Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 1930, Déwan Ngrembag Warungasem dugi Subah
    Jaman Mbah Buyut

    1930, Déwan Ngrembag Warungasem dugi Subah

    By Eddi Santosa03.06.20213 Mins Read

    BATANG – De Regentschapsraad van Batang (Déwan Kabupatèn Batang) badhé ngawontenaken rapat kanggé ngrembug agénda antawisipun pamilihan 2 anggota sareng 2 palaksana tugas dines-dines pamréntahan.

    Makaten kapethik saking De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Rebo (11/6/1930).

    pasaréan Pandansari, Warungasem, kanggé párá kawulá Ciná kutháprájá Pekalongan

    Salajengipun rancangan pangesahan beslit Bupati Batang perkawis pamecatan wakil demang Pasar Plèlèn (distrik Subah) ingkang nami Tjasngad, lan njumenengaken panggantosipun inggih puniká Partomihardjo, wakil demang Pasar Tjomal (Kabupatèn Pemalang).

    Rancangan pangesahan beslit Bupati Batang perkawis pamecatan Mantri Pangawas M. Koesen lan réwangipun M. Abdoeladi, kekalihipun saking Griyá Pambelèhan ing Warungasem (Kecamatan Batang).

    Pasaréan Ciná (Kredit: Unsplash)

    Serat saking Burgemeester (Walikuthá) Pekalongan perkawis pitakènan punápá Déwan Kabupatèn Batang karsá mbangun lan ngurus pasaréan (bong) Ciná ing Pandansari, Warungasem, distrik Batang, kanggé párá kawulá Ciná kutháprájá Pekalongan, minongká tambahan kanggé bong Ciná ingkang sampun wonten ing Kuripan, Pekalongan.

    Rancangan pangesahan beslit Bupati Batang babagan jumenenganipun R. Noermanhadi dados Mantri Pangawas lan Tajib sawetawis dados réwangan Mantri Pangawas, kakalihipun dines ing Griyá Pambelèhan Warungasem (distrik Batang).

    Rancangan komisi pangawasan kanggé Griyá Pambelèhan ing Batang lan Warungasem, lan jumenenganipun anggota déwan M. Reksodiwirjo dados anggota komisi kasebat ing inggil wau, ugi pangesahan artá dintenan kanggé komisi wau.

    Lajeng masalah pangesahan maringi artá tali asih dumateng M. Soewondo, Matri Kéwan ing Batang, kanggé pangawasan Griyá Pambelèhan ing Warungasem distrik Batang, dangunipun 5 dinten wiwit tanggal 21 dugi 25 Mei 1930.

    Éwodènten panyuwunan saking párá wakil demang Pasar Gringsing (distrik Subah) lan Pasar Bawang (distrik Bawang) kanthi urutan inggih puniká Sadji, Soenarto, lan M. Soemadi supados saget ijolan panggènan tugas.

    Rancangan panyerahan dines-dines pamréntahan miturut Staatsblad 1927 No. 42 perkawis maringi serat idin kanggé mbangun sáhá migunaaken margi sepur/karétá kanggé firma lan industri.

    Rancangan pangesahan mosi Déwan Kabupatèn saking Mr. Cornelis ingkang dipuntetepaken ing beslitipun tanggal kaping 25 Januari 1930 No. 137/19/RR.

    Serat saking direktur pasar Pekalongan ingkang isinipun nyuwun persekot tanpá rènte kathahipun 825 gulden kanggé mundhut mobil dines énggal lan persekot puniká badhé dipunbayar lunas salebeting wekdal 2,5 taun. 

    Serat panyuwunan kanthi sègel saking dirèktur pakaryan kabupatèn Batang perkawis nyuwun persekot tanpá rènte kathahipun 1.750 gulden kanggé mundhut mobil dines lajeng persekot puniká badhé dipunbayar cicil 50 gulden saben sasi.

    Babagan maringi artá dintenan sáhá tanggungan biaya manggèn kanggé Mantri Pangawas Bangunan lan Griyá ing Batang, ugi panyuwunan saking Mantri wau supados tunjangan kanggé saben dinten saget dipuntambah.

    Perkawis maringi artá tunjangan dumateng wakil demang pasar Batang, kecamatan Batang, ingkang nami Raman, kanggé biaya babaran garwanipun.

    Serat saking Konsul Kepala Java Motor Club Pekalongan tanggal kaping 17 Mei 1930 ingkang ngaturaken bilih Déwan Kabupatèn saget dipuntimbangaken dados anggota Java Motor Club. 

    Lajeng rancangan panyerahan dines-dines pamrèntahan miturut ordonansi nomor 11 Mei1927 dugi panyerahan dines-dines miturut ordonansi Nomor 3 tanggal kaping 11 Mei 1927 (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article1917, Pacinan Pekalongan Boten Netepi Pranatan
    Next Article Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Museum Foto
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.