokerto dados satunggal kalih Banyumas, makaten Algemeen Handelsblad voor Nederlandsch-Indië, dinten Setu (09/11/1935). Wonten ing memorie van toelichting (Risalah Katerangan) rancangan ordonansi wau kaserat antawisipun makaten: Kabupatèn Karanganyar nggadhahi wilayah wiyaripun 792 km2 lan cacahipun wargi kirang langkung wonten 407.000. Kabupatèn Kebumèn wiyaripun 554 km2, warginipun 333.200. Sasampunipun dipungabungaken wiyaripun kabupatèn énggal puniká dados 1.345 km2, lajeng warginipun 740.200. Éwodènten kabupatèn Batang lan Pekalongan - [Gelar-gunem Gusti Kanjeng Ratu Máxima 50](https://javaanseblad.com/gunem-pitaken-gusti-kanjeng-ratu-maxima-50/): Máxima puniká priyantun saking Argentina. Kejawi sinau, ugi naté nyaru nganggé wig keliling Walandi, supados saget latihan básá Walandi ing café-cafè. - [17 Mei Gusti Kanjeng Ratu Tanggap Warsá](https://javaanseblad.com/17-mei-gusti-kanjeng-ratu-tanggap-warsa/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima dinten Senèn, 17 Mei 2021 puniká tanggap warsá ingkang kaping 50. Minongká riáyá dipunparingaken 3 foto énggal. Ingkang mundhut utawi motrèt foto-foto wau inggih puniká garwá kinasih Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander piyambak ingkang salajengipun dipunandumaken dumateng media mawi Rijksvoorlichtingsdienst kados ingkang dipuntampi déning Het Javaanse Blad, dinten Ngahad (16/5/2021). Foto-foto ingkang bènten-bènten wau dipunpundhut ing taman Kraton Huis ten Bosch awal sasi Mei punika. Wonten ing 2 foto Gusti Kanjeng Ratu ketingal ngagem coltrui warni pethak, lajeng ing satunggal foto sanèsipun piyambakipun ngagem jas corak coklat kothak-kothak. Sadèrèngipun Gusti Kanjeng Ratu Máxima sampun - [Dermatolog: Asring Cuci Astá Saget Kénging Èksém](https://javaanseblad.com/dermatolog-asring-cuci-asta-saget-kenging-eksem/): Sarèhning asring nyuci astá wekdal pagebluk Covid-19, kulit astá dados garing, gampil kénging èksém lajeng saget mrèmbèt. - [Ing Walandi Idul Fitri Dipunwastani Suikerfeest](https://javaanseblad.com/ing-walandi-idul-fitri-dipunwastani-suikerfeest/): Temtu kémawon nami Suikerfeest boten mathuk kaliyan tegesipun Idul Fitri miturut agami. - [12% Non-Muslim Walandi Sarujuk Idul Fitri Dados Dinten Riáyá Resmi](https://javaanseblad.com/12-non-muslim-walandi-sarujuk-idul-fitri-dados-dinten-riaya-resmi/): Cacahipun 12% non-muslim ing Walandi sarujuk menawi Idul Fitri dados dinten riáyá resmi nasional. Responden muslim 63% sarujuk. - [Punápá Kitá Saben Dinten Kedah Mlampah 10.000 Jangkah?](https://javaanseblad.com/punapa-kita-saben-dinten-kedah-mlampah-10-000-jangkah/): Miturut Prof. Dr. Wim Derave saget nyegah 25 penyakit, antawisipun kanker, jantung, stroke, kolèsterol inggil, dugi diabetes tipe II. - [Karsá Susut Lemak Langkung Kathah? Ngunjuk Èsprèsso](https://javaanseblad.com/karsa-susut-lemak-langkung-kathah-ngunjuk-espresso/): Dosisipun 3 mg/kg BB. Èfèk paling saé inggih puniká manawi ngunjuk 2 cangkir kopi saring, utawi 1 cangkir alit èsprèsso. - [Gusti Kanjeng Ratu Ngrawuhi Orasi Párá Profesor PCL](https://javaanseblad.com/gusti-kanjeng-ratu-ngrawuhi-orasi-para-profesor-pcl/): Párá profèsor wau inggih puniká pangastá Prins Claus Leerstoel Prof. Gustavo García López lan Prof. Seye Abimbola. - [Ngarsá Dalem Mbika Pamèran Batur Tukon ing Rijksmuseum](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-mbika-pameran-batur-tukon-ing-rijksmuseum/): Ngarsá Dalem badhé mbika paméran Slavernij (Batur Tukon, red) ing Rijksmuseum, Amsterdam, mangké dinten Selásá siang. - [Ngrawuhi Syuting Film “De Oost”, Film Perang Kamardhikan](https://javaanseblad.com/ngrawuhi-syuting-film-de-oost-film-perang-kamardhikan/): Film ‘De Oost’. Kanggé kulá piyambak ugi wigatos. Éyang kulá ugi ndhèrèk perang nglawan Walandi ing antawis taun-taun 1946-1947. - [Dutá Ageng Tuwi Kraton Pralambang Tentrem lan Adil ing Donyá](https://javaanseblad.com/duta-ageng-tilik-kraton-pralambang-tentrem-lan-adil-ing-donya/): Dugi wekdal sapuniká kulá rumaos bagyá saget nyambramani Dutá Ageng Mesir Hatem Elsayed Mohamed Kamaleldin, sáhá Dutá Ageng Panama Elizabeth Ward Neiman. - [Ratu Paring Restu Langkung Kathah Piwulang Musik](https://javaanseblad.com/ratu-paring-restu-langkung-kathah-piwulang-musik/): Kanjeng Gusti Ratu Maxima karsá rawuh ing riáyá prajanjian piwulangan musik kanggé sekolah SD ing provinsi Groningen, Friesland lan Drenthe. - [Menteri: Sekolah Langkung Dangu Kanggé Nyusul Katilaran](https://javaanseblad.com/menteri-sekolah-langkung-dangu-kangge-nyusul-katilaran/): Sekolah SD/Tengahan kénging paring pamulangan utawi jam sekolah langkung dangu kanggé nyusul katilaran, amargi Corona. - [Andum 20.000 Dhahar Buká ing Belgia](https://javaanseblad.com/andum-20-000-dhahar-buka-ing-belgia/): Naliká Ramadan sakirangipun 20.000 dhaharan anget saben dinten dipunandumaken déning umat Islam ing Brussel, Belgia. - [Walandi Badhé Nganggé Kartu QR Bébas Corona](https://javaanseblad.com/walandi-badhe-ngangge-kartu-qr-bebas-corona/): Walandi sareng kaliyan nagari-nagari Uni Eropa badhé ngetrapaken kartu kode QR ingkang dados bukti bébas saking virus Corona. - [Dinten Ibu lan Lockdown, Toko Sekar Kuwalahan](https://javaanseblad.com/dinten-ibu-lan-lockdown-toko-sekar-kuwalahan/): Toko-toko sekar ing Walandi kuwalahan ngadhepi pesenan bukèt sekar kanggé nyambut Dinten Ibu mbénjing Ngahad. - [Belgia Nglonggaraken Lockdown](https://javaanseblad.com/belgia-nglonggaraken-lockdown/): Sasampunipun lockdown wiwit 19 Oktober 2020, réstoran café ing Belgia kénging bika malih, wiwit dinten sapuniká, Setu (8/5/2021). - [Walandi Eksportir Kasil Tanèn No 2 Sajagad](https://javaanseblad.com/walandi-eksportir-kasil-tanen-no-2-sajagad/): Nagari Walandi puniká alit, wiyaripun namung 41.865 km2, nanging saget dados nagari eksportir kasil tanèn paling ageng nomer 2 sajagad. - [Sampun Wancinipun Dhahar Pangan Organik](https://javaanseblad.com/sampun-wancinipun-dhahar-pangan-organik/): Ing Walandi sapuniká tanèn organik cacahipun sampun ngantos 5% saking produksi pangan nasional lan ongkánipun tansah tuwuh. - [Mbalèlá Protokol Corona, Maréchaussée Cepeng 6 Penumpang](https://javaanseblad.com/mbalela-protokol-corona-marechaussee-cepeng-6-penumpang/): De Koninklijke Maréchaussée nyepeng 6 penumpang ing bandara Schiphol, Amsterdam, amargi mbalélá protokol Corona tur damel kisruh. - [Turas Sembarangan Kasruduk Cèlèng, Tatu 60 Jahitan](https://javaanseblad.com/turas-sembarangan-kasruduk-celeng-tatu-60-jahitan/): Ampun sembarangan menawi kabelet turas ing Walandi, langkung aman madosi pom bensin, kados dipunalami déning André Struijk puniká. - [4 Mei, Mrèngeti Ingkang Gugur Jaman Perang](https://javaanseblad.com/4-mei-mrengeti-ingkang-gugur-jaman-perang/): Wekdal sapuniká sedáyá ingkang gugur naliká pasulayan militèr kados ing Nederlands-Indië (Indonesia), Libanon, Bosnia, Afghanistan, Mali ugi dipunprèngeti. - [Naté Mungsuhi, Joram van Klaveren Malah Mlebet Islam](https://javaanseblad.com/nate-mungsuhi-joram-van-klaveren-malah-mlebet-islam/): Sareng Geert Wilders, Joram van Klaveren naté mungsuhi Islam kanthi sanget. Naliká nyerat buku anti-Islam, piyambakipun malah milih mlebet Islam. - [Ageman Párá Putri Oranje, Koningsdag 2021](https://javaanseblad.com/koningsdag-2021-ageman-para-putri/): EINDHOVEN – Punikà busáná ageman Putri Amalia, Putri Alexia, sáhá Putri Ariane naliká riáyá Koningsdag 2021, antawisipun label Natan, Zara, H&M, Majé, lan Marina Raphael, sebagéan ngagem kagunganipun Kanjeng Ratu. Senaosá dèrèng saget kados wekdal normal sadèrèngipun pagebluk Covid-19, riáyá Koningsdag dinten tanggap warsá Ngarsa Dalem Rájá Willem-Alexander (54) ing 27 April 2021 sampun kalaksanan kanthi sumringah. Kaluwargi kraton ngagem busáná pista rawuh ing Eindhoven, kuthá ingkang kadhapuk minongká pusering Koningsdag 2021. Putri Amalia, Putri Alexia sáhá Putri Ariane milih ngagem gathukan antawis high-street kaliyan high-fashion, kalebet aksésori ngampil kagunganipun ibu, Kanjeng Ratu Maxima. Putri Amalia, putri pati ingkang bakal - [Jampi Dalima Pethak, Jampi Teki](https://javaanseblad.com/jampi-dalima-pethak-jampi-teki/): Saking pawartosipun sasakit kolera ing nagari Surákartá sapuniká sampun kathah sudanipun, ananging sakiwatengenipun nagari sangsáyá sanget. - [Amsterdam Netepaken Pranatan Bebáyá](https://javaanseblad.com/amsterdam-netepaken-pranatan-bebaya/): Pamréntah kutháprájá Amsterdam netepaken pranatan bebáyá ingkang maringi pulisi wewenang ngglédhah párá kawulá babagan gaman, mercon lan alkohol. - [Kabinèt Batal Nglonggaraken Pranatan Corona](https://javaanseblad.com/kabinet-batal-nglonggaraken-pranatan-corona/): Kabinèt batal nambah nglonggaraken lockdown. Rembugan ing Catshuis, dalem resmi perdana menteri ing Den Haag, bénjing Ngahad ugi boten siyos. - [Kenpetai Nederlands-Indië, Djokjakarta](https://javaanseblad.com/kenpetai-nederlands-indie-djokjakarta/): DEN HAAG – Foto komandan Kenpeitai, pulisi militèr minongká bagéan saking pasukan Kaisar Jepang, ing Djokjakarta. Pasukan puniká ngagem tetenger pita kain pethak ing lengen kiwá kanthi seratan aksárá Jepang tembung makaten: Kenpeitai ingkang dipunkajrihi, ngastá tugas madosi sinten kémawon ingkang anti-Jepang. Kejawi makaten, pulisi militèr puniká ugi kuwaos nyepeng piyambakipun ingkang nglawan pamréntah, sáhá ngawat-ngawati Jepang sáhá kekriyan politik nasional. Ing Jawi wekdal semanten wonten 700 Kenpeitai. Miturut teksiran wonten 15.000 wargi ingkang dipuncepeng pasukan puniká, antawisipun 5.000 dipunpejahi, sawetawis 7.000 sanèsipun sedá ing bui ingkang kahananipun awon sanget.  Naliká perang sangsáyá mbablas lan Jepang sangsáyá kuwalahen, raos kuwatos - [Paméran Foto Walandi Naliká Jaman Perang](https://javaanseblad.com/pameran-foto-walandi-nalika-jaman-perang/): Ing Tweede Kamer dipunawontenaken Pamèran Foto Jaman Perang. Pangarsá Khadija Arib sareng diwan juri mirsani foto-foto wau ing Hotel de Wereld, Wageningen. - [Keukenhof Taman Sekar Tulip Wanci Pandemi](https://javaanseblad.com/keukenhof-taman-sekar-tulip-wanci-pandemi/): Pamréntah Walandi paring dhawuh dumateng Keukenhof bilih taman sekar tulip puniká dèrèng kénging bika kados sadèrèngipun pandemi Covid-19. - [28 April Pamréntah Walandi Nglonggaraken Lockdown](https://javaanseblad.com/28-april-pamrentah-walandi-nglonggaraken-lockdown/): Pamréntah Walandi wiwit dinten Rebo, 28/4/2021, resmi nglonggaraken pranatan kanggé nanggulangi pagebluk Corona. - [April Paling Asrep Wiwit 1986](https://javaanseblad.com/april-paling-asrep-wiwit-1986/): April taun 2021 puniká senaosá kathah sunar suryá nanging wulan paling asrep wiwit 1986, kanthi suhu rátá-rátá 6,7 derajat. - [Nyetir Sinambi Ngemil Dhendhá Rp 4 Juta](https://javaanseblad.com/nyetir-sinambi-ngemil-dhendha-rp-4-juta/): Sinten konangan nyetir mobil sinambi ngemil utawi nyepeng ponsèl kénging dhendhá Rp 4 juta, amargi mbebayani lalulintas. - [Kuthá Eindhoven Dados Pusering Koningsdag 2021](https://javaanseblad.com/kutha-eindhoven-dados-pusering-koningsdag-2021/): Kuthá Eindhoven dados pusering riáyá Koningsdag 2021. Ngarsá Dalem sakeluargi rawuh ing kuthá ingkang misuwur minongká Kuthá Cahyá. - [Koningsdag, 27 April Ngarsá Dalem Tanggap Warsá](https://javaanseblad.com/koningsdag-27-april-ngarsa-dalem-tanggap-warsa/): Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander dinten sapuniká Selásá, 27 April 2021 tanggap warsá ingkang kaping 54, dipunwastani Koningsdag - [Lewis’ Rijwielhandel Pekalongan](https://javaanseblad.com/lewis-rijwielhandel-pekalongan/): Lewis’ Rijwielhandel (Toko Sepéda Lewis) dinten sapuniká sampun mbika cabang ing Pekalongan, sadéanipun merk-merk Raleigh sáhá Harley’s. - [Lairipun Gerakan Pramuka Pribumi Pekalongan](https://javaanseblad.com/lairipun-gerakan-pramuka-pribumi-pekalongan/): Kalangan pribumi Pekalongan damel gerakan pramuka mawi payung De Vereeniging Nederlandsch Indische Padvinders (VNIP) dinten Ngahad, 22 Oktober 1933. - [Korupsi ing Subah](https://javaanseblad.com/korupsi-ing-subah/): Mawi dhawuh Asisten Résidèn Pekalongan mantri pajeg ing Subah ingkang nami Soewadi dipuncepeng amargi tumindak korupsi ngethet artá. - [Jerman Nglarang Wargi India Mlebet](https://javaanseblad.com/jerman-nglarang-wargi-india-mlebet/): Jerman mawi Menkes Jens Spahn paring wara-wara bilih wiwit dinten Ngahad malem Senèn wargi India boten kénging mlebet wilayahipun. - [6 Pitutur Ramadan Séhat](https://javaanseblad.com/6-pitutur-ramadan-sehat/): Puniká pitutur siyam Ramadan saking ahli gizi Fatma Alakay, ahli pangan Iris Groenenberg, ahli jasmani Maureen Ros, ugi Pakumpulan Dokter Walandi. - [Iftar Ramadan ing Griyá Mawon](https://javaanseblad.com/iftar-ramadan-ing-griya-mawon/): Het Contactorgaan Moslims en Overheid/CMO dhawuh umat Muslim buká siyam Ramadan ing griyá