Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 2 Kusir Délman Pesalakan Tukar Padu
    Jaman Mbah Buyut

    2 Kusir Délman Pesalakan Tukar Padu

    By Eddi Santosa29.05.20212 Mins Read
    Landraad Jaman Mbah Buyut - Het Javaanse Blad
    Pangadilan Jaman Walandi ing Pati, 1865 (KITLV)

    BATANG – Jatin kalih Soertani, 2 kusir délman saking dhusun Pesalakan (Batang) pinten-pinten dinten kapengker sami tukar padu, pasulayan. Jatin ambruk dipunkepruk nganggé gendul, makaten kapethik saking De Locomotief (18/10/1932).

    Jalaranipun amargi kusir Jatin, ingkang taksih nyepan (masang) turánggá ingkang ageng ing délman sewaanipun, ngaling-alingi dèlman kusir Soertani ingkang badhé ndhèrèk langkung. Kusir Jatin malah misuhi Soertani, lajeng piyambakipun ngraos kenyèk lárá ati. 

    Sarèhning Soertani boten wantun piyambakan ngadhepi Jatin, piyambakipun madosi réncang balanipun inggih puniká Kariso, lajeng saget ngyakinaken Kariso kanggé mbales dendam kalawan Jatin.

    Sesarengan lajeng Soertani lan Kariso nenggá ngadhang Jatin. Naliká Jatin sampun rampung makaryá lajeng badhé wangsul griyá, Soertani lan Kariso ngroyok nyerang piyambakipun. Kariso ingkang mbetá gaman gendul lajeng ngepruk sirahipun Jatin saking wingking. Jatin lajeng ambruk dhawah kesakitan nyuwun tulung.

    Wargi sakitaripun ingkang mireng swanten nyuwun tulung lajeng gègèr dugi mriku. Soertani lan Kariso mlajar. Jatin kanthi tatu nemen ing sirahipun lajeng dipuntulungi. Pulisi ugi énggal dugi panggénan, lajeng mbetá Jatin dateng griyá sakit ing Pekalongan.

    Adhedhasar katerangan saking Jatin, pulisi lajeng nyepeng kusir kekalih inggih puniká Soertani lan Kariso. Minongká barang bukti, pulisi ugi mbeslah gendul sáhá pecahanipun ingkang nancep ing sirahipun Jatin, lajeng ageman Jatin ingkang kebak rah. 

    Soertani lan Kariso ing ngarsaning pulisi ngakèni sedáyá tumindakipun, lajeng saénggalipun badhé dipunbetá dateng landraad (pangadilan). (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleLimpung Griyá Pambelèhan
    Next Article Sekolah Dèrèng Wantun Bika Malih
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.