Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 1868: Manggihi Jisim Walandi ing Pacinan Surábáyá
    Jaman Mbah Buyut

    1868: Manggihi Jisim Walandi ing Pacinan Surábáyá

    By Eddi Santosa14.03.20211 Min Read

    SURÁBÁYÁ – Serat Jurumartani Ongká 1, 7 Januari 1869. Pawartos saking Surábáyá anyariyosaken kados ing ngandhap puniká:

    Surábáyá kaping 17 Dhésèmber 1868, kálá wingi énjing saweg kendel jam gangsal, tiyang manggihi jisimipun Walandi wonten margi ing kampung Pacinan Surábáyá, katingal pejahipun puniká boten saking déning kataton.

    Kálá samanten sareng paréntah tuwin tuwan dhokter kalapuran bab wontenipun jisim wau, lajeng atiti pariksá ing ngriku tetelá bilih Walandi ingkang
    pejah puniká saking Kadhiri anumpak baitá, dumugi kareteg ing bibis nyipeng sadalu.

    Sareng wanci angajengaken ebyar saking aturanipun tiyang ingkang nglampahaken baitá, tuwan wau menggah dhateng dharatan, déné pikajenganipun badhé tumbas jampi awit piyambakipun karaos sakit.

    Lampahipun dhateng griyanipun Ciná, anothok korining griyá ingkang lajeng kaéngakaken. Sarèhning Ciná ingkang gadhah griyá boten naté kadhatengan Walandi ing wanci énjing taksih peteng, milá lajeng anginten bilih Walandi ingkang anothok kori puniká Matrus, kalampahan kori énggal kakancing malih.

    Kálá samanten Walandi ingkang sakit tumunten nglajengaken ing lampah, nanging watawis saweg angsal kalih tindak tebihipun saking griyaning Ciná wau lajeng dhawah, nunten tuwan Sekaut ing wanci satengah nèm aningali jisimipun Walandi wau wonten panggènan ing ngriku (bron: KITLV).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKNMI: Bebáyá Kode Jené, Angin Prahárá 100 Km/Jam
    Next Article Ratu Tuwi Kriyá Yayasan Laré Klambrangan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.