mawon, sareng-sareng kaluargi. - [FMS: Vaksin Covid-19 Aman Kanggé Bumil](https://javaanseblad.com/vaksin-covid-19-aman-kangge-bumil/): Párá ibu ingkang bobot utawi ibu hamil aman pikantuk suntik vaksin Covid-19, makaten Federatie Medisch Specialisten. - [Putrá Belgia Stijn Mlebet Islam Amargi Bismillah](https://javaanseblad.com/putra-belgia-stijn-mlebet-islam-amargi-bismillah/): Namung satunggal ayat Al-Quran bismillahir rahmanir rahim (kanthi asmá Gusti Allah ingkang Máhá Asih, Máhá Welas) saget ndamel putrá Belgia puniká mlebet Islam. - [Debat Tweede Kamer Babagan Corona](https://javaanseblad.com/debat-tweede-kamer-babagan-jam-malem-corona/): Debat Tweede Kamer babagan kahanan pagebluk Corona dinten Kemis (22/4) saget dipunpirsani live! Ing mriki. - [Bèntenipun Sado, Délman, Bèndi, Dokar, Glindhing, Andhong](https://javaanseblad.com/bentenipun-sado-delman-bendi-dokar-glindhing-andhong/): DEN HAAG – Kathah ingkang dèrèng pirsá bèntenipun sado, délman, bèndi, dokar, glindhing, andhong. Seratan puniká saget mangsuli ugi nambah kawruh. Sado saking tembung dos-á-dos, tegesipun pengkeran ngadhep pengkeran (ngoko: geger ngadhep geger, adu geger). Kados naminipun, puniká kerétá alit 2 penumpang, penumpang ngadhep wingking, adu pengkeran kalih kusir. Délman saking tembung Deeleman, ngagem asmanipun insinyur Amsterdam: Charles Théodore Deeleman (1823-1884). Ir. Deeleman ngrancang kerétá langkung ageng saking Sado, saget mbétá 4 penumpang, adhep-adhepan 2-2 sisih kiwá tengen (E. Sanders, 1993); Eponiemenwoordenboek: Woorden die teruggaan op historische personen, Amsterdam). Ing pinten-pinten panggénan délman puniká dipunwastani bènten-bènten miturut dialèk dhaérahipun, kados - [Kacilakan Kali Banger 1932](https://javaanseblad.com/kacilakan-kali-banger-1932/): PEKALONGAN – Satunggaling dogcar (dokar, red) dinten Jemuah dipuntabrak ing kretek ageng Kali Banger, antawis Batang lan Pekalongan, déning mobil H 6121 saking Semarang, ngantos kapetek dugi pinggir margi. Makaten kapethik saking De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Senèn (31/10/1932). Mobil wau risak ing bagéan spatbord (Jawi: slébor), sawetawis dokar wau tugel kajeng boom-ipun. Apes tinemu apes, satunggaling laré pribumi kirang langkung 12 taun kénging dokar wau, kajeng boom ingkang tugel kénging padharan bagéan andhapipun, ndadosaken tatu ingkang jero. Déning priyantun Eropa ingkang nitih mobil wau, korban dipunbetá dateng Griyá Sakit ing Pekalongan - [Wedono Subah](https://javaanseblad.com/wedono-subah/): Dinten énjing sapuniká Raad van Justitie paring vonis ing perkawis Raden Moer Hadikoesoemo manten wedono Subah. - [Ngarsá Dalem Kersá Nampi Serat Piandel Dutá Ageng Thailand](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-kersa-nampi-serat-piandel-duta-ageng-thailand/): Ngarsá Dalem Willem-Alexander badhé nampi seerat-serat piandel Dutá Ageng Thailand Chatri Archjananun wonten ing Kraton Noordeinde, Den Haag, mangké dinten Rebo. - [Mlebet Walandi Dèrèng Kénging Amargi Corona](https://javaanseblad.com/mlebet-walandi-dereng-kenging-amargi-corona/): Wonten pranatan larangan mlebet mriki saking Uni Eropa, ugi kalebet wilayah Schengen, tegesipun ugi boten saget mlebet wilayah Walandi. - [Rékor Cacahipun Tawon ing Walandi](https://javaanseblad.com/rekor-cacahipun-tawon-ing-walandi/): Cacahipun wonten 192.401 tawon ing tanah Walandi, makaten kasilipun Pangétangan Tawon Nasional 2021. - [Eduard Cousin Babagan Tradisi Kuliner Ramadan](https://javaanseblad.com/eduard-cousin-babagan-tradisi-kuliner-ramadan/): Eduard Cousin nyariosaken babagan tradisi kuliner Ramadan ing Mesir, lan pripun kahanan kuthá Kairo salebeting Ramadan. - [Wiwit Sapuniká Sidang Kabinèt Badhé Dipunbabaraken](https://javaanseblad.com/wiwit-sapunika-sidang-kabinet-badhe-dipunbabaraken/): PM Mark Rutte nyaguhi makaten wonten ing dinten naliká kabinèt dipunbibaraken lajeng demisionèr amargi masalah tunjangan. - [1933, Perang És Indramayu](https://javaanseblad.com/1933-perang-es-indramayu/): Reginipun ès dados anjlok saking 1,5 gulden dados 0,20 dugi 0,30 gulden per pond. Malah regi ècèran ing dhusun-dhusun ngantos 1/2 sèn per pond. - [Dr. Jacqui van Kemenade: Siyam Séhat, Saget Nyegah Diabetes](https://javaanseblad.com/dr-jacqui-van-kemenade-siyam-sehat-saget-nyegah-diabetes/): Siyam puniká séhat tur malih saget nyegah sakit Diabetes Tipe 2, makaten Dr. Jacqui van Kemenade babagan siyam. - [Walandi Dèrèng Badhé Nglonggaraken Lockdown](https://javaanseblad.com/walandi-dereng-badhe-nglonggaraken-lockdown/): Kabinèt nembé badhé mundhut jangkah nglonggaraken lockdown menawi mindhakipun ongká Coroná sampun sirep. - [Prof. Peppelenbosch: Siyam Saé Kanggé Ati Sáhá Usus](https://javaanseblad.com/prof-peppelenbosch-siyam-sae-kangge-ati-saha-usus/): Saking saénipun saénggá Guru Besar Penyakit Waduk, Usus, lan Ati Prof. Peppelenbosch mrayogéaken nilar dhahar siang. - [Marianne Vorthoren Mlebet Islam Jalaran Adzan](https://javaanseblad.com/marianne-vorthoren-mlebet-islam-amargi-adzan/): Marianne Vorthoren (39), saking kaluargi Protèstan, dipunbaptis miturut Protèstan, lajeng mlebet Islam jalaran adzan. - [Ramadan Sangsáyá Bentèr Sangsáyá Saé](https://javaanseblad.com/ramadan-sangsaya-benter-sangsaya-sae/): Ramadan puniká ujian, dados sangsáyá bentèr sangsáyá saé. Emna Boukottaya (41). - [Ramadan ing Walandi 13 April, 5 Pitakènan](https://javaanseblad.com/ramadan-ing-walandi-13-april-5-pitakenan/): 900.000 umat Muslim ing Walandi badhé nglampahi siyam Ramadan dinten Selásá, 13 April. Gangsal pitakènan - [Pasaréan Pangéran Philip, Meghan lan PM Johnson Boten Rawuh](https://javaanseblad.com/pasarean-pangeran-philip-meghan-lan-pm-johnson-boten-rawuh/): Pasaréan Pangéran Philip mangké dinten Setu, 17 April, makaten Kraton Buckingham. Meghan lan PM Boris Johnson boten rawuh. - [Kabinèt nDhapuk Dutá Ageng](https://javaanseblad.com/kabinet-ndhapuk-duta-ageng/): Kabinèt mangsuli usul panyuwunipun Menteri Mancánegari Blok sarujuk ndhapuk sekawan Dutá Ageng. - [Tjeenk Willink: Rutte Saget Nglajengaken Dados Perdana Menteri](https://javaanseblad.com/tjeenk-willink-rutte-saget-nglajengaken-dados-perdana-menteri/): Panjenengan boten kénging mbiji priyantun ingkang sampun sedásá taun dados Perdana Menteri minongká boten kagungan kautaman. - [Matematika: Sakedhik Siswá SD Walandi Saget Pikantuk Biji Saé](https://javaanseblad.com/matematika-sakedhik-siswa-sd-walandi-saget-pikantuk-biji-sae/): Amargi piwulangan Matematika wau kirang mathuk kalih potensi párá siswá, makaten kaserat ing lapuran Peil.Rekenen-Wiskunde, dinten Jemuah. - [Pangéran Philip Sédá](https://javaanseblad.com/pangeran-philip-seda/): Dipunaturaken 41 tembakan salvo kados sédanipun Ratu Victoria (1901), Winston Churchill (1965). Panjenengan saget atur belásungkáwá ing mriki. - [Vera Bergkamp Dados Pangarsá Énggal Tweede Kamer](https://javaanseblad.com/vera-bergkamp-dados-pangarsa-enggal-tweede-kamer/): Vera Bergkamp (D66) kadapuk dados pangarsá énggal Tweede Kamer. Piyambakipun pikantuk 74 saking 139 swanten. - [Ngarsá Dalem Kersá Nampi Serat Piandel Dutá Filipina](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-kersa-nampi-serat-piandel-duta-filipina/): Ngarsá Dalem Willem-Alexander kersá nampi serat piandel Dutá Ageng Filipina lan Kolombia ing Kraton Noordeinde dinten Rebo. - [Taruná Partai Boten Kersá Mark Rutte Malih](https://javaanseblad.com/taruna-partai-boten-kersa-mark-rutte-malih/): Organisasi taruná partai politik menggalih bilih kabinèt énggal pimpinan Mark Rutte samangké sanès pilihan. - [Sorogan 4: Pitakènan](https://javaanseblad.com/sorogan-4-pitakenan/): Kapan krambilipun Wati ageng? Punápá belo kalih pedhètipun Mugiharso dèrèng pajeng? - [Rawuh Rapat, Mendagri Kajsa Ollongren Kénging Virus Corona](https://javaanseblad.com/mendagri-kajsa-ollongren-kenging-virus-corona/): Mendagri demisioner Karin Hildur (Kajsa) Ollongren positif ketularan virus Corona. - [Gubernur Jenderal Naté Mampir Pekalongan](https://javaanseblad.com/gubernur-jenderal-nate-mampir-pekalongan/): Gubernur Jenderal pirsá bilih párá Bupati ing Jawi boten marem lan kuwatos kécalan kalenggahanipun. - [Sorogan 3: Kosok Balèn](https://javaanseblad.com/sorogan-3-kosok-balen/): Tembung ingkang gadhah teges walikan kaliyan tembung sanèsipun (tegengesteld van betekenis) - [Ratu Tuwi Kriyá nDandani Krisis Pagebluk Corona](https://javaanseblad.com/ratu-tilik-kriya-ndandani-krisis-pagebluk-corona/): Tilik kriyá puniká minongká mertandhani pamegaran pangarepan kriyá sadangunipun krisis pagebluk Corona. - [1901: Rendheng, Klidang Dugi Tersono Jebol](https://javaanseblad.com/1901-rendheng-klidang-dugi-tersono-jebol/): Risak margi ing Klidang, ugi Limpung-Tersono-Plantungan, Petungkerep, Doro-Yosorejo dugi Lebakbarang. - [Ratu Tuwi Kriyá Nederlands Dans Theater](https://javaanseblad.com/ratu-tilik-kriya-nederlands-dans-theater/): Tilik kriyá puniká minongká tetenger tumrap pitakènan pripun pakumpulan puniká saget tetep madeg ing mongsá pagebluk. - [Ngarsá Dalem Nampi Serat Piandel](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-nampi-layang-piandel/): Layang piandel párá Dutá Ageng boten dipunaturaken langsung dumateng Ngarsá Dalem, nanging dipunsèlèhaken ing satunggaling méjá. - [1898: Wewangunanipun Kreteg Kalikutho Batang](https://javaanseblad.com/1898-wewangunanipun-kreteg-kalikutho/): PEKALONGAN – Puniká gambar wewangunanipun Kalikoethobrug (brug = kreteg, Kalikuthobrug = Kreteg Kalikutho) déning Semarang-Cheribon Stoomtram Maatschappij/SCS (Perusahaan Karétá Latu Semarang-Cirebon), boten tebih saking Batang, babaran taun 1898. Gambar-gambar puniká sáhá sedáyá hak ciptanipun kagunganipun Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde (KITLV), Universitas Leiden, dipunaturaken kanggé babaran ing mriki miturut lisensi CC. - [Ratu Tuwi Kriyá Yayasan Laré Klambrangan](https://javaanseblad.com/ratu-tilik-kriya-yayasan-lare-klambrangan/): Kanthi cárá makaten, párá laré wau saget ngginaaken tenaganipun kanggé sekolah utawi makaryá. - [1868: Manggihi Jisim Walandi ing Pacinan Surábáyá](https://javaanseblad.com/1868-manggihi-jisimipun-walandi-ing-pacinan-surabaya/): Kálá wingi énjing saweg kendel jam gangsal, tiyang manggihi jisimipun Walandi ing Pacinan Surábáyá. - [KNMI: Bebáyá Kode Jené, Angin Prahárá 100 Km/Jam](https://javaanseblad.com/knmi-bebaya-kode-jene-angin-prahara-100-km-jam/): Tanah Walandi dinten sapuniká kénging prahárá ngantos kekiyatan 10 skala Beaufort. Pinten-pinten truk ageng ciláká. - [1918: Peken Batang Gantosipun Peken Klidang](https://javaanseblad.com/1918-peken-batang-gantosipun-peken-klidang/): PEKALONGAN – Kanggé nggantosaken peken Klidang (sadèrèngipun: Peken Klidang Resmi Tutup) ingkang sampun risak, peken énggal ing Batang sapuniká sampun rampung lan saget dipunanggèni, makaten De Preanger Bode, dinten Jemuah (11/01/1918). Peken puniká kalenggahanipun boten tebih saking tengah kuthá (sapuniká sisih kiwá margi ageng Jl. Jend. Sudirman, arah Pekalongan-Semarang, red), sareng kaliyan stasiun énggal ingkang sapuniká langkung radi tebih, saénggá kuthá Batang dados tambah wiyar. satá, ngoko: tembako, mbako Miturut De Preanger Bode, párá wargi Ciná ing Batang maringi sumbangsih ingkang boten sakedhik anggènipun ngraméaken dedagangan sáhá lalulintas, ugi saget dipuntingali saking pinten-pinten grobag sewá ing plataran stasiun. Ibukuthá distrik - [Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Dhateng Inspecteur-Generaal der Krijgsmacht](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-tilik-kriya-dhateng-inspecteur-generaal-der-krijgsmacht/): Ngarsá Dalem antawisipun kersá nampi Luitenant-Generaal der Mariniers Frank van Sprang sáhá Kolonel CKM Mathon Heuts. - [Klidang, Depok, Ciláká Mbedhag Cèlèng](https://javaanseblad.com/klidang-depok-cilaka-mbedhag-celeng/): PEKALONGAN – Sasi kapengker ing Batang kedadosan kacilakan mbedhag, ingkang akibatipun juru bedhag, satunggaling priyantun Ciná, tilar donyá, makaten De Locomotief (6/6/1902). Kalih priyantun Walandi lan sami kathahipun priyantun Ciná tindak mbedhag cèlèng wonten ing alas alang-alang caket dhusun Depok. Satunggal cèlèng ageng dipunpejahi, sawetawis satunggaling priyantun Ciná wau mbedhil 2 cèlèng alit, lajeng badhé nggantung cèlèng wau wonten ing satunggaling wit, supados boten kanggé rayahan segawon-segawon pamburu. Naliká piyambakipun taksih nindakaken makaten, bedhilipun jinis tromplader kaliber ageng, dhawah lajeng mungel mbedhil, péloripun nembus pamenthangan kiwánipun. Satunggaling réncang mbedhag wekdal semanten ugi énggal tindak dhateng Kapitein Ciná ing Klidang, lajeng - [Tingalan Jumenengan Dalem](https://javaanseblad.com/tingalan-jumenengan-dalem/): Sangsáyá tambah wekdal jumenengan Ngarsá Dalem, sangsáyá kathah berkah