Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Jawoh Seminggu 1940, Pekalongan Banjir
    Jaman Mbah Buyut

    Jawoh Seminggu 1940, Pekalongan Banjir

    By Eddi Santosa22.05.20221 Min Read
    Jawoh Seminggu Banjir Batang Pekalongan
    Jawoh seminggu © KITLV

    PEKALONGAN – Jawoh sampun seminggu boten mandheg ing Pekalongan lan wilayah saputeranipun. Kasilipun: kampung-kampung ing dalem kuthá dados banjir. 

    Kados tuladhanipun menawi badhé mlebet kampung Bendan, Sobrahan kedah cincing ageman dugi pupu supados boten teles, makaten De Locomotief dinten Kemis (25/1/1940).

    Sarèhning jawoh boten mandheg ndadosaken lepèn Kali Pekalongan mlubèr, miturut lapuran sampun mundhut korban satunggal. Monggo sami dedongá mugi-mugi kretek Loji kiat saget nahan terjangan toyá.

    Salajengipun Kali Pèntjongan ugi muntab banjir. Saking lepèn puniká párá kawulá biasa mundhut wedhi kanggé bangunan. Amargi banjir wau bakul-bakul wedhi ugi kapeksá tutup boten saget makaryá. Ewodènten segárá lèr ombakipun ugi ganas, tiyang-tiyang pesisir boten wantun tindak mayang. 

    Lajeng margi-margi ugi dados lunyu. Satunggaling wargi tiyang Jawi yuswá 50, naliká mlampah saking Pandjang badhé nuju Setoerie dhawah keplarak lajeng pejah digotong wangsul mlebet griyanipun.

    Kasangsaran sanèsipun amargi jawoh seminggu boten mandheg párá kawulá boten saget mépé ageman, kedah njèrèng nganggé geni, akibatipun regin areng dados mindhak. Mugi-mugi naliká maos kabar puniká srengéngé sampun nyinar anget bentèr (es/es).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWilhelmina-Park Pekalongan Panggènan Lomba
    Next Article Peperduur Saking Mricá, Awis Sanget 
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.