Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 4 Mei, Mrèngeti Ingkang Gugur Jaman Perang
    Den Haag

    4 Mei, Mrèngeti Ingkang Gugur Jaman Perang

    By Eddi Santosa05.05.20212 Mins Read
    Ngarsa Dalem - Het Javaanse Blad
    Mrèngeti ingkang Gugur, Dam (NOS)

    DEN HAAG – Saben taun tanggal 4 Mei ing Walandi dipunprèngeti Nationale Dodenherdenking (Prèngetan Nasional tumrap Ingkang Gugur) naliká jaman Perang Dunia II (1939-1945).

    Live! Prèngetan ing Dam, Amsterdam

    Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander kadhamping dèning Kanjeng Ratu Máxima kaping sepindhah ngaturaken karangan sekar atas nami sedáyá kawulá Walandi. Karangan sekar puniká dipunaturaken naliká mèh dipunwiwiti hening ciptá.

    Rawuh ugi ngaturaken sekar ing prèngetan puniká minongká wakil kabinèt antawisipun Perdana Menteri Mark Rutte, Menteri Pertahanan Bijleveld, Menteri Muda Keséhatan Blokhuis, sáhá menteri-menteri Besaril, Begina, Violenus minongká utusan Aruba, Curaçao lan Sint Maarten. Prèngetan puniká kados taun kapengker boten saget dipunrawuhi párá kawulá amargi pranatan Corona. 

    Persis jam 20:00 sedáyá ing tanah Walandi mandheg anteng nindakaken hening ciptá dangunipun 2 menit. Bus, tram sáhá sepur sedáyá ugi mandheg. Ing dinten puniká Nationaal Comité 4 & 5 Mei ngawontenaken rupi-rupi parigawé.

    Wekdal sapuniká ing dinten tanggal 4 Mei sedáyá ingkang gugur naliká pasulayan militèr sanèsipun (kados jaman Agrèsi Militer ing Nederlands-Indië (Hindia Walandi, Indonesia) sáhá operasi bedami antawisipun ing Libanon, Bosnia, Afghanistan utawi Mali) ugi ndhèrèk dipunprèngeti.

    Párá militer Walandi ingkang gugur antawis taun 1945 lan 1962 ing Nederlands-Indië sáhá Nieuw-Guinea, dipunprèngeti kanthi khusus saben dinten Setu kaping sepindhah ing sasi September naliká Prèngetan Nasional wonten ing monumen Hindia Walandi ing kuthá Roermond.

    Prèngetan antawisipun ngemu upácárá, lajeng nyumèlèhaken karangan sekar ing alun-alun Dam, Amsterdam dèning Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander sáhá sedáyá pandhèrèkipun minongká wakil pamréntah, tentara, gerakan perjuangan, lan rupi-rupi organisasi sáhá golongan ing masyarakat.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNaté Mungsuhi, Joram van Klaveren Malah Mlebet Islam
    Next Article Turas Sembarangan Kasruduk Cèlèng, Tatu 60 Jahitan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.