ingkang ngambrah-ambrah. - [Ratu Paring Pidato ing Dinten Wanitá](https://javaanseblad.com/ratu-paring-pidato-ing-dinten-wanita/): Dhawuhipun Ratu, pambiayaan brayan digital kanggé párá wanitá minongká piranti ndandosi ékonomi sasampunipun pagebluk. - [Balapan Manuk Dárá Pekalongan-Weltevreden](https://javaanseblad.com/balapan-manuk-dara-pekalongan-weltevreden/): Dinten Ngahad kálá wingi wonten balapan dárá pos Pekalongan-Weltevreden (sapuniká Mèntèng, Jakarta), tebihipun 325 km. - [Kuthá Kuná Jaman Fir’aun Kepanggih ing Mesir](https://javaanseblad.com/kutha-kuna-jaman-firaun-kepanggih-ing-mesir/): Kejawi barang-barang sadinten-dinten kados kendhil, oven, ugi kepanggih patung-patung sáhá artefak sanèsipun. - [Putri Irène: Monggo nDèrèk Nanem Tetuwuhan](https://javaanseblad.com/putri-irene-monggo-nderek-nanem-tetuwuhan/): Kita sami kagungan tanggung jawab tumrap gesang ing bumi, pramilá kitá kedah damel pilihan. - [Pabrik Gendhis Kalimati, Setu, 13-02-1892](https://javaanseblad.com/pabrik-gendhis-kalimati-setu-13-02-1892/): PEKALONGAN – Naamlooze Vennootschap Cultuurmaatschappij Kalimati (PT Pakebonan Kalimati), pabrik gendhis, sapuniká RSUD Kalisari. Mbah Buyut dugi taun 1980-an abad kapengker taksih ketentá nyebat “pabrik”, “Sawahan puniká caket pabrik.” Minongká lampiran tambahan Staatsblad 1858 nomer 17 taun 1892 dipunwedalaken statuta Naamlooze Vennootschap Cultuurmaatschappij Kalimati (PT Pakebonan Kalimati, red), ingkang tujunipun nggarap pakebonan tebu kanggé pabrik gendhis Kalimati, sapuniká RSUD Kalisari, kalenggahan ing kabupaten Batang, karesidènan Pekalongan, makaten dipunpethik saking Java-bode, dinten Setu (13/2/1892) Panèn taun 1892 mlampah sedayanipun kanggé bathi lan ruginipun perusahaan, sedáyá biaya ingkang dipun wedalaken sadèrèngipun pendamelan perusahaan, sadèrèngipun panèn taun 1892, sáhá taun-taun salajengipun, komplit kalih - [Kaluargi Ngarsá Dalem Remen Nyepéda](https://javaanseblad.com/kaluargi-ngarsa-dalem-remen-nyepeda/): Kaluargi trah Oranje ing Walandi sampun misuwur remen nyepéda, nitih pit. - [Salásá Kliwon Kaping 21 Jumadilakir Jé 1822](https://javaanseblad.com/salasa-kliwon-kaping-21-jumadilakir-je-1822/): Jam pitu sonten kulá dumugi ing pamedan Mangkunagaran, ing riku titiyang ingkang sami ningali sampun andher. - [Pajek Gendhis Awit Januari 2024](https://javaanseblad.com/pajek-gendhis-awit-januari-2024/): DEN HAAG – Pajek gendhis bakal kawiwitan mangké dinten 1 Januari 2024. Cola, sari woh-wohan, jajanan, bir tanpá alkohol lan unjukan sanèsipun ingkang manis bakal tambah awis. 80% panganan ing supermarkèt boten séhat AVGG (Alliantie Voeding voor de Gezonde Generatie) Jalaranipun wonten suikertaks, inggih puniká pajek tambahan tumrap produk-produk sarwá manis, kanggé nanggulangi obésitas sáhá resiko kaséhatan kasebab gendhis.  Pamaréntah menggalih bilih menawi regi produk-produk ingkang kathah ngandhut gendhis sangsáyá awis mawi pajek tambahan, konsumsi bakal mandhap, bakal kirang. Cekak aosipun mawi pajek puniká konsumsi produk-produk makaten saget dirèm. Puniká wigatos sanget sarèhning obésitas dados masalah ageng ing Walandi. Senaosá - [Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung](https://javaanseblad.com/inlander-udud-klobot-klaras-kawung/): SOLO – Inlander udud klobot, klaras, kawung. Priyantun Walandi ududipun merk Mignot & De Block: Fleur de Amsterdam, Van Nelle, Kansas, Blue Ribbon, Richmond, Ardath. Tradisi udud sanès kabudayan bongsá pribumi Nuswantárá, nanging niru bongsá Walandi ingkang nepangaken udud saking tradisi bongsá Indian, Amérika. satá = mbako (ngoko) Het Javaanse Blad Bongsá Walandi udud pipá cangklong, cerutu, pegánipun wangi semribit, awis sanget. Utawi udud ‘witte sigaretten‘ (rokok putih, rokok pethak). Kadostá merk De Olifant VOC saking De Oude Leeuw, lajeng cerutu damelan Mignot & De Block: Princesas, Fleur de Amsterdam, Fleur de la Hollande, Sublimes, La Semeuse lan Pelikaan. Lajeng udud rokok - [PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi](https://javaanseblad.com/pm-walandi-tuwi-zelensky-sasampunipun-jokowi/): DEN HAAG – PM Walandi Mark Rutte tuwi dateng Ukraina, sasampunipun Presidèn Jokowi. Minongká sokongan tumrap Presidèn Volodymyr Zelensky sáhá kawulá Ukraina. Puniká tuwi PM Rutte ingkang kaping sapindhah sasampunipun invasi Rusia, Ferbuari kapungkur. Piyambakipun rawuh ing Kyev dinten Senèn, suryá kaping 11 Juli 2022. “Piyambakipun mawi tuwi puniká ngaturaken dukungan dumateng kawulá Ukraina sáhá pamréntahan Presidèn Zelensky, ingkang wekdal siangipun karsá ngendikan bilateral,” makaten siaran RTL Nieuws. Miturut Rutte, mirsani foto-foto ugi damel prihatin, nanging sasampunipun rawuh piyambak ing mriká, nembé saget ngraosaken pripun akibatipun perang. “Anyaksèni kahanan ancur, párá kawulá ingkang kapeksan ngungsi nilaraken sedayanipun, sedáyá wau namung - ['Marikangen' Rokok Top Priyantun Solo](https://javaanseblad.com/marikangen-rokok-top-priyantun-solo/): SOLO – ‘Marikangen’ rokok utami andelan priyantun Solo jaman Walandi. Nganggé cengkèh impor saking Zanzibar, reginipun sawungkus 1 sèn isi 4 rokok.  Pabrik rokok ‘Marikangen’ kalenggahan ing pinggir margi Daendels arah Semarang-Kartásurá. Pabrikipun saget katitèn mawi seratan ‘Marikangen’ ing bagéan ngajeng. Tiyang Jawi lan Tionghoa ing Jawi-Tengah, Jogja, Surákartá, Jawi-Kilèn sampun raket kalihan ‘Marikangen’, amargi sadinten rátá-rátá ngudud 20 rokok puniká. Wonten pilihan saus tunggal utawi dobel, nganggé cengkèh ingkang misuwur saking Zanzibar, lajeng pegonipun mawi raos éco dipunsedhot dugi paru-paru. Rokok Énggal Dirèktur ugi ingkang kagungan pabrik rokok paling ageng ing Surákartá puniká Ong-Siang Tjoen. Piyambakipun naté dados astá-tengenipun - [NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran](https://javaanseblad.com/nato-ngadhepi-kasunyatan-jaman-genjot-anggaran/): MADRID – NATO ngadhepi kasunyatan jaman, antawisipun ancaman Rusia. Kabinèt Walandi bakal nambah anggaran angkatan perang 2% supados mathuk kalihan norma NATO. PM Mark Rutte ngendiká makaten naliká ngrawuhi KTT NATO ing Madrid, mawi NPO Radio 1, dinten Kemis suryá kaping 30 Juni 2022. “Kitá kedah nambah blánjá angkatan perang, dados kanthi makaten saget netepi norma NATO ingkang 2% ing tahun 2024-2025,” ngendiká Rutte. Rutte nglajengaken, manawi ékonomi mangké tansah tuwuh, prosèntase wau bakal mandhap malih. Pokokipun kedah wonten langkung kathah anggaran kanggé angkatan perang.  “Nanging puniká formil taksih kedah dipunputusaken déning kabinèt. Kulá kinten politis boten badhé wonten masalah,” - [Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18](https://javaanseblad.com/putri-ingrid-ambal-warsa-kaping-18/): OSLO – Putri Ingrid Alexandra ambal warsá kaping 18. Ngarsá Dalem Willem-Alexander, Gusti Kanjeng Ratu Máxima, sáhá Putri Amalia ugi rawuh ndèrèk ngurmati. “Ngarsá Dalem, Gusti Kanjeng Ratu, sáhá Gusti Kanjeng Putri ugi rawuh ing galadiner ngurmati ambal warsá Gusti Kanjeng Putri Ingrid Alexandra ing Kraton Oslo,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst (17/6/2022). diadém = tiara diadeem; Sijs, Nicoline van der (2010), Etymologiebank Galadiner wau dipunawontenaken ing Kraton Oslo, Norwegia. Gusti Kanjeng Putri Ingrid Alexandra puniká putri mbajeng Pangéran Pati Haakon Magnus tuwin Putri Mette-Marit. Putri Ingrid ngastá garis kaping kalih trah panerus dampar Karajan Norwegia sasampunipun kang rámá, Pangéran Pati Haakon Magnius. - [Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-ngaturi-dinner-korps-diplomatik/): AMSTERDAM – Ngarsá Dalem Willem-Alexander sareng Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngaturi galadiner dumateng Corps Diplomatique ing Kraton Amsterdam mangké dinten Rebo dalu suryá kaping 22 Juni. Sadangunipun galadiner Ngarsá Dalem badhé paring pidato, kados sampun dados tradisi. Taun puniká irah-irahanipun babagan politik sáhá pamréntahan. galadiner = pasamuan ageng Galadiner puniká minongká kanggé nguri-uri lan ngiataken gegayutan internasional tuwin nggathukaken párá tamu saking Walandi piyambak lan saking máncá. Kejawi 150 perwakilan saking máncá ing Walandi lan Brussel, ugi wonten 100 wakil pamréntahan saking Walandi piyambak ingkang dipunaturi rawuh. Galadiner tahun-tahun kapungkur antawisipun ngaturaken irah-irahan ing babagan seni lan kabudayan, hukum internasional - [Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak](https://javaanseblad.com/putri-beatrix-paring-anugerah-anyelir-perak/): AMSTERDAM – Gusti Kanjeng Putri Beatrix paring anugerah Zilveren Anjers (Anyelir Perak) ing Kraton Amsterdam, dinten Kemis suryá kaping 9 Juni 2022. Anugerah saking Prins Bernhard Cultuurfonds (Yayasan Kabudayan Pangéran Bernhard) puniká dipunparingaken dateng Daphne Wassink, Klaas Post sáhá Adolf Kock. Daphne Wassink kathah jasanipun tumrap Paguyuban Koor Walandi. Sasampunipun sepen pinten-pinten sasi amargi pandemi Covid-19, paguyuban puniká saget nembang malih amargi Wassink. Klaas Post mbangun lan mbiayai kolèksi 10.000 fosil mamalia laut ingkang wigatos sanget kanggé Natuurhistorisch Museum Rotterdam (Muséum Sejarah Alam Rotterdam). “Kolèksinipun migunani kanggé ngèlmu kawruh sáhá sèktor muséum sejarah alam,” makaten kados dipunaturaken Rijksvoorlichtingsdienst dateng Het - [Ratu Máxima - Presidèn ECB Rembag Bebrayan](https://javaanseblad.com/ratu-maxima-nampi-presiden-lagarde-rembag-bebrayan/): AMSTERDAM – Ratu Máxima nampi Presidèn ECB Lagarde ngrembag bebrayan. Taksih wonten 1,7 milyar tiyang dèrèng pikantuk layanan. Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngendikan sareng presidèn Europese Centrale Bank (ECB) Christine Lagarde ing Rijksmuseum Amsterdam, dinten Rebo dalu suryá 8/6/2022. Kekalihipun ngrembag babagan pambiayaan bebrayan, makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá dateng Het Javaanse Blad. Gusti Kanjeng Ratu rawuh minongká advokat Sèkjèn PBB bidang pambiayaan bebrayan kanggé pembangunan (UNSGSA). Gusti Kanjeng Ratu Máxima sáhá Lagarde antawisipun ngendikan babagan CBDC, inggih puniká artá digital saking bank séntral. Piranti puniká maringi kamungkinan énggal kanggé tetiyang lan perusahaan sáhá mbiyantu pangginaan jásá pambiayaan ingkang sangsáyá - [Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik](https://javaanseblad.com/kraton-noordeinde-bika-kangge-para-kawula/): DEN HAAG – Kraton Noordeinde sáhá Istal Kraton bika malih kanggé párá kawulá saben dinten Setu kawiwitan mangké suryá kaping 23 Juli. Wonten ing Kraton Noordeinde saget dipunpirsani ingkang nami Corps de Logis, antawisipun Grote Balzaal (Bangsal Ageng) lan Balkonkamer (Kamar Balkon). Sawetawis ing Istal Kraton antawisipun saget dipunpirsani De Gouden Koets (Karétá Kencáná), De Glazen Koets (Karétá Kácá) lan De Koninklijke Bus (Bis Kraton). Tamu bakal pikantuk piknik multimedia gratis ingkang ngemu sambutan Ngarsá Dalem sáhá cariyos Abdi Dalem Kraton babagan pakaryan ing kraton. Kraton Noordeinde Kraton Noordeinde kalenggahan ing Den Haag inggih puniká kraton ingkang dados kantoripun Ngarsá - [Ratu Elizabeth Ngunjuk Tèh Sareng Paddington](https://javaanseblad.com/ratu-elizabeth-ngunjuk-teh-sareng-paddington/): LONDON – Ratu Elizabeth II (96) mprèngeti jumenenganipun ingkang kaping 70 mawi ngunjuk tèh sareng beruang Paddington. Videonipun pikantuk èwonan like. Gusti Kanjeng Ratu nampi beruang Paddington ing Kastil Windsor lan maringi pirsá isi tas piyambakipun. Foto lan video Ratu sareng Paddington wau lajeng dados headline serat kabar-serat kabar Inggris. “Matur nuwun sampun karsá nampi kulá, mugi-mugi panjenengan pikantuk ambal warsá jumenengan ingkang berkah,” makaten Paddington matur dumateng Ratu. Kados Pundi Dipuntampi Ratu? Sowan necis ngadhep Gusti Kanjeng Ratu mawi unggah-ungguh kraton ndadosaken Paddington malah gugup boten kinten-kinten.  “Tèh?“ Ratu ngaturi, lajeng Paddington ngunjuk tèh langsung saking téko. Mirsani kados - [Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus ](https://javaanseblad.com/rokok-ing-walandi-bakal-rp-620-440-sawungkus/): DEN HAAG – Rokok ing Tanah Walandi badhé dipunundhakaken reginipun déning kabinèt dados € 40 (Rp 620.440) sawungkus, dhemi generasi bèbas rokok. Kirang langkung 20% kawulá Walandi wekdal sapuniká taksih udud. Ing taun 2040 mangké ongká wau kedah sangsáyá kirang lan perkawis regi wigatos sanget kanggé ngerèm tiyang udud, makaten kabinèt. “Pamréntah ngarsaaken prosentasé wau saget mandhap dugi 5%, pramilá kitá sapuniká nyiapaken pranatan énggal. Paling èfèktif nggih pranatan regi, kados kitá pirsani ing Australia,” makaten sumber kabinèt. satá = mbako krámá inggil: satá, ngoko: mbako Ing mriká, Australia, sapuniká regi bahan udud saking satá puniká rátá-rátá € 25 (Rp - [Ngarsá Dalem Pinarak Incognito Mlebet Wandé](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-tanpa-wara-wara-pinarak-mlebet-wande/): VALKENBURG – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander tanpá wárá-wárá rawuh ing Valkenburg, mlebet wandé dhahar bacon kaliyan tigan, lajeng mbayar piyambak. Ngarsá Dalem dipunambit Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngagètaken rawuh tuwi tanpá wárá-wárá dateng kutháprájá Valkenburg ingkang katerjang banjir taun kapungkur.  Piyambakipun kekalih antawisipun pinarak ing toko ès krim Botterweck kagunganipun Ferry Philippi, ingkang nembé bika malih sasampuniun rampung dipundandani. “Inggih leres, Ngarsá Dalem sareng Gusti Kanjeng Ratu pinarak mriki. Puniká kulá taksih degdegan sanget,” ngendiká Philippi sasampunipun Rájá Willem-Alexander nilaraken panggènan kados kapethik saking Hart van Nederland dinten Ngahad (29/5/2022). Sadèrèngipun Philippi pikantuk telepon réservasi saking kutháprájá punápá piyambakipun saget - [GKR Máxima Ngrawuhi WEF Davos](https://javaanseblad.com/gkr-maxima-ngrawuhi-world-economic-forum-davos/): DAVOS – Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngrawuhi World Economic Forum (WEF) ing Davos, Swiss (24-25 Mei). Ratu antawisipun ngendikan bilateral kaliyan párá wakil pamréntah, swastá, organisasi pambangunan internasional, ugi ngrawuhi sidang-sidang pléno. Gusti Kanjeng Ratu Máxima rawuh minongká advokat khusus Sekretaris Jénderal PBB babagan Bebrayan Pambiayaan kanggé Pambangunan (UNSGSA), makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad. Salah satunggaling dhawuh Ratu ingkang paling wigatos inggih puniká layanan pambiayaan digital kanggé ndorong pambiayaan ingkang séhat sáhá mbangun ékonomi. Pandemi Corona sampun nedhahaken pripun wigatosipun párá kawulá saget pikantuk layanan pambiayaan digital. Salajengipun babagan kados fintech bebrayan sáhá pambiayaan bebrayan - [Peperduur Saking Mricá, Awis Sanget ](https://javaanseblad.com/peperduur-saking-mrica-awis-sanget/): DEN HAAG – Peperduur saking mricá. Sampun pirsá bilih ing Eropa jaman Abad Tengahan mricá (Piper nigrum) awis sanget, ugi naté dados alat bayar? Inggih dados alat bayar ingkang sah, antawisipun kanggé mbayar maskawin, pajek, dugi dol tinuku griyá, ugi langkung awis tinimbang emas-pérak. sawer = ulá (ngoko) Het Javaanse Blad Párá Ratu lan bandárá sami dhawuh dumateng prajurit supados njagi “emas cemeng” puniká siang dalu, ewodènten párá priyantun sugih biasa nyimpen ing sak busananipun, makaten kaserat ing Historianet. Mricá lan Mitos Ugi wekdal semanten, jaman Abad 15, tiyang-tiyang Eropa menggalih bilih wiji ingkang saget kanggé bumbu lan obat puniká - [Jawoh Seminggu 1940, Pekalongan Banjir](https://javaanseblad.com/1940-jawoh-seminggu-pekalongan-banjir/): PEKALONGAN – Jawoh sampun seminggu boten mandheg ing Pekalongan lan wilayah saputeranipun. Kasilipun: kampung-kampung ing dalem kuthá dados banjir.  Kados tuladhanipun menawi badhé mlebet kampung Bendan, Sobrahan kedah cincing ageman dugi pupu supados boten teles, makaten De Locomotief dinten Kemis (25/1/1940). Sarèhning jawoh boten mandheg ndadosaken lepèn Kali Pekalongan mlubèr, miturut lapuran sampun mundhut korban satunggal. Monggo sami dedongá mugi-mugi kretek Loji kiat saget nahan terjangan toyá. Salajengipun Kali Pèntjongan ugi muntab banjir. Saking lepèn puniká párá kawulá biasa mundhut wedhi kanggé bangunan. Amargi banjir wau bakul-bakul wedhi ugi kapeksá tutup boten saget makaryá. Ewodènten segárá lèr ombakipun ugi ganas, - [Wilhelmina-Park Pekalongan Panggènan Lomba](https://javaanseblad.com/wilhelmina-park-panggenan-lomba/): PEKALONGAN – Wilhelmina-Park (Taman Wilhelmina) jaman Walandi kanggé panggènan lomba olahraga. Wilhelmina inggih puniká Ratu Walandi éyang buyutipun Rájá Willem-Alexander ingkang jumeneng sapuniká. Sasampunipun mardhiká Wilhelmina-Park, presisipun kalenggahan ing práliman kuthá Pekalongan, dados Taman Bintang Kecil, lajeng THR, sapuniká sampun telas dados pertokoan, kantun sekedhik kanggé Monumèn Juang. Wanci énjing, tim-tim siswá MULO sáhá párá guru sampun nyiapaken lapangan kanggé tandhing mangké siang. Taman Wilhelmina sampun ramé éndah mawi gendérá lan umbul-umbul, ingkang dipunpasang ing pinggir margi lan wit-witan. Lomba Olympische-Oranje-Estafette ingkang ndaftar wonten 10 tim nanging ingkang ndèrèk namung 5 tim, inggih puniká 2 tim saking MULO, 1 tim - [Pangéran Constantijn Nampi Titel Doktor Kinurmatan](https://javaanseblad.com/pangeran-constantijn-nampi-titel-doktor-kinurmatan/): ENSCHEDE – Pangéran Constantijn, adikipun Ngarsá Dalem, pikantuk titel doktor kinurmatan utawi Doktor Honoris Causa saking Universiteit Twente, Enschede dinten Jemuah (20/5). Piyambakipun pikantuk Dr.(H.C.) sarèhning ‘laku-lampahipun minongká Dutá Khusus Techleap ugi maringi tuládhá kanggé majengaken inovasi lan kabudidayan ing Walandi.’ “Ugi pangarsanipun nyiptá gegayuhan nasional ndadosaken salah satunggaling ekosistem startup lan scale-up paling saé ing Eropa,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst, dinten Setu (21/5). Minongká pangaos ageng, Universiteit Twente saben gangsal taun ngaturaken titel Dr.(H.C.) dumateng tetiyang ingkang kagungan jásá ageng tumrap kawruh lan masyarakat. Sesarengan lustrum ingkang kaping 12, titel Dr.(H.C.) dipunaturaken dumateng sinten ingkang sampun ngawujudaken masyarakat digital, kabudidayan, adil, - [Gusti Kanjeng Ratu Máxima 51 Tahun](https://javaanseblad.com/gusti-kanjeng-ratu-maxima-51-taun/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima dinten sapuniká 17 Mei ambal warsá ingkang kaping 51. Nanging boten dipunriyayaaken kanthi ageng kados tahun-tahun ingkang kapungkur. “Sarèhning kaluargi kraton taksih ndèrèk belá sungkáwá,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst (17/5). Dinten Setu kálá wingi asmanipun Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander sakeluargi medal ing réklame lelayu Jan de Beaufort (19), putranipun Frans de Beaufort, réncang caket Ngarsá Dalem. Jan de Beaufort kapundhut minggu kapungkur, lajeng dinten sapuniká badhé dipunsaréaken, kaleresan sareng kaliyan dinten ambal warsanipun Gusti Kanjeng Ratu. Kang Bápá Frans de Beaufort sampun dangu reréncangan kaliyan Ngarsá Dalem, malah dados seksi nikahipun Ngarsá Dalem & Ratu - [Kamar Dagang Amerika 60 Tahun, Ngarsá Dalem Rawuh ](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-rawuh-ing-riyadi-60-taun-kamar-dagang-amerika/): AMSTERDAM – Ngarsá Dalem Willem-Alexander ngrawuhi riyáyá 60 tahun The American Chamber of Commerce (Kamar Dagang Amérika) ing Tanah Walandi (AmCham). Ugi rawuh Pangarsá Sénat Walandi Jan Anthonie Bruijn, Menteri Ékonomi Micky Adriaansens, Staatssecretaris Fiskal lan Pajek Marnix van Rij, Chargé d’Affaires a.i Kedubes AS Marja Verloop, 550 anggota lan tamu sanèsipun. Sadèrèngipun, Ngarsá Dalem salebeting riyáyá ing Theater Amsterdam (25/5) wau ugi ngendikan kaliyan párá punggáwá AmCham, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad. Kamar dagang Amerika ing Walandi mangadeg wiwit taun 1962 kanthi anggota 94 perusahaan Walandi lan Amerika. Sebagéan perusahaan wau sampun boten wonten malih, - [Kalimati Naté Nyumbang Perang Boer ](https://javaanseblad.com/kalimati-nate-nyumbang-perang-boer/): BATANG – Suikerfabriek Kalimati, pabrik gendhis ingkang kalenggahan ing Kalimati (sapuniká Watesalit), naté nyumbang artá kanggé mbiyantu Perang Transvaal utawi Perang Boer ingkang kaping kalih (1899-1902). Perang Boer inggih puniká perang antawis párá tani Republik Afrika Kidul (Transvaal) sareng kaliyan Oranje Vrijstaat (Nagari Mardiká Oranje, red) kalawan Karajan Inggris. Perang puniká minongká akibat mungsuhan antawis párá tani lan priyantun Inggris. Komando bálá surádadu tani ngetrapaken taktik gerilya, lajeng surádadu Inggris mbales nganggé taktik bumi hangus. Kejawi makaten Inggris ugi nganggé kamp konsentrasi, saénggá kathah párá tani ingkang pejah. Sumbangan saking Kalimati wau miyos Komité Wanitá kathahipun 42,10 gulden, lajeng De - [Ngarsá Dalem Nampi Kredensial Dutá Ageng Israël ](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-nampi-kredensial-duta-ageng-israel/): DEN HAAG – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander nampi panyerahan serat-serat kapitadosan saking Dutá Ageng Israël Modi Ephraim. Salajengipun ugi Dutá Ageng Selandia Énggal Susannah Hayden Gordon sáhá Dutá Ageng Yunani Caterina Ghini. Panyerahan serat-serat kapitadosan utawi credential (kredensial) puniká dipunselenggaraaken wonten ing Karaton Noordeinde, Den Haag, dinten Rebo (2/2/2022). Párá Dutá Ageng dipunpethuk lajeng dipundèrèkaken déning kamerheer inggih puniká satunggaling pangageng kraton staf Ngarsá Dalem. Kanggé misi puniká Ngarsá Dalem dhawuh sedyá karétá turánggá kanggé párá Dutá Ageng, lan menawi mathuk, ugi blauw rijtuig kanggé párá staf Dutá Ageng ingkang ndèrèkaken minongká pangiring. Karétá puniká dipuntarik nganggé 2 turánggá, éwodènten - [Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona ](https://javaanseblad.com/lockdown-rampung-wajib-kartu-corona/): DEN HAAG – Kanthi mungkasi lockdown, kabinèt ngarsaaken maringi kamardikan dateng masyarakat sakathah-kathahipun, nanging tetep saget nanggulangi pandemi mawi kartu Corona arupi QR code. “Wekdal sapuniká kitá dèrèng badhé mbuang CR code,” makaten dhawuh Menteri Keséhatan Ernst Kuipers naliká maringi konferènsi pèrs dinten Selásá (25/1/2022) dalu. Miturut Kuipers, kanggé mlebet rèstoran, café, lan acara kabudayan taksih dipunperluaken kartu kontrol arupi 1G, 2G utawi 3G. Pranatan 3G (gevaccineerd, genezen, getest = sampun vaksin, sampun saras, sampun tès, red) párá wargi mawi QR code kedah nedhahaken bilih piyambakipun sampun pikantuk vaksin jangkep, sampun saras saking Covid-19, utawi nembé tès negatif PCR, ingkang - [Walandi Resmi Pungkasi Lockdown ](https://javaanseblad.com/walandi-resmi-pungkasi-lockdown/): DEN HAAG – Wiwit 26 Januari 2022 pamréntah Walandi resmi pungkasi lockdown. Rèstoran, café, sáhá kabudayan kénging bika malih dugi jam 22.00. Makaten ugi bonbin, musea, casino, taman-taman bebingahan, lan tanding olahrágá  saget dipunwiwiti malih kaliyan pamirsá ing stadion. Nanging wonten pundi mawon taksih wajib jagi let 1,5 meter, ugi wajib nganggé masker ing dalem gedhong. Kanggé rèstoran, café, lan kabudayan kartu Corona wajib tumrap sinten mawon wiwit yuswá 13 taun.  “Mawi palonggaran pranatan Corona puniká kabinèt njarag madosi wates-wates ingkang saget dipuntindakeken,” makaten PM Mark Rutte naliká maringi konferènsi pers dinten Selásá (25/1/2022) dalu. Pranatan énggal puniká badhé dipuntrapaken dangunipun - [Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup ](https://javaanseblad.com/kabinet-longgaraken-lockdown-horeca-tetep-tutup/): DEN HAAG – Wiwit dinten Setu, 15 Januari 2022, toko-toko kénging bika malih, nanging dipunwatesi dugi jam 17.00, pelanggan saget mlebet tanpá damel janji. Salajengipun párá pelanggan wajib nganggé masker, ugi jumlah pelanggan ingkang mlebet dipunwatesi mawi ukuran 1 pelanggan per 5 m2. Salon lan panggénan olahraga ugi kénging bika malih.  Nanging rèstoran lan café sáhá gedhong kabudayan taksih kedah tutup 10 dinten malih dugi tanggal 26 Januari 2022. Kabinèt dèrèng maringi idin senaosá wonten unjuk raos ing pinten-pinten panggènan ing Walandi. “Dèrèng wancinipun maringi idin sèktor puniká kanggé bika malih,” makaten PM Mark Rutte naliká ngaturaken konferènsi pèrs dinten - [Omikron Paling Kathah ing Amsterdam](https://javaanseblad.com/omikron-paling-kathah-ing-amsterdam/): AMSTERDAM – Omikron dados varian virus Corona paling kathah ing kuthá Amsterdam. Saking 106 tès positif, 63 utawi 59% péranganipun Omikron, varian ingkang paling nular. “Saking tès paling énggal GGD lan Amsterdam UMC dinten Selásá cacahipun wonten 63 saking 106 sampel tès positif utawi 59% jebul varian Omikron,” makaten data saking Amsterdam Regional Genomic epidemiology and Outbreak Surveillance (ARGOS) ingkang kababar ing Twitter (21/12/2021). Juruwicárá Amsterdam UMC (Amsterdam Universitair Medische Centra) mangsuli dateng serat kabar Het Parool bilih data wau pancèn leres makaten. Het Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu/RIVM (Institut Nasional kanggé Keséhatan lan Lingkungan) mprakiraaken bilih varian Omikron ugi - [Déwan Kutháprájá Pekalongan 1937](https://javaanseblad.com/dewan-kuthapraja-pekalongan-1937/): PEKALONGAN – Déwan Kutháprájá Pekalongan jaman taun 1937 cacahipun wonten 13 anggota, péranganipun: golongan Walandi, pribumi, non-pribumi sanès Walandi. “Adhedhasar beslit Gubernur Jawi Tengah tanggal 24 September 1937 nami-nami ingkang kaserat puniká kadhapuk lenggah ing Regentschapsraad (Déwan Kutháprájá) Pekalongan,” makaten kapethik saking Het Algemeen Handelsblad, dinten Senèn (27/9/1937). Sajangkepipun: A. Golongan kawulá Walandi: (1) M. la Fontailne, pangawas ing Binnenlandsch Bestuur (Kemendagri), gegriyá ing Pekalongan. (2) J. M. Biekart., swasta, gegriyá ing Bandar. (3) H. Deinema, dirèktur utami perusahaan pakebonan Siluwok Sawangan, gegriyá ing Plelen, distrik Subah.  