Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 28 April Pamréntah Walandi Nglonggaraken Lockdown
    Den Haag

    28 April Pamréntah Walandi Nglonggaraken Lockdown

    By Eddi Santosa29.04.20212 Mins Read
    Wandé Kopi - Het Javaanse Blad
    Wandé (Kristaps Grundsteins/Unsplash)

    DEN HAAG – Sasampunipun setengah taun dangunipun lockdown, pamréntah Walandi wiwit dinten Rebo, 28/4/2021, resmi nglonggaraken pranatan kanggé nanggulangi pagebluk Corona. 

    Restoren lan café kénging bika malih, kawulá Walandi saget nampi tamu 2 saben dinten, saget blánjá malih tanpá janjian sadèrèngipun, ugi boten wonten jam malem malih. Jam malem namung dugi dinten Rebo, 28/4/2021, jam 04.30.

    Kawulá Walandi saget tindak dateng café malih, nanging dipunwatesi namung antawis jam 12.00 dugi jam 18.00 lan kedah wekas panggénan sadèrèngipun. Lajeng menawi sampun dugi café kedah nglampahi pamriksan keséhatan miturut protokol Corona.

    Ugi saben mejá boten kénging langkung saking 2 tiyang, kejawi wonten bukti taksih satunggal kaluargi utawi laré yuswá kirang saking12 taun. Cacahipun ingkang kénging lenggah ing téras paling kathah 50 tiyang. Menawi badhé nilaraken mejá, upaminipun badhé tindak toilet, kedah nganggé  masker.

    Kadosipun regi unjukan ugi bakal mindhak sarèhning séktor puniká sampun ngalami tuná boten kinten-kinten amargi pagebluk Corona ingkang dangunipun sampun ngancik taun kaping kalih. Pabrik-pabrik unjukan ugi sampun wárá-wárá badhé mindhakaken reginipun. 

    Sarèhning idin biká sawetawis namung dugi jam 18.00, pramilá dèrèng kénging pinarakan dhahar dinner. Tamu café namung saget dhahar siang, utawi ngunjuk rupi-rupi unjukan sanèsipun.

    Pakumpulan horéca (hotel-réstoran-café, red) KHN mastani bilih idin téras kénging bika malih wau minongká kamajengan kanggé sebagéan sudagar (boten sedáyá café lan restoran nggadhahi téras).

    “Puniká cahyá padhang, nanging taksih déreng cekap,” makaten KHN. Pakumpulan puniká nyuwun dumateng pamréntah supados palonggaran puniká dipunlonggaraken malih.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleApril Paling Asrep Wiwit 1986
    Next Article Keukenhof Taman Sekar Tulip Wanci Pandemi
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.