Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 1901: Rendheng, Klidang Dugi Tersono Jebol
    Jaman Mbah Buyut

    1901: Rendheng, Klidang Dugi Tersono Jebol

    By Eddi Santosa21.03.20212 Mins Read
    Jawoh Seminggu Banjir Batang Pekalongan
    Jawoh seminggu © KITLV

    PEKALONGAN – Residèn Pekalongan ngaturi pirsá bilih amargi banjir ing dinten kaping 1 lan 2 sasi Februari kapengker kathah kreteg dhusun, tanggul, lan bendungan ingkang jebol, makaten Het Nieuws van den Dag voor Nederlandsch-Indië, dinten Setu (16/3/1901).

    Kejawi puniká ugi risak awrat kreteg-kreteg irigasi ing margi ageng antawis Limpung-Tersono, lan margi antawis Tersono-Plantungan, saénggá kreteg-kreteg wau boten saget dipunginaaken kanggé lalulintas.

    Amargi banjir ugi bagéan margi ageng ing Klidang risak sanget, semanten ugi margi énggal ing Petungkerep, boten tebih saking stasiun Roban (kecamatan Subah), lajeng margi Doro-Yosorejo, Yosorejo-Pesanggarahan Petungkriono, Yosorejo-Kayupuning, sáhá Lebakbarang-Ketingkrang lan Lebakbarang-Karanganyar.

    Sawetawis ing Brebes margi Daendels jebul langkung inggil tinimbang dhusun utawi kampung kiwá tengenipun. Tinimbang wekdal sadèrèngipun mongsá rendheng jeroaken got-got utawi ndhudhuk got malih, malah boten wonten tumindak punápá-punápá, akibatipun toyá jawoh saking margi Daendels mili nuju panggènan párá wargi saénggá tansah banjir lan jemèk.

    Kanggé ilèn-ilèn toyá margi Daendels pancèn dipunwigatosaken tinimbang keséhatan párá wargi, ingkang dhasaripun sampun boten paham karesikan, lajeng perkawis njeroaken got kiwá tengen margi dipunpasrahaken dumateng Walandi, ingkang kagungan kesaguhan ing perkawis puniká.

    Pramilá pangajeng-ajeng sapuniká gumantung kalih camat énggal Brebes, nggih puniká Douwes Dekker, ingkang nembé nggantosaken camat De la Parra. Tugas camat De la Parra ing Brebes dèrèng dangu, nanging dipunmutasi dhateng Pasuruan ing Jawi Wétan.

    credit: kitlv, cc licensed
    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRatu Tuwi Kriyá Nederlands Dans Theater
    Next Article Ratu Tuwi Kriyá nDandani Krisis Pagebluk Corona
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.