B. Golongan kawulá pribumi sanès Walandi: 1. M. Tjitrosoewarno, pegawé kantor Landraad (Pangadilan) Pekalongan, - [Walandi Lockdown Dugi 14 Januari](https://javaanseblad.com/walandi-lockdown-dugi-14-januari/): DEN HAAG – Sarèhning wonten bebáyá varian Omikron, Walandi lockdown malih wiwit 19 Desember jam 05.00 dugi sakirangipun 14 Januari 2022. Namung toko sembako lan apotik ingkang kénging biká. Makaten dipunaturaken déning Perdana Menteri demisionèr Mark Rutte naliká maringi konferènsi pèrs dinten Setu dalu jam 19.00. Kabinèt sarujuk kaliyan Outbreak Management Team (OMT) ingkang ngaturakan pirembag supados pamréntah netepaken pranatan lockdown kenceng kanggé nanggulangi virus Corona varian Omikron. “Omikron nyebar langkung cepet tinimbang ingkang kitá kinten,” ngendiká PM Rutte kados kapethik saking siaran televisi NOS dinten Setu dalu (18/12/2021). Pramilá wiwit dinten Ngahad énjing jam 05.00 sedáyá toko ingkang sanès - [Putri Beatrix Saras Saking Covid-19](https://javaanseblad.com/putri-beatrix-saras-saking-covid-19/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Beatrix sampun saras malih saking gerah Covid-19, dinas panerangan karajan Rijksvoorlichtingsdienst (RVD) ngabaraken. Gusti Kanjeng Putri Beatrix sampun boten gerah malih lan kénging medal saking isolasi. Putri Beatrix dinten Setu ingkang kapungkur positif tès Corona lajeng wiwit wekdal semanten ing griyá mawon nglampahi isolasi kanthi gejala flu. Putri Beatrix ngaturaken matur sembah nuwun dumateng sedáyá kawigatosan ingkang sampun dipunaturaken naliká piyambakipun gerah, makaten serat pawartá RVD ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad. Saè-saé Mawon Sadèrèngipun Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander minggu wekdal sapuniká sampun ngendiká bilih gerahipun kang ibu boten pati nguwatosaken. Miturut Ngarsá Dalem kahananipun - [Putri Oranje Jangkep 18 Tahun, Ridder lan Huisorde](https://javaanseblad.com/putri-oranje-jangkep-18-taun-ridder-lan-huisorde/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Catharina-Amalia Beatrix Carmen Victoria, Prinses van Oranje, Prinses der Nederlanden, Prinses van Oranje-Nassau dinten sapuniká jangkep 18 taun. Makaten serat pawartá saking Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten Selásá (7/12/2021). Sareng prèngetan dinten tanggap warsá piyambakipun, Ngarsá Dalem maringi gendérá pakurmatan kanggé Putri Oranje. Salajengipun Ngarsá Dalem ugi jumenengaken Putri Oranje dados Ridder Grootkruis in de Orde van de Nederlandse Leeuw sáhá Ridder in de Huisorde van den Gouden Leeuw van Nassau. Minongká panerus dampar Karajan Walandi, Putri Oranje wiwit yuswá 18 taun pikantuk kalenggahan ing Raad van State (Déwan Pirembag Ageng). Piyambakipun - [Putri Amalia 18 Tahun, Resmi Bakal Jumeneng Nátá](https://javaanseblad.com/putri-amalia-18-taun-resmi-bakal-jumeneng-nata/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Amalia jangkep yuswá 18 taun bakal owah gesangipun boten kados sawaunipun: piyambakipun resmi sawekdal-wekdal saget jumeneng dados Ratu. “Nembé 18, taksih tebih kanggé kulá. Kulá boten pati menggalih. 18, kulá tetep kados biasanipun, biasa mawon,” makaten Putri Oranje mangsuli pitakènan media prekawis yuswanipun jangkep 18 taun. Dampar Manawi sawekdal-wekdal Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander kapundhut, pramilá Putri Oranje ingkang badhé nerasaken dampar Karajan Walandi dados Ratu. Nanging Putri Amalia naliká guneman kaliyan Claudia de Breij ngendiká bilih piyambakipun amargi taksih 18 taun langkung remen ngaturaken dampar wau dumateng ibu: Gusti Kanjeng Ratu Maxima.  Miturut Peter - [Putri Beatrix Positif Covid-19](https://javaanseblad.com/putri-beatrix-positif-covid-19/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Beatrix positif tès Corona. Piyambakipun ngraos flu sakedhik lajeng dhawuh tès, kasilipun jebul positif Covid-19. Kabar ibu Ngarsá Dalem Willem-Alexander positif tès Corona wau dipunbabaraken déning Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten Setu (4/12/2021) dalu jam 21.07. “Putri Beatrix wekdal sapuniká ing dalem nindakaken isolasi sáhá netepi paugeran kanggé tiyang-tiyang ingkang positif tès. Sawetawis tiyang-tiyang ingkang gegayutan caket kaliyan Putri Batrix sedayanipun sampun dipunparingi pirsá,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst, dinas panyuluhan pamréntah Karajan Walandi. Gusti Kanjeng Putri Beatrix (83) minggu kálá wingi nembé mawon kundur saking tuwi kriyá dateng Curaçao. Kapethik saking - [Banjir 1901, Bupati: Margi Klidang Dugi Tersono Risak](https://javaanseblad.com/banjir-1901-margi-klidang-dugi-tersono-risak/): PEKALONGAN – Amargi banjir dinten Jemuah-Setu tanggal 1 lan 2 Februari kajawi kathah kretek dhusun, tanggul, lan pintu toyá ingkang jebol ugi kretek ageng ing margi Limpung-Tersono lan Tersono-Plantungan, saénggá boten saget kanggé miyos lalulintas, makaten Bupati Pekalongan ngaturaken kados kapethik saking Soerabaijasch Handelsblad (18/3/1901). Sarèhning banjir, sebagéan margi dateng Klidang risak, lajeng margi énggal ing Petungkerep caket halte karétá Roban, kecamatan Subah, ugi margi ageng Doro-Yosorejo, Yosorejo-Pasanggrahan Petungkriono lan Yosorejo-Kayupuning, lajeng margi Lebakbarang-Ketingkrang sáhá Lebakbarang-Karanganyar. Ugi wonten kadadosan siti longsor, saénggá kathah sabin risak lan ancur.  Amargi jawoh deres lan toyá muntab inggil pinten-pinten kretek, margi, tanggul sáhá taneman - [Austria Lockdown 10 Dinten](https://javaanseblad.com/austria-lockdown-10-dinten/): WINA – Austria ingkang wekdal sapuniká paling kathah panularan Corona sa-Éropa, nindakaken lockdown dangunipun 10 dinten wiwit dinten Senèn (14/11). elar, ngelar = verlengen Kajawi makaten wiwit tanggal 1 Februari 2022 ugi wajib vaksinasi kanggé saben kawulá Austria, sinten dèrèng suntik vaksin Covid-19 bakal dipunwajibaken, makaten Kanselir Alexander Schallenberg ngaturaken kados kapethik saking Algemeen Dablad. “Bakal wonten wajib vaksinasi nasional. Kitá sampun nyobi nanging boten saget ngeyakinaken cekap kathah wargi supados mundhut vaksin,” makaten Kanselir Schallenberg. Jumlah wargi Austria ingkang sampun pikantuk vaksin dosis jangkep sapuniká namung 65%. Wiwit dinten Senèn bénjing sinten ingkang dèrèng pikantuk vaksin bakal kénging lockdown - [Ngarsá Dalem Ngrawuhi Balletgala Kaping 23](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-ngrawuhi-balletgala-kaping-23/): AMSTERDAM – Ngarsá Dalem sáhá Gusti Kanjeng Putri Beatrix der Nederlanden sami ngrawuhi Nederlands Balletgala kaping 23 déning Stichting Dansersfonds ‘79 (Yayasan Bándhá Panantun ‘79) wonten ing gedhong DeLaMar, Amsterdam, dinten Senèn dalu utawi Selásá (16/11) WIB. Nederlands Balletgala tahun sapuniká dipunaturaken dateng sedáyá panantun Walandi sáhá párá panantun ingkang makaryá ing Walandi, ingkang ngalami kasisahan anggènipun latihan utawi nantun sarèhning wonten krisis Corona. Naliká Balletgala wonten antawisipun pasugatan saking Het Nationale Ballet, de Junior Company saking Het Nationale Ballet, Nederlands Dans Theater, Introdans, Scapino Ballet Rotterdam lan Conny Janssen Danst.  Ugi sadangunipun gala dipunaturaken ganjaran kanggé párá panantun ingkang - [Walandi Netepaken Pranatan Énggal Corona](https://javaanseblad.com/walandi-lockdown-sebagean-setu-13-november/): DEN HAAG – Kabinèt demisionèr Walandi netepaken pranatan ènggal arupi lockdown sebagéan kanggé ngerèm panyebaran virus Corona ingkang muntab malih. Pranatan énggal wau dipunaturaken déning Perdana Menteri Mark Rutte sareng kaliyan Menkes Hugo de Jonge mawi konferènsi pèrs ing Den Haag dinten Jemuah dalu utawi Setu énjing (13/12) WIB. Pranatan puniká katerapaken langsung dinten Setu 13 Nopember 2021 jam 18.00 sakirangipun dugi dinten Setu 4 Desèmber, nanging taksih nenggá pangesahan saking Tweede Kamer (parlemèn). Kabinèt badhé mriksá kahanan malih mangké tanggal 3 Desèmber. Cekak aosipun pranatan énggal wau makaten: Kedah njagi let malih 1,5 meter ing panggènan-panggènan ingkang boten wajib - [Pangukuh Pranatan Walandi Kénging Ngagem Jilbab](https://javaanseblad.com/pangukuh-pranatan-walandi-kenging-ngagem-jilbab/): UTRECHT – Juru pangukuh lan pangawat-awat pranatan ing Walandi, presisipun kutháprájá Utrecht, wiwit mongsá bentèr taun ngajeng kénging nganggé jilbab utawi keppel (kopiah Yahudi) minongká bagéan seragam resmi. Utrecht dados kutháprájá ing Walandi ingkang kaping sepindhah njangkah dugi pranatan wau, makaten serat kabar Algemeen Dagblad kados kapethik Het Javaanse Blad dinten Jemuah (12/11). Miturut pranatan wekdal sapuniká, párá pangukuh pranatan kutháprájá ing Walandi boten kénging ngagem pasemon agami ingkang nyolok cethá kados jilbab utawi keppel (kopiah Yahudi, red). Nanging Déwan Kutháprájá Utrecht naliká rembagan dinten Kemis dalu (Jemuah énjing wekdal ing Jogja) mawi usul saking partai Denk netepaken badhé ngakhiri - [Corona Muntab Malih, Walandi Semi Lockdown](https://javaanseblad.com/corona-muntab-malih-walandi-semi-lockdown/): DEN HAAG – Kabinèt kempal dadakan dinten Kemis ing Catshuis, dalem resmi Perdana Menteri, boten tebih saking KBRI Den Haag, ngrembag pitedhah saking Outbreak Management Team (OMT) babagan Corona ingkang muntab malih. Ugi dinten Kemis wau RIVM ngaturaken lapuran kathahipun tès positif sedinten mlesat wonten 16.000, paling kathah dugi wekdal sapuniká. Ingkang sadèrèngipun ongká makaten boten dados rembagan mundhut aturan kenceng, kabinèt demisionèr sapuniká mangu-mangu.  Dhawuh Menkes Hugo de Jonge ing Twitter, “Kanggé panjenengan piyambak, tiyang-tiyang saputeran panjenengan, kanggé njagi kamardhikan ingkang sampun karebut malih” Párá menteri naliká rapat alot dugi Kemis dalu wonten ing Catshuis wau boten saget sarujuk - [Ngarsá Dalem Tuwi Kanegaran ing Norwegia](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-tuwi-kanegaran-ing-norwegia/): OSLO – Ngarsá Dalem tuwi kanegaran sareng Gusti Kanjeng Ratu Máxima dateng Karajan Norwegia, dipunaturi déning Ngarsá Dalem Rájá Harald V. Mentri Ben Knapen ndèrèkaken tuwi kanegaran saking dinten Selásá suryá kaping 9 dugi Kemis suryá kaping 11 puniká ing Kraton Oslo sáhá Trondheim. tuwi = tilik (ngoko) kunjungan (Ind) Tuwi kanegaran puniká minongká ngiataken gegayutan antawis Walandi-Norwegia, ingkang ngugemi norma lan unggah-ungguh ingkang sami, sáhá sesarengan ngadhepi tantangan-tantangan ageng internasional. Bilateral Sadangunipun tuwi kanegaran puniká dipunrembag antawisipun babagan gotong-royong bilateral lan internasional, pangowahaning iklim, pangalihan energi lan kalestarèn. Walandi-Norwegia nggatosaken sanget perkawis nagari adedasar pranatan, ing mriku hak-hak asasi - [Walandi Tanpá Kabinèt Sampun 9 Sasi](https://javaanseblad.com/walandi-tanpa-kabinet-9-sasi/): DEN HAAG – Pemilu Karajan Walandi sampun kalampahan tanggal 21 Maret 2021, nanging prosès formasi kabinèt antawis partai VVD ingkang menang pemilu, D66, CDA lan CU, dugi dinten sapuniká taksih alot. Sampun 9 sasi saking pemilu utawi 10 sasi sasampunipun kabinet bibar, demisionèr, taksih dèrèng wonten kabinet. Lajeng kabar formasi kabinèt salajengipun pripun? RTL Nieuws mireng ‘suanten-suanten positif’ babagan prosès formasi wau. Kadosipun minggu ngajeng párá pangarsá partai sampun saget sarujuk perkawis prajanjian koalisi, makaten sumber anyariosaken dateng RTL Nieuws. Sadèrèngipun informatur Wouter Koolmees dinten Senèn ugi sampun optimis (‘Temponipun rembugan formasi inggil sanget, lancar’), makaten ugi pangarsá partai Christen - [Raad van State, Putri Oranje Dipuntepangaken](https://javaanseblad.com/raad-van-state-putri-oranje-dipuntepangaken/): DEN HAAG – Prinses van Oranje (Putri Oranje) kanggé wekdal kaping sepindhah dipuntepangaken ing Raad van State (Déwan Pirembag Ageng) déning Ngarsá Dalem minongká pangarsá, Gusti Kanjeng Ratu Máxima ugi rawuh, mangké dinten Rebo 8 Desember 2021. Pasamuan boten limrah puniká badhé dipunawontenaken ing Balzaal van  Paleis Kneuterdijk (Bangsal Ageng Kraton Kneuterdijk) Den Haag, makaten serat pawarta saking Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad (8/11). Artikel 74 van de Grondwet (Pasal 74 UUD) netepaken bilih ‘panerus makutá’ wiwit yuswá 18 taun pikantuk kalenggahan ing Raad van State. Putri Oranje, pangarsá Raad van State sáhá wakil mr. Thom de Graaf salebeting pasamuan - [PM Rutte Tuwi Yunani, Albania, Macedonia](https://javaanseblad.com/pm-rutte-tuwi-yunani-albania-macedonia/): DEN HAAG – Perdana Menteri Mark Rutte tuwi dateng Yunani, Albania, sáhá Macedonia-Lèr, dinten Selásá-Rebo (9-10/11). Dinten Selásá PM Rutte badhé rawuh ing Yunani rembugan kaliyan PM Mitsotakis antawisipun babagan gegayutan bilateral antawis nagari kekalih, iklim, migrasi, sáhá pananggulangan pagebluk virus Corona, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad, dinten Jemuah (5/11). PM Rutte sareng PM Mitsotakis ugi badhé ngrembug rencáná tuwi kanegaran déning Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander lan Gusti Kanjeng Ratu Máxima mangké dinten Senèn dugi Rebo (13-15 Desèmber 2021). Tuwi kanegaran puniká badhé dipunpungkasi mawi pasegahan resmi. Salajengipun dinten Rebo, 10 november PM Rutte badhé tuwi dateng Albania, antawisipun - [Gusti Kanjeng Ratu Máxima Tuwi Kriyá KTT G20](https://javaanseblad.com/gusti-kanjeng-ratu-maxima-tilik-kriya-ktt-g20/): ROMA – Gusti Kanjeng Ratu Máxima tuwi kriyá dateng KTT G20 ing Roma, dinten Kemis (28/10) siang dugi Ngahad (31/10). Gusti Kanjeng Ratu Máxima rawuh miturut kalenggahanipun minongká advokat khusus Sèkjèn PBB bidang reragad sesarengan kanggé bebangun (UNSGSA) sáhá pangarsá kinurmatan Global Partnership for Financial Inclusion/GPFI (Kamitran Global kanggé Bebayar Sesarengan, red) G20. Italië sapuniká dugi mangké 30 November dados pangarsá G20. Tema saking pangarsá Italia inggih puniká People, Planet and Prosperity (Rakyat, Bumi lan Karaharjan).  