SURÁKARTÁ – Sawatawis dinten puniká laminipun ing peken Gadhing wonten tiyang èstri dhasar uwos sartá nyandhing buntelan bagor isi uwos.
Kacariyos sareng sampun sawatawis dangu wonten tiyang jaler kakalih, ingkang satunggal kendel ing pinggir margi, ingkang satunggalipun réwá-réwá ngawis uwos. Sareng ingkang sadé radi kalimpé tiyang ingkang ngawis wau lajeng nyowok uwos saberuk.
durcárá = awon tingkah lampahipun
Ingkang sadé uwos sumerep lajeng alok sáhá nututi, ananging pun druháká wau sampun sipat kuping lumajeng dhateng margi ing Gorawan. Kocapá, tiyang jaler ingkang kendel pinggir margi trangginas ngangkat buntelan uwos kaplajengaken mangétan.
Mbak ayu dhasar uwos sumerep uwosipun sampun kaplajengaken dumugi parapatan Baturáná, dados namung kantun anjomblong, sarwi mimisuh, déné pun durcárá anggèning papanggihan kancanipun wonten ing Katangan.
Ah, anggigirisi sanget krékatipun tiyang luwé puniká.
Tinondhá ring KDM ing Gorawan, kados kapethik saking serat Bre Martani, Ongká 3, Setu Pon kaping 8 Jumadilakir Jimawal 1821 utawi kaping 9 Januwari 1892.