Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 1933, Perang És Indramayu
    Jaman Mbah Buyut

    1933, Perang És Indramayu

    By Eddi Santosa16.04.20212 Mins Read

    INDRAMAYU – Taun 1933 jaman Walandi naté kedadosan perang sengit saingan antawis ijsfabrieken (pabrik-pabrik ès) ing Indramayu. Jalaranipun nggih puniká pangadegan pabrik ès énggal “Bouw Hien” kagunganipun tiyang Tionghoa. 

    Perang saingan dagang wau antawis pabrik ès énggal Tionghoa puniká kaliyan pabrik-pabrik ès ingkang sampun mapan kagunganipun meneer Colenbrander, tiyang Walandi ing Indramayu lan kongsi pabrik ès O. T. V. Y. ing Cirebon.

    Reginipun ès dados anjlok saking 1,5 gulden dados 0,20 dugi 0,30 gulden per pond. Malah regi ècèran ing dhusun-dhusun paling mencil ngantos 1/2 sèn per pond, makaten De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Rebo (7/6/1933).

    Foto: Nederlands Bakkerij Museum

    Satunggal-satunggaling cárá kanggé mulihaken karukunan nggih puniká pabrik ès énggal wau dipunlebur mlebet kongsi ingkang sampun wonten, nanging sedáyá anggota kongsi boten saget nampi. Párá anggota kuatos mangké malah ndorong langkung kathah tiyang ndamel pabrik.

    Pungkasanipun dipuntetepaken bilih perang saingan dagang badhé dipunlajengaken dugi salah satunggaling pabrik kalah. Menawi kedadosan makaten, pramilá langkung gampil tumrap O. T. V. Y. kanggé mundhut jangkah nindakaken rembugan ndamel perjanjian kaliyan pabrik sanèsipun. 

    Sawetawis puniká wilayah perang saingan dagang alon nanging pestèn sangsáyá ámbá dugi wilayah Cirebon, malah dugi Tegal, lan dipunprakiraaken bakal kados makaten dugi pungkasan taun puniká.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDr. Jacqui van Kemenade: Siyam Séhat, Saget Nyegah Diabetes
    Next Article Wiwit Sapuniká Sidang Kabinèt Badhé Dipunbabaraken
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.