Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 12% Non-Muslim Walandi Sarujuk Idul Fitri Dados Dinten Riáyá Resmi
    Den Haag

    12% Non-Muslim Walandi Sarujuk Idul Fitri Dados Dinten Riáyá Resmi

    By Eddi Santosa14.05.20212 Mins Read
    Muslim Walandi - Het Javaanse Blad
    I’tikaf (Unsplash)

    DEN HAAG – Cacahipun 12% non-muslim ing Walandi sarujuk menawi Idul Fitri dipundadosaken dinten riáyá resmi nasional. Responden muslim 63% sarujuk.

    Makaten kasilipun panjajagan déning nu.nl tumrap 2.331 rèsponden non-muslim lan 371 rèsponden muslim ing Walandi. Kirang langkung 1 jutá muslim Walandi dinten Kemis kapengker mungkasi sasi Ramadan kanthi riáyá Idul Fitri ingkang dipunwastani ing Walandi: Suikerfeest.

    Kathahipun 71% non-muslim boten sarujuk menawi Idul Fitri dados dinten riáyá resmi nasional, éwodènten 17% sanesipun milih boten maringi panemu. Sawetawis 63% responden Muslim sarujuk, 14% boten sarujuk, 23% sanèsipun boten ngaturaken panemu.

    Dinten riáyá resmi nasional tegesipun dèrèng temtu per definisi dados dinten libur makaryá utawi libur sekolah. Babagan makaten ing Walandi dipunrembug kanthi ndhèrèkaken perusahaan lajeng dipunlebetaken ing prajanjian makaryá.

    Sawetawis puniká kathahipun 34% non-muslim ing Walandi ngalem sanget tumrap tiyang-tiyang ingkang nglampahi siyam Ramadan. Sinten nglampahi siyam kedah antawisipun boten ngunjuk, boten dhahar, boten udud, boten ‘campur’ kalih garwanipun.

    Lajeng 30% non-muslim ing Walandi ugi kagungan panemu bilih supermarkèt sampun cekap nggatosaken sasi Ramadan, antawisipun kanthi wujud reklame lan korting. Éwodènten responden muslim boten marem kaliyan pambabaran toko-toko kanggé Ramadan lan Idul Fitri: 45% menggalih bilih wigatosan tumrap dinten riáyá taksih sakedhik.

    Idul Fitri utawi ing Walandi dipunwastani Suikerfeest inggih puniká dinten riáyá minongká pungkasanipun ibadah siyam Ramadan. Ing dinten riáyá puniká miturut tradhisi ing Walandi kathah pasegahan sarwá manis, pramilá dipunwastani Suikerfeest (dinten riáyá gendhis, sarwá manis-manis). (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePunápá Kitá Saben Dinten Kedah Mlampah 10.000 Jangkah?
    Next Article Ing Walandi Idul Fitri Dipunwastani Suikerfeest
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.