Gusti Kanjeng Ratu Máxima sareng kaliyan PM Italia Mario Draghi dinten Setu (30/10) ugi dados tuan rumah acara sisipan G20 inggih puniká Mbiyantu UKM - [Ngarsá Dalem Angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-angresmiaken-depot-boijmans-van-beuningen/): ROTTERDAM – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander karsá angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen ing Rotterdam, dinten Jemuah (5/11) siang.  Puniká depot seni kaping sepindhah sajagad ingkang saget dipuntuwi déning masyarakat, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad. Museum Boijmans Van Beuningen sapuniká tutup sarèhning wonten pangénggalan sáhá dandosan (rénovasi) ageng lan dipunkarsaaken badhé bika malih mangké taun 2028.  Depot seni ing gudhang museum boten aman, kebak sanget lan sampun lawas. Pramilá barang-barang seni wau dipunpindhahaken dateng depot njawi sadèrèngipun museum tutup taun 2019. Kasunyatanipun sanès pilihan menawi kolèksi 151.000 barang seni ingkang awis wau dipunsimpen malih ing museum, dados - [Papréntahan Énggal, Langkung Nemen](https://javaanseblad.com/paprentahan-enggal-langkung-nemen/): AMSTERDAM – Nembé ngraosaken kamardhikan gesang normal, kabinèt demisionèr netepaken papréntahan énggal: wiwit dinten Setu 6/11 wajib nganggé masker malih. Papréntahan énggal wau kados dipuntampi Het Javaanse Blad saking serat pawartá kutháprájá Amsterdam kanthi cekak aos makaten: Masker Wajib nganggé masker tumrap sinten kémawon wiwit yuswá 13 taun naliká: nitih waháná umum utawi mlebet stasiun/terminal/bandara, pabukon, kantor, supermarket, toko, kapsalon, sekolah tengahan dugi sekolah inggil lan universitas, kejawi jam kuliah. Wonten ing panggénan-panggénan ingkang mlebet mriku kedah nedhahaken kode QR utawi kartu Corona boten wajib nganggé masker. Kartu Corona Kartu Corona wiwit dinten Setu, 11 November 2021 ugi wajib ing: - [Stasiun Maastricht, 105 Tahun Nembé Reresmèn](https://javaanseblad.com/stasiun-maastricht-105-taun-nembe-reresmen/): MAASTRICHT – Stasiun Maastricht sampun nampi tiyang lelampahan wiwit taun 1916, nanging dèrèng naté dipunresmiaken amargi Perang Donya (PD) I. Sasampunipun rèstorasi mèh 2 taun dados saé malih, Stasiun Maastricht  nembé pikantuk reresmèn dinten Rebo puniká, 105 taun sasampunipun dipunanggé, makaten Nederlandse Spoorwegen (NS) mbabaraken dinten Rebo (3/11). Rawuh naliká upácárá reresmèn Stasiun Maastricht puniká antawisipun Présidèn Dirèktur NS Marjan Rintel sáhá pamongprájá Alam, Lingkungan lan Warisan Budháyá saking provinsi Limburg Geert Gabriels. Stasiun Maastricht sapuniká pikantuk langkung kathah lampu sáhá kamar, ugi sedáyá kajangkepan ubá rampénipun mathuk kaliyan jaman sapuniká. Kajawi makaten èlemèn-èlemèn jaman dangu ingkang kalebet monumen dipunwangsulaken kados - [Prof. Oomen Mlebet Déwan Pirembug](https://javaanseblad.com/prof-oomen-mlebet-dewan-pirembug/): DEN HAAG – Déwan Menteri sarujuk kaliyan usulipun Menteri Urusan Ngamancá kanggé ngaturaken Prof. Dr. B.M. (Barbara) Oomen sáhá mr (meester in de rechten) H.J.J. (Henne) Schuwer dados anggota Adviesraad Internationale Vraagstukken/AIV (Déwan Pirembug Pitakènan Internasional). mr (meester in de rechten) = S.H (sarjana hukum) mr. Schuwer nggantosaken mr. drs. J.C. (Hans) van Baalen ingkang sampun sedá tanggal 29 April kapungkur. Jumenengan piyambakipun badhé dipunleksanaaken mangké tanggal 1 Désèmber 2021, makaten serat pawartá saking Ministerraad ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad, dinten Jemuah (29/10). Sadèrèngipun mr. Schuwer dugi 2019 makaryá ing Kamentrian Urusan Ngamancá kanthi Uni Eropa lan Hubungan Trans-Atlantik minongká portofolio ingkang - [Regentschapsraad, Wakil Doro: Mas Aboebakar Sastrosoedarso](https://javaanseblad.com/regentschapsraad-wakil-doro-mas-aboebakar-sastrosoedarso/): DORO – Wonten ing pandápá Wedáná distrik Doro dipunawontenaken pamilihan anggota Regentschapsraad (Déwan Kutháprájá) Pekalongan dinten Selásá, 10 Agustus.  Párá kawulá pamilih semrikut rawuh ing kawedanan kanggé tujuan wau, kalebet Bupati Pekalongan ugi karsá rawuh. Sarèhning panyiapanipun saé sedayanipun saget kalaksanan kanthi lancar. Kapilih minongká anggota Déwan Kutháprájá saking Doro inggih puniká Wedáná Doro piyambak: M. Aboebakar Sastrosoedarso, makaten Het Algemeen Handelsblad, dinten Setu (14/8/1937). Sajangkepipun kasil pamilihan anggota Déwan Kutháprájá Pekalongan kanggé periode kalenggahan 1937-1941: DISTRIK ASMÁ WAKIL Pekalongan 1. M. Marjono Danoebroto 2. R. S. Poerwosiswojo Kedungwuni 1. Mas Soerodjo 2. Mas Daim Wiradesa 1. R. Soeprapto 2. - [Sampoerna Theater Bioskop Paling Ageng](https://javaanseblad.com/sampoerna-theater-bioskop-paling-ageng/): SURABAYA – Sampoerna Theater bioskop paling ageng jaman semanten ing Hindia Walandi dipunresmiaken malem Ngahad (29/7/1933). Paresmèn dipunrawuhi kathah tamu undangan mawi muter film kaping sepindhah ing gedhong énggal Sampoerna Theater puniká. Bioskop Sampoerna Theater puniká anak usaha N.V. Handelmaatschappij Sampoerna, produsèn rokok Djie Sam Soe, kagunganipun Liem Seeng Tee, ugi dirèktur. Kejawi Djie Sam Soe, wekdal semanten jaman Walandi rokok damelan N.V. Handelmaatschappij Sampoerna ingkang kondhang inggih puniká merk Dapoean. Arsitèk Job & Sprey Bioskop puniká senaosá kursinipun ageng nganggé let longgar, nanging saget kamot 1.200 penonton lan menawi perlu saget ngantos 1.600 penonton. Wiyaripun 40m x 22m, langkung - [Babad Margi Tembus Pekalongan-Banjarnegara](https://javaanseblad.com/babad-margi-tembus-pekalongan-banjarnegara/): PEKALONGAN – Babad margi tembus Pekalongan-Banjarnegara dipunwiwiti taun 1939, kathahipun 1.100 dugi 1.200 kawulá makaryá saben dinten damel margi puniká. Kados sadèrèngipun sampun dipunbabaraken, dinten tanggal 12 Januari wonten ing Buaran dipunwiwiti pakaryan damel margi Buaran dugi Karangkobar. Wiwitanipun pakaryan puniká dipunrawuhi déning párá pangrèhprájá sáhá partikelir, makaten De Locomotief, dinten Senèn 16 Januari 1939. Miturut pratélan, kanggé pakaryan puniká ugi dipunawontenaken slametan. Sadèrèngipun Bupati Raden Tumenggung Ario Soerjo (jumeneng 1924-1944) mbika kanthi ngaturaken pidato dumateng párá rawuh, antawisipun kados pripun wigatosipun margi puniká kanggé karaharjan párá kawulá. Bupati ugi maringi wawasan cekak aos riwayat pakaryan puniká, kawiwitan saking Gewestelijke - [Eropa Mlebet Wanci Adhem, Wekdal Kaot 6 Jam](https://javaanseblad.com/eropa-mlebet-wanci-adhem-wekdal-kaot-6-jam-2/): DEN HAAG – Saben taun wekdal ing mriki Eropa majeng satunggal jam utawi mundur ugi satunggal jam, inggih punikà naliká mlebet Wanci Adhem (Winter, Musim Dingin) lan Wanci Bentèr (Zomer, Musim Panas). Kapan mlebet wekdal Wanci Adhem? Inggih puniká bénjing dinten Ngahad tanggal 31 Oktober 2021, wekdal badhé mundur satunggal jam saénggá wanci siang langkung cekak, énggal peteng satunggal jam, aliasipun wanci dalu langkung dowi. Presisipun mangké dalu jam 03.00 mundur satunggal jam dados jam 02.00. wiwit dinten Ngahad 31 Oktober 2021 wekdal Amsterdam – Jakarta dados kaot 6 jam Wekdal Wanci Adhem puniká dangunipun 5 sasi, saking dinten Ngahad - [Putri Beatrix Rawuh ing Prèngetan 125 Tahun NCB](https://javaanseblad.com/putri-beatrix-rawuh-ing-prengetan-125-taun-ncb/): DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Beatrix der Nederlanden karsá rawuh ing prèngetan 125 taun Noordbrabantse Christelijke Boerenbond/NCB (Paguyuban Tani Kristen Braband Lèr) wonten ing Museum Paguyuban Tani ing kuthá Gemert mangké tanggal 10 November 2021. Makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten Kemis (28/10). Paguyuban tani puniká dipunadegaken déning pater (pandhitá) Gerlacus van den Elsen taun 1896 kanthi tujuan kanggé majengaken karaharjan párá tani mawi gotong-royong antawis párá tani alit. Wiwit taun 1999, NCB sareng Christelijke Boeren- en Tuindersbond/CBTB (Paguyuban Tani lan Tani Sayuran Kristen) lebur dados organisasi énggal ingkang nami Zuidelijke Land- en Tuinbouw Organisatie/ZLTO - [Peruvian Food Festival Nepangaken Kulinèr Peru](https://javaanseblad.com/peruvian-food-festival-nepangaken-kuliner-peru/): DEN HAAG – Kadutaan Ageng Republik Peru, Leonardo Royal Hotel Den Haag Promenade sáhá Diplomat Magazine sesarengan badhé ngawontenaken The Peruvian Food Festival ing tanah Walandi edisi kaping 4. “Monggo rawuh sáhá manggihi kados pundi Peru ngantos kadhapuk minongká World Leading Culinary Destination (Tujuan Kulinèr Utami sa-Donyá) kaping 8 déning World Travel Awards ingkang prestisius,” makaten serat pawartá Diplomat Magazine ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten Rebo (27/10). Párá rawuh saget nyobi raos otèntik dhaharan Peru tanggal 28-29-30-31 Oktober 2021 namung €39,50 (Rp 651.750) per person. Chef (jurumasak) asli saking Peru Lourdes Pluvinage sareng chef Sido de Brabander bakal rawuh kanggé ndhèrèkaken - [Mlebet Amerika Kedah Sampun Vaksin](https://javaanseblad.com/mlebet-amerika-kedah-sampun-vaksin/): DEN HAAG – Sinten tindak dateng Amerika mawi montor mabur lan sanès wargi Amerika utawi kagungan idin manggèn permanèn, wiwit 8 Novèmber mangké kedah nedhahaken bukti sampun jangkep pikantuk vaksin Covid-19, ugi tès PCR negatif Corona. Kejawi inggih puniká laré-laré kirang umur, ugi tiyang-tiyang ingkang boten kénging pikantuk vaksin amargi alesan medis. Senaosá makaten golongan puniká tetep kedah tes Corona kejawi yuswanipun kirang saking 2 taun. Tès puniká kedah paling telat 24 jam sadèrèngipun tindak mabur. Éwodènten kanggé tiyang-tiyang ingkang sampun pikantuk vaksin lan laré-laré ingkang ndhèrèk tès puniká wau saget dugi 72 jam utawi 3 dinten. Sedáyá maskapai ingkang - [Ngarsá Dalem Nampi Pangarsá Parlemèn Jerman](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-nampi-pangarsa-parlemen-jerman-hasselhof/): DEN HAAG – Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander karsá badhé nampi Bondsraadvoorzitter (Pangarsá Parlemèn Federal Jerman, red) tuwan Reiner Haseloff dinten Rebo bénjing. Makaten serat pawartá saking Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten sapuniká, Selásá (26/10). sampun dados tradisi saben taun  Rijksvoorlichtingsdienst Ngarsá Dalem karsá nampi Pangarsá Parlemèn Federal Jerman Haseloff sareng audiènsi wanci siang wonten ing Paleis Noordeinde (Kraton Noordeinde), Den Haag. Salajengipun Wakil Perdana Menteri De Jonge badhé nampi piyambakipun wonten ing Kamentrian Kaséhatan minongká guneman bilateral.  