Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 1911 Sampun Wonten Pagadéan ing Warungasem
    Jaman Mbah Buyut

    1911 Sampun Wonten Pagadéan ing Warungasem

    By Eddi Santosa06.06.20212 Mins Read
    Warungasem Batang - Het Javaanse Blad
    Griyá Pagadéan © KITLV

    WARUNGASEM – Ing kuthá alit Warungasem sampun wonten pandhuis (griyá pagadéan) negari utawi kagungan pamréntah wiwit taun 1911. 

    Pagadéan puniká griyá panggènan ngampil artá mawi borg (jaminan arupi barang ingkang aji, red) kanthi jángká wekdal ingkang dipuntemtuaken, lajeng barang wau dipuntebus nganggé rènte, menawi boten dipuntebus, barang jaminan wau dipunlélang.

    Sarèhning wonten beslit (kaputusan) pamréntah tanggal 10 Februari 1911 No. 53 (Staatblad No. 149) pramilá dipuntemtuaken bilih wiwit tanggal 1 Juli 1911 paleksanan Griyá Pagadéan ing wilayah karésidènan Pekalongan dipunurus déning pamréntah piyambak.

    Sarujuk kalihan beslit wau, Wakil Direktur Griyá Pagadéan Pamréntah ing Temanggung J. W. Franken dipunmutasi (pindhah) dateng Griyá Pagadéan Warungasem, Batang.

    “Kejawi distrik-distrik Tegal lan Adiwerna,  kabupatèn Tegal,” makaten kados kapethik saking Het Nieuws van den Dag voor Nederlands-Indië dinten Selásá (21/3/1911).

    Ugi wiwit tanggal 1 Juli 1911 Griyá-griyá Pagadéan kagunganipun pamréntah badhé nglenggahi kantor-kantor: 1 ing Warungasem, 1 ing Batang, 1 ing Limpung (wilayah kabupatèn Batang), 1 ing Pemalang, 1 ing Comal, 1 ing Ulujami, 1 ing Randudongkal (wilayah kabupatèn Pemalang).

    Salajengipun 2 ing Pekalongan, 1 ing Wirádesá, 1 ing Kedungwuni, 1 ing Sragi (wilayah kabupatèn Pekalongan), 1 ing Slawi, 1 ing Lebaksiu, 1 ing Margasari (wilayah kabupatèn Tegal), 1 ing Brebes, 1 ing Ketanggungan, 1 ing Tanjung, 1 ing Jatibarang, 1 ing Bumiayu (wilayah Kabupatèn Brebes). (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Tuwi Kriyá Museum Foto
    Next Article Griyá Raden Ajoe Djaetoen Kasepuhan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.