Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 17 Mei Gusti Kanjeng Ratu Tanggap Warsá
    Kraton

    17 Mei Gusti Kanjeng Ratu Tanggap Warsá

    By Eddi Santosa17.05.20211 Min Read
    Ratu Maxima - Het Javaanse Blad
    © RVD - Z.M. de Koning

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima dinten Senèn, 17 Mei 2021 puniká tanggap warsá ingkang kaping 50. Minongká riáyá dipunparingaken 3 foto énggal.

    Ingkang mundhut utawi motrèt foto-foto wau inggih puniká garwá kinasih Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander piyambak ingkang salajengipun dipunandumaken dumateng media mawi Rijksvoorlichtingsdienst kados ingkang dipuntampi déning Het Javaanse Blad, dinten Ngahad (16/5/2021).

    © RVD – Z.M. de Koning

    Foto-foto ingkang bènten-bènten wau dipunpundhut ing taman Kraton Huis ten Bosch awal sasi Mei punika. Wonten ing 2 foto Gusti Kanjeng Ratu ketingal ngagem coltrui warni pethak, lajeng ing satunggal foto sanèsipun piyambakipun ngagem jas corak coklat kothak-kothak.

    Sadèrèngipun Gusti Kanjeng Ratu Máxima sampun dhawuh bilih sarèhning wonten pagebluk Corona namung badhé maringi pistá riáyá kanthi prasájá. Malah Gusti Kanjeng Ratu minggu kapengker sampun riàyá dinten tanggap warsánipun mawi keliling Walandi, antawisipun migatosaken supados langkung kathah piwulangan musik kanggé siswá SD.

    © RVD – Z.M. de Koning

    Lajeng naliká tilik kriyá dateng taman sekar tulip De Keukenhof ing kuthá Lisse, Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngendiká bilih piyambakipun bingah manah saget dugi sepuh tur séhat.

    “Puniká ingkang paling wigatos ing dinten tanggap warsá kulá kaping 50,” makaten Gusti Kanjeng Ratu Máxima. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDermatolog: Asring Cuci Astá Saget Kénging Èksém
    Next Article Gelar-gunem Gusti Kanjeng Ratu Máxima 50
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.