Wiwit taun 2000 ingkang kapungkur sampun dados tradisi saben taun Pangarsá Parlemen Federal Jerman rawuh imbal balik dateng Walandi, makaten Rijksvoorlichtingsdienst. - [Zaanse Schans, Dhusun Alit Karawuhan 2 Jutá Turis Saben Tahun](https://javaanseblad.com/zaanse-schans-dhusun-alit-karawuhan-2-juta-turis-saben-taun/): ZAANSE SCHANS – Dhusun Zaanse Schans sadèrèngipun pagebluk Corona karawuhan rátá-rátá 2 jutá turis saben taun. Sapuniká párá wargi mriká boten karsá kados makaten malih, nanging kawigatosan antawis párá wargi njomplang sanget. Miturut brosur, Zaanse Schans puniká satunggaling kampung ingkang “unik, ngemu sejarah, kampung molen asli wiwit taun 1850, wiyaripun 4 héktar, kalenggahan ing Kalverpolder, 20 km sisih lèripun Amsterdam. Puniká sanès muséum nanging kampung biasa mlebet kutháprájá Zaandam kanthi kode pos piyambak: 1509, ugi warginipun gegriyá sáhá makaryá ing mriku. Párá turis mardhiká wira-wiri, mirsani muséum bakkerij (parotèn, panggènan pandamelan roti, red), pangecoran timah, muséum wandé Albert Heijn utawi ngrawuhi pandamelan - [Wanci Bediding, Dalu Wau Suhu Mandhap Dugi -0,9 Celsius](https://javaanseblad.com/wanci-bediding-dalu-wau-suhu-mandhap-dugi-09/): DE BILT – Saking kuthá De Bilt wau dalu Jemuah malem Setu ing mongsá herfst (Mongsá Gugur) puniká kaping sepindhah suhu mandhap dugi -0,9° Celsius kaukur 10 cm saking siti. Kanthi makaten tegesipun wanci bediding ing Mongsá Gugur, inggih puniká wanci adhem anyes sampun dados kasunyatan, makaten weer.nl mbabaraken dinten Setu (24/10). Nanging senaosá makaten miturut weer.nl dèrèng ngantos mlebet wanci bediding sawilayah tanah Walandi. Supados saget kasebat makaten kedah sirep adhem dugi saandhaping 0° Celsius kaukur 1,5 meter saking siti (lemah). Sadèrèngipun ing dalu tanggal 15 malem 16 Oktober sasi puniká ugi sampun kedadosan suhu mandhap dugi -0,5° Celsius - [ACEA: Mobil Bènsin ingkang Pajeng Kantun 39,5%](https://javaanseblad.com/acea-mobil-bensin-ingkang-pajeng-kantun-395/): DEN HAAG – Mobil bènsin ingkang pajeng wonten ing Uni Eropa dugi kwartal kaping tigá namung kantun 39,5%, diesel 17,6%, sanèsipun sampun listrik utawi hibrida. Sadéan mobil bènsin lan diesel mrosot tikel-tikel prosèn, makaten data statistik Association des Constructeurs Européens d’Automobiles (Paguyuban Pabrik Mobil Eropa) dinten Jemuah (22/10). Ongká presisipun statistik sadéan mobil énggal ACEA wekdal kwartal kaping tigá (Q3) tahun puniká: mobil bènsin 39,5%, mobil diesel 17,6%, mobil listrik 9,8%, mobil listrik hibrida 20,7%, mobil plug-in hibrida 9,1%, mobil gas alam 0,4%, sanèsipun 2,9%. Utaminipun wonten ing Jerman lan Prancis, sadéan merk-merk ageng ingkang pajeng kathahipun mobil listrik utawi - [1892, Krékatipun Tiyang Kaluwèn](https://javaanseblad.com/1892-krekatipun-tiyang-kaluwen/): SURÁKARTÁ – Sawatawis dinten puniká laminipun ing peken Gadhing wonten tiyang èstri dhasar uwos sartá nyandhing buntelan bagor isi uwos.  Kacariyos sareng sampun sawatawis dangu wonten tiyang jaler kakalih, ingkang satunggal kendel ing pinggir margi, ingkang satunggalipun réwá-réwá ngawis uwos. Sareng ingkang sadé radi kalimpé tiyang ingkang ngawis wau lajeng nyowok uwos saberuk. durcárá = awon tingkah lampahipun Ingkang sadé uwos sumerep lajeng alok sáhá nututi, ananging pun druháká wau sampun sipat kuping lumajeng dhateng margi ing Gorawan. Kocapá, tiyang jaler ingkang kendel pinggir margi trangginas ngangkat buntelan uwos kaplajengaken mangétan.  Mbak ayu dhasar uwos sumerep uwosipun sampun kaplajengaken dumugi - [Andhuk Saking Holland](https://javaanseblad.com/andhuk-saking-holland/): SEMARANG – Tahun 1935 regi andhuk impor saking Holland mlesat inggil amargi wonten ordonansi utawi pranatan kuota.  De Volksraad (DPR jaman Hindia-Walandi, red) sampun nampi rancangan ordonansi utawi pranatan babagan impor andhuk saking Holland. Kuota dipunlajengaken.  Ningali kahanan bilih pranatan impor andhuk ingkang sapuniká kados kaserat ing Invoerverordening Badhanddoeken 1935, Staatsblad No. 171 (Pranatan Impor Andhuk Tahun 1935, Lembaran Negari No. 171) badhé daluwarsá mangké tanggal 17 Maret, pramilá dipunkarsaaken rancangan wau kedah sampun dipuntetepaken dados ordonansi sadèrèngipun tanggal 16 Maret. Adhedhasar kasil saking periode kapungkur ingkang saget dipunprakiraaken dugi 10 sasi, makaten kateranganipun, pramilá jángká wekdal wau mathuk kalih - [Infèksi Jamur ing Pawestrèn? Cobi Yoghurt](https://javaanseblad.com/infeksi-jamur-ing-pawestren-cobi-yoghurt/): DEN HAAG – Sebagéan ibu-ibu saget kènging infèksi jamur Candida ing pawestrèn. Panelitèn ilmiah mbuktiaken bilih yoghurt ampuh ndayagunani kanggé támbá. Yogurt puniká támbá alami ingkang umum cumawis ing griyá kanggé nambani infeksi jamur ing pawestrèn. Panelitèn nedhahaken bilih nganggé supositoria yoghurt saget mbiyantu nanggulangi infeksi wau, makaten Medical News Today kapundhut dinten Kemis (21/10). Pinten-pinten sel ragi jamur lan bakteri saget numpuk ing pawestrèn lajeng dados infeksi jamur naliká jamur ingkang nami Candida jumlahipun langkung kathah. Seratan puniká ngaturaken kawruh babagan yoghurt minongká támbá kanggé nambani infèksi jamur ing pawestrèn, ugi nerangaken cárá nganggénipun ingkang paling ndayagunani. Faktor-faktor ingkang - [Gègèran Gunem-takèn Jurnalis Wanitá Amérika lan Putin](https://javaanseblad.com/gegeran-gunem-taken-jurnalis-wanita-amerika-lan-putin/): DEN HAAG – Satunggaling gunem-takèn antawis jurnalis wanitá Amérika lan Présidèn Vladimir Putin (69) ndamel gègèr negari Rusia. Miturut pinten-pinten media pamréntah, jurnalis wanitá media Amérika CNBC nggih puniká Hadley Gamble tingkah polahipun kados ‘obyèk sèks’ lan nyobi nggodhani Presidèn Putin mawi pasuryanipun ingkang ayu. Putin piyambak ngendiká bilih Gamble, jurnalis wanitá wau, kebangeten ayunipun kanggé mangsuli pitakènan. Gamble (39) piyambak namung saget gemujeng sasampunipun pirsá gègèran puniká. Gunem-takèn antawis Gamble lan Putin kalampahan minggu kálá wingi naliká kempalan kongrès internasional The Russian Energy Week ing Moskow. Saking gambar-gambar ingkang nyebar katingal cethá kados pripun Putin asring nyawang jurnalis Amérika wau. Miturut - [Mentri Grapperhaus: 800 Panggénan Kanggé Wargi Afghan](https://javaanseblad.com/mentri-grapperhaus-800-panggenan-kangge-wargi-afghan/): DEN HAAG – Mentri Yustisi demisionèr Ferd Grapperhaus dhawuh dumateng párá walikuthá supados ènggal ndamel 800 panggènan kanggé pangungsi Afghanistan. Lajeng ing minggu-minggu samangké kedah dipuntambah 1.500 malih, sarèhning kabutuhanipun kathah sanget, makaten Kamentrian Yustisi ngumumaken kados kapethik saking Algemeen Dagblad dinten Selásá (19/10). Mentri Grapperhaus paring dhawuh ing Veiligheidsberaad (Rembugan Kaslametan) minongká wadhah rembugan párá walikuthá saking sedáyá wilayah. Masalahipun miturut kamentrian, kathah panggènan kanggé nampi tiyang-tiyang saking Afghanistan namung kanggé jángká wekdal sakedhap mawon. Dipunbetahaken panggènan ing mriku tiyang-tiyang wau saget manggèn langkung dangu, utaminipun kanggé pangungsi laré alit ingkang mlajar dugi tanah Walandi tanpá kaluargi. Sapuniká ingkang - [Kersanipun Boten Pikun Miturut dr Verhoeff](https://javaanseblad.com/kersanipun-boten-enggal-pikun-miturut-dr-verhoeff/): Pripun caranipun njagi utek tetep ing kahanan top? Kedah dhahar punápá, kapan, pinten kathahipun? Puniká pitutur saking dr Rutger Verhoeff. - [Kopi Bakal Sangsáyá Awis](https://javaanseblad.com/kopi-bakal-sangsaya-awis/): Sinten remen kopi bakal mbayar sangsáyá awis tur raosipun kirang énak, kirang écá, makaten wau akibat owahing iklim. - [Putri Margriet Ngresmiaken Pusering Kateguhan ngadhepi Bencáná](https://javaanseblad.com/putri-margriet-ngresmiaken-pusering-kateguhan-ngadhepi-bencana/): Putri Margriet badhé angresmiaken Pusering Kateguhan ngadhepi Kasangsaran ing fakultas Ngèlmu Geo-Informasi lan Observasi Bumi - [Langkung Sepalih Wargi Eropa Sampun Pikantuk Vaksin Jangkep](https://javaanseblad.com/68-wargi-eropa-sampun-pikantuk-vaksin-jangkep/): Langkung saking sepalih wargi Eropa sapuniká sampun pikantuk vaksin jangkep, makaten pangarsá Komisi Eropa Ursula von der Leyen. - [Menawi Tindak Wingking, Poep Ingkang Séhat Kados Pundi?](https://javaanseblad.com/menawi-tindak-wingking-poep-ingkang-sehat-kados-pundi/): Poep sapuniká pikantuk wigatosan kathah, sangsáyá kathah kawruh, kitá sangsáyá sadhar njagi usus lan flora usus ingkang séhat. - [(Facebook) Ngancem Mentri, Gelá Temu Buri](https://javaanseblad.com/facebook-ngancem-mentri-gela-temu-buri/): Erik van Z., ingkang ngancem mentri Sigrid Kaag mawi Facebook pikantuk vonis bui 5 sasi, pracoban 2 sasi. Piyambakipun ngakèni keduwung. - [Sumber Teori Konspirasi, Pulisi Tutup Kanal Telegram](https://javaanseblad.com/sumber-teori-konspirasi-pulisi-tutup-kanal-telegram/): Nindakaken dhawuh Kajeksan, pulisi nutup 2 kanal guneman aplikasi Telegram. Kanal wau kanggé ngojok-ngojoki nglawan pamongprájá. - [Wargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih](https://javaanseblad.com/sinten-sampun-vaksinasi-saget-mlebet-new-york-malih/): NEW YORK – Wiwit sasi November mangké wargi Uni Eropa ingkang sampun pikantuk vaksin saget mlebet New York malih. Wekdal sapuniká langkung saking 75% wargi New York diwásá sampun pikantuk paling kirang satunggal dosis vaksin. Kanthi puniká kuthá New York sampun dugi ancer-ancer ingkang dipunkersaaken, saènggá pranatan pewatesan-pewatesan saget dipunjabut. Wargi ingkang sampun pikantuk vaksin boten wajib malih nganggé masker ugi boten wajib njagi let malih, saget srawungan normal. Senaosá makaten menawi mlebet bilik umum kados mlebet kantor taksih kedah nganggé masker, ugi menawi nitih angkutan umum, makaten newyork.nl kapethik Het Javaanse Blad dinten Senèn (11/10). Éwodènten mlebet restoran, ngrawungi - [Mlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta](https://javaanseblad.com/mlajar-nabrak-kucing-dendha-rp-194-juta/): Párá wargi ing nungsá (pulau) mriki wiwit dinten sapuniká saget kénging dendhá Rp 194 juta menawi mlajar sasampunipun nabrak kucing. - [6 Pitedhah Emas Saking Gottenbos](https://javaanseblad.com/6-pitedhah-emas-saking-gottenbos/): Puniká 6 pitedhah emas saking ‘dokter poep’ Nienke Gottenbos kersanipun usus panjenengan tetep ing kahanan top lan boten strès. - [Poep Séhat Miturut ‘Dokter Poep’ Gottenbos](https://javaanseblad.com/poep-sehat-miturut-dokter-gottenbos/): Poep ingkang kados pundi ingkang séhat? Dokter Nienke Gottenbos andum kawruh saénggá sinten kémawon saget pikantuk poep ingkang sampurná. - [Den Haag Setop Réklame Produk Fosil](https://javaanseblad.com/den-haag-setop-reklame-produk-fosil/): Kutháprájá Den Haag boten paring idin malih tumrap réklame produk ingkang wonten kaitanipun kalih bahan bakar fosil. - [Uni Eropa Nglarang Bahan Kelir Pangan Puniká](https://javaanseblad.com/uni-eropa-nglarang-bahan-kelir-pangan-punika/): Bahan kelir pethak kode E171 boten kénging malih kanggé bahan pangan, amargi saget ndadosaken kanker usus lan ngrisak lever. - [Nyepéda Dolanan Ponsèl, 850 Kasus Dendhá Per Minggu](https://javaanseblad.com/nyepeda-dolanan-ponsel-850-kasus-dendha-per-minggu/): Pulisi rátá-rátá maringi dendhá kaping 850 per minggu tumrap párá wargi ingkang nyepéda sambi dolanan ponsel utawi hp. - [26.500 Mahasiswa Dèrèng Pikantuk Kamar](https://javaanseblad.com/26-500-mahasiswa-dereng-pikantuk-kamar/): Walandi kekirangan kamar kanggé mahasiswa. Wonten 26.500 mahasiswa dugi dinten sapuniká dèrèng pikantuk kamar. - [Ilmuwan Jerman & Amerika Nampi Hadiah Nobel Bidang Kimia](https://javaanseblad.com/ilmuwan-jerman-amerika-pikantuk-hadiah-nobel-bidang-kimia/): Ilmuwan Jerman Benjamin List (1968) lan ilmuwan Amerika David MacMillan (1968) menang hadiah Nobel taun 2021 bidang kimia kanggé pangembangan katalisator jinis énggal. - [Regi Gas Eropa Tembus Rp 2,6 Juta/MWh](https://javaanseblad.com/regi-gas-eropa-tembus-rp-26-juta-mwh/): Regi gas ten Eropa dinten Rebo tembus €160 (Rp 2,6 juta) per MWh. Mindakipun regi gas miturut párá analis amargi distributor numpuk cadangan. - [Blossom Panache, Bálápecah Kraton Walandi](https://javaanseblad.com/blossom-panache-balapecah-enggal-kraton-walandi/): Kraton Walandi pikantuk bálápecah énggal kanggé staatsbanket (pasugatan ageng) utawi pasugatan sanèsipun ing kraton. - [Ngarsa Dalem Tuwi Tani Kop van Overijssel](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-tilik-kabudidayan-tani-kop-van-overijssel/): Ngarsá Dalem Willem-Alexander kersá tilik kriyá 2 kabudidayan tani ing Kop van Overijssel minongká migatosaken patanèn lan ngrumat alam. - [Kabinèt Setop Pakèt Bantuan Ékonomi Wiwit 1 Oktober](https://javaanseblad.com/kabinet-setop-paket-bantuan-ekonomi-wiwit-1-oktober/): Pakèt bantuan ékonomi ingkang dipunparingaken kanggé ngadhepi krisis Corona dipunakhiri wiwit 1 Oktober, makaten sumber-sumber Den Haag. - [Walandi Sampun Bébas, Nanging Wajib Coronapas](https://javaanseblad.com/walandi-sampun-bebas-nanging-wajib-coronapas/): Kabinet demisioner paring wárá-wárá malih babagan pangowahan beleid Corona, Selásá kapungkur. - [Ngunjuk Kopi Gesang Langkung Dangu](https://javaanseblad.com/ngunjuk-kopi-gesang-langkung-dangu/): AMSTERDAM – Ngunjuk kopi saben dinten gesang langkung dangu, kopi biasa utawi kopi bébas kafèin sami mawon. Makaten tim riset Eropa sareng Amérika ingkang sampun ngumumaken kasil risetipun ing jurnal Annals of Internal Medicine dinten Selásá (15/8/2017). Kanggé riset puniká tim ilmuwan dangunipun 16 taun neliti 521.330  rèsponden saking bènten-bènten negari Eropa. Tim ugi neliti rahipun 14.000 rèsponden lan antawisipun manggihi bilih kelompok ingkang ngunjuk kopi nggadhahi lever langkung séhat. Kejawi makaten kelompok wau ugi langkung sekedhik zat-zat ingkang saget ndadosaken penyakit, ugi langkung sensitif tumrap insulin. Èfèk nglindungi saking kopi presisipun pripun puniká dèrèng cethá. Ewodènten kanggé riset Amérika tim - [1918, Peken Klidang Resmi Tutup](https://javaanseblad.com/1918-peken-klidang-resmi-tutup/): Sarujuk kalihan Komisi Peken, Pangarsá Déwan wilayah Pekalongan ngaturaken supados peken ing Klidang resmi dipuntutup 1 Januari 1918. - [Ijolan ‘Artá Jerman’, Geng Batang Mlebet Landraad](https://javaanseblad.com/ijolan-arta-jerman-geng-batang-mlebet-landraad/): BATANG – Dinten Kemis landraad (pangadilan) ing Batang, Pekalongan, miwiti sidang perkawis pidana kalawan kadakwá Nitisemito, alamat dhusun Pabuaran, distrik Ciledug, pakaryan sudagar; Karsijan, alamat dhusun Denasri Wétan, subdistrik Baros (Batang); Karnan, alamat dhusun Kalipucang Kulon, subdistrik Baros (Batang), pakaryan dagang kéwan; Ansar, alamat kampung Ketung distrik Batang, pakaryan kuli; Koesen dhusun Kauman, pakaryan damel batik. Bilih tiyang-tiyang wau dipundakwá sareng-sareng lan mufakat tumindak jahat sesarengan kalih Sapar ingkang sapuniká dèrèng kacepeng, makathen kados kapethik saking De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Senèn (27/3/1933). Kasebat sadangunipun sasi Juli 1932 kapengker ing pinten-pinten panggènan - [Griyá Raden Ajoe Djaetoen Kasepuhan](https://javaanseblad.com/griya-raden-ajoe-djaetoen-kasepuhan/): BATANG – Kados kuthá-kuthá sanèsipun ing tanah Jawi, Batang kálá rumiyin ugi nggadhahi trah radèn. Wolak-waliking jaman, sapuniká sampun boten ketingal malih. Sadèrèngipun jaman Jepang, ing Kasepuhan, Batang kuthá, taksih wonten tlacak radèn, inggih puniká Raden Ajoe Djaetoen, kados kapethik saking Algemeen Handelsblad voor Nederlandsch-Indië, dinten Kemis (11/6/1931). Handelsblad nyerat bilih wekdal semanten griyanipun Raden Ajoe Djaetoen dipunlèlang amargi serat utang, sajangkepipun makaten: Déning Vendukantoor (kantor lélang) Pekalongan badhé dipunlèlang griyá ing Kasepuhan kagunganipun Raden Ajoe Djaetoen mangké dinten Setu 20 Juni 1931 jam 10.00 énjing, kados dipunmaksud ing persil, arupi: a. Griyá gedhong kanthi hak milik, kagunganipun Raden Ajoe - [1911 Sampun Wonten Pagadéan ing Warungasem](https://javaanseblad.com/1911-sampun-wonten-pagadean-ing-warungasem/): WARUNGASEM – Ing kuthá alit Warungasem sampun wonten pandhuis (griyá pagadéan) negari utawi kagungan pamréntah wiwit taun 1911.  Pagadéan puniká griyá panggènan ngampil artá mawi borg (jaminan arupi barang ingkang aji, red) kanthi jángká wekdal ingkang dipuntemtuaken, lajeng barang wau dipuntebus nganggé rènte, menawi boten dipuntebus, barang jaminan wau dipunlélang. Sarèhning wonten beslit (kaputusan) pamréntah tanggal 10 Februari 1911 No. 53 (Staatblad No. 149) pramilá dipuntemtuaken bilih wiwit tanggal 1 Juli 1911 paleksanan Griyá Pagadéan ing wilayah karésidènan Pekalongan dipunurus déning pamréntah piyambak. Sarujuk kalihan beslit wau, Wakil Direktur Griyá Pagadéan Pamréntah ing Temanggung J. W. Franken dipunmutasi (pindhah) dateng - [Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Museum Foto](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-tilik-kriya-museum-foto/): Ngarsá Dalem karsá tilik kriyá dateng Nederlands Fotomuseum (Muséum Foto Walandi) ing Rotterdam mangké dinten Rebo (9/6/2021). - [1930, Déwan Ngrembag Warungasem dugi Subah](https://javaanseblad.com/1930-dewan-ngrembug-warungasem-dugi-subah/): BATANG – De Regentschapsraad van Batang (Déwan Kabupatèn Batang) badhé ngawontenaken rapat kanggé ngrembug agénda antawisipun pamilihan 2 anggota sareng 2 palaksana tugas dines-dines pamréntahan. Makaten kapethik saking De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Rebo (11/6/1930). pasaréan Pandansari, Warungasem, kanggé párá kawulá Ciná kutháprájá Pekalongan Salajengipun rancangan pangesahan beslit Bupati Batang perkawis pamecatan wakil demang Pasar Plèlèn (distrik Subah) ingkang nami Tjasngad, lan njumenengaken panggantosipun inggih puniká Partomihardjo, wakil demang Pasar Tjomal (Kabupatèn Pemalang). Rancangan pangesahan beslit Bupati Batang perkawis pamecatan Mantri Pangawas M. Koesen lan réwangipun M. Abdoeladi, kekalihipun saking Griyá Pambelèhan - [1917, Pacinan Pekalongan Boten Netepi Pranatan](https://javaanseblad.com/1917-pacinan-pekalongan-boten-netepi-pranatan/): Antawisipun ing Klidang, Limpoeng, Slawi, Lebaksioe, Margasari Tjomal, Oeloedjami, Wiradessa, Kedoengwoeni, Tandjong lan Boemiajoe. - [Sekolah Dèrèng Wantun Bika Malih](https://javaanseblad.com/sekolah-dereng-wantun-bika-malih/): Sanaosá pamréntah sampun nglonggaraken lockdown, nanging kathah sekolah ing Walandi dèrèng wantun bika malih. - [2 Kusir Délman Pesalakan Tukar Padu](https://javaanseblad.com/2-kusir-delman-pesalakan-tukaran/): BATANG – Jatin kalih Soertani, 2 kusir délman saking dhusun Pesalakan (Batang) pinten-pinten dinten kapengker sami tukar padu, pasulayan. Jatin ambruk dipunkepruk nganggé gendul, makaten kapethik saking De Locomotief (18/10/1932). Jalaranipun amargi kusir Jatin, ingkang taksih nyepan (masang) turánggá ingkang ageng ing délman sewaanipun, ngaling-alingi dèlman kusir Soertani ingkang badhé ndhèrèk langkung. Kusir Jatin malah misuhi Soertani, lajeng piyambakipun ngraos kenyèk lárá ati.  Sarèhning Soertani boten wantun piyambakan ngadhepi Jatin, piyambakipun madosi réncang balanipun inggih puniká Kariso, lajeng saget ngyakinaken Kariso kanggé mbales dendam kalawan Jatin. Sesarengan lajeng Soertani lan Kariso nenggá ngadhang Jatin. Naliká Jatin sampun rampung makaryá lajeng - [Limpung Griyá Pambelèhan](https://javaanseblad.com/limpung-griya-pambelehan/): LIMPUNG – Kanggé nindakaken rencáná mbangun slachthuis (griyá pambelèhan, sapuniká Rumah Pemotongan Hewan, red) ing Limpung dipunbetahaken anggaran 500 gulden. Wonten ing rembugan kabupatèn (Batang sampun mlebet Kabupatèn Pekalongan, red) samangké badhé dipunusulaken kanggé nindakaken rencáná wau, makaten De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Setu (9/4/1938). Miturut anggaran dipunprakiraaken biaya griyá pambelèhan wau saben sasi 25 gulden, lajeng panampinipun saking retribusi saben sasi 75 gulden, saénggá griyá pambelèhan Limpung saget dipunanggep rèndabel utawi bathi. Totalipun wonten 27 dhusun sakeliling griyá pambelèhan ingkang kedah ndhèrèk ngginaaken griyá pambelèhan. Ing dhusun-dhusun puniká, kinten-kinten radius 5 - [PM Rutte Ngrawuhi KTT Virtual P4G Babagan Iklim](https://javaanseblad.com/pm-rutte-ngrawuhi-ktt-virtual-p4g-babagan-iklim/): PM Rutte bakal ngrawuhi KTT virtual Partnering for Green Growth and the Global Goals/P4G (Katuwuhan Ijem lan Tujuan Global) 2030. - [Limpung Pamèran Rájákáyá 1934](https://javaanseblad.com/limpung-pameran-rajakaya-1934/): LIMPUNG – Kálá dinten Setu, 13 Oktober 1934 kapengker dipunawontenaken pamèran rájákáyá ing Limpung, ingkang pikantuk wigatosan saking pamongprájá Walandi sáhá pribumi, makaten kapethik saking De Locomotief, Kemis (18/10/1934). Batang dados pusering panyilangan lembu punuk (Bos primigenius indicus) kalih lembu Jawi dr. Doeve Antawisipun rawuh résidèn Pekalongan, asistèn résidèn ngrangkep walikuthá Pekalongan, panilik sáhá wakil panilik Pekalongan, asistèn résidèn Tegal, wakil panilik Brebes, Bupati Pekalongan, Tegal, Brebes lan Batang, lajeng sedáyá wedáná saking Kabupatèn Batang sáhá wilayah sanèsipun, pamriksá artá saking Semarang, panilik Dinas Kedokteran Kéwan, dokter kéwan saking Tegal, sáhá dokter kéwan saking Pekalongan. Kanggé pamèran puniká dalemipun asistèn - [Sinten Dhahar Séhat, Langkung Enèm Kognisinipun](https://javaanseblad.com/sinten-dhahar-sehat-langkung-enem-kognisinipun/): Sinten dhahar séhat langkung enèm kognisinipun. Langkung tambah yuswá, langkung ageng bèntenipun kalawan ingkang boten dhahar séhat. - [Puniká Bupati Pekalongan Sasampunipun Katambahan Batang](https://javaanseblad.com/punika-bupati-pekalongan-sasampunipun-katambahan-batang/): PEKALONGAN – Résidèn Pekalongan Carel Otto Matray atas nami Gubernur Jawi Tengah jumenengaken Bupati Pekalongan sasampunipun katambahan Batang inggih puniká Raden Adipati Ario Soerjo ing pendhápá kabupatèn dinten Setu énjing (29/2/1936). Kados kapethik saking De Locomotief, Résidèn Pekalongan Carel Otto Matray mawi pidatonipun ngaturi uningá babagan pambibaran Kabupatèn Batang lajeng wilayahipun dipunlebetaken dateng Kabupatèn Pekalongan sáhá dhasar kaputusanipun. “Kados panjenengan sampun pirsá, Kabupatèn Batang dipunbibaraken per tanggal 1 Januari 1936 miturut kaputusan Gubernur nomer 3 tanggal 31 Désèmber 1935 lajeng wilayahipun dipunlebetaken dateng wilayah Kabupatèn Pekalongan,” ngendiká Résidèn Matray. Salajengipun wiwit tanggal wau Kabupatèn Pekalongan pikantuk wilayah ènggal bekas wilayah - [Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Koninklijke Marine](https://javaanseblad.com/ngarsa-dalem-tilik-kriya-koninklijke-marine/): Ngarsá Dalem Rájá Willem Alexander tilik kriyá dateng Admiraliteitsraad lan pangkalan latihan Koninklijke Marine ing Den Helder. ## Pages - [Ngintun Layang](https://javaanseblad.com/ngintun-layang/) - [Layang](https://javaanseblad.com/layang/) - [Wiwéká Privasi](https://javaanseblad.com/pangreh-privasi/): Supados saget ngaturi suraos ingkang saé, Het Javaanse Blad ugi mitranipun ngginaaken teknologi antawisipun cookies kanggé mathukaken kaliyan piranti lajeng cookies puniká kasimpen sawetawis wekdal. Sasampunipun panjenengan sarujuk nganggé cookies puniká, panjenengan ngaturi Het Javaanse Blad sáhá mitranipun nyocogaken antawisipun prilampah internetan lan ID unik wonten ing website puniká. Manawi panjenengan boten sarujuk utawi mbatalaken cookies, pramilá saget mengaruhi pasugatan sáhá kaginaan website puniká. Monggo panjenengan dipunaturi ngeklik punápá ingkang wonten ing mandhap puniká minongká paring idin utawi milih sakersanipun. Panjenengan saget sawekdal-wekdal ngowahi pilihan wau mawi ngeklik knop Privasi ing bagéan andhap layar puniká. Het Javaanse Blad saget ngowahi - [Atur Sapálá](https://javaanseblad.com/atur-sapala/): Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar. Malah ngoko mawon sampun kawur-awur kalih tembung-tembung básá Indonesia utawi básá máncánegari sanèsipun. Pancènipun sráná lan sumber-sumber kanggé sinau básá Jawi ugi kalebet kirang sanget, ingkang cumawis kadostá media massa cithakan utawi waosan (serat kabar, majalah), èlèktronik (radio, televisi), multimedia, internèt, media ènggal, kathahipun sanès básá Jawi. Migatosaken kahanan wau, Het Javaanse Blad (cekak aos: Het Blad), kalenggahanipun ing tanah Walandi, kanthi sedáyá kakirangan sáhá gothangipun kanthi puniká dipundamel minongká urun-urun atur sumbangsih kanggè ndhèrèk nguri-uri básá Jawi, kados kaserat ing semboyanipun: Nguri-uri - [Our Authors](https://javaanseblad.com/our-authors/): Here’s a list of all of our authors. - [Sitemap](https://javaanseblad.com/sitemap/): Here you can add a custom message if you wish to – perhaps defining how to use sitemap or giving a few useful statistics. Set your own featured image and enable sidebar if you wish to. And some info to be added here. - [Typography](https://javaanseblad.com/typography-post-elements/): This page shows typography and text related elements of the posts and pages in the default WordPress editor. You can see other elements in the Gutenberg Styles post. Exercitation photo booth stumptown tote bag Banksy, elit small batch freegan sed. Craft beer elit seitan exercitation, photo booth et 8-bit kale chips proident chillwave deep v laborum. 1. Default Pullquote Only a quarter of young adults are financially literate. You don’t want to overwhelm them with terrible advice. James Matthews The normal pullquote style is available only with the Gutenberg Editor. 2. Pullquotes Modern The modern quote is available both in - [Monggo](https://javaanseblad.com/): Wargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih Mlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta Poep Séhat Miturut ‘Dokter Poep’ Gottenbos Den Haag Setop Réklame Produk Fosil Seratan Énggal Wargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih NEW YORK – Wiwit sasi November mangké wargi Uni Eropa ingkang sampun pikantuk vaksin saget… Mlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta Párá wargi ing nungsá (pulau) mriki wiwit dinten sapuniká saget kénging dendhá Rp 194 juta menawi mlajar sasampunipun nabrak kucing. 6 Pitedhah Emas Saking Gottenbos Puniká 6 pitedhah emas saking ‘dokter poep’ Nienke Gottenbos kersanipun usus panjenengan tetep ing ## Optional - [Agent (MCP protocol)](websites-agents.hostinger.com/javaanseblad.com/mcp) [comment]: # (Generated by Hostinger Tools Plugin)