Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 6 Pitedhah Emas Saking Gottenbos
    Internasional

    6 Pitedhah Emas Saking Gottenbos

    By Eddi Santosa11.10.20213 Mins Read
    © Nienke Gottenbos/gezondnu.nl

    DEN HAAG – Puniká 6 pitedhah emas saking ‘dokter poep’ Nienke Gottenbos kersanipun usus panjenengan tetep ing kahanan top lan boten strès.

    1. Gantos dhahar siang mligi nganggé sayur

    Dhahar siang nganggé roti utawi sekul jané boten kathah ngandhut zat-zat gizi, pramilá langkung saé monggo gantos dhahar siang mligi nganggé sayur. Kanthi dhahar siang miligi nganggé sayur panjenengan saget pikantuk langkung kathah zat-zat gizi, ugi saget gampil dugi wates minimal dhahar 250 gram (1/4 kg) sayur per dinten. Sayur puniká saget dipuntumis kalih lawuh tigan godhog (utawi monggo kersá), sup, gadho-gadho, pecel, utawi salad.

    2. Ngéndhani strès

    Menawi panjenengan kathah strès, pramilá rah (getih) sáhá zat-zat gizi nuju otot lan utek supados saget menggalih lan nanggepi strès kanthi saé. Sistem pangluluhing dhaharan mbetahaken kahanan tentrem supados saget optimal makaryá fungsinipun. Nembé ing kahanan makaten zat-zat gizi badhé nuju sistem pangluluhing dhaharan, saènggá saget medal asem padharan lan ènzim-ènzim kanthi cekap. Naliká panjenengan strès, puniká mengaruhi tumrap flora usus lan kesèhatan bagéan sanèsipun. Kosok wangsulipun menawi flora usus boten bèrès, panjenengan saget ngraosaken strès. Rilèks. Ugi menawi tindak wingking (toilet) ampun kesesá.

    dhaharan fermentasi saé sanget kados kimchi, kèfir, lan kombucha

    Nienke Gottenbos

    3. Lenggah nDhodhok

    Ing bagéan akhir usus panjenengan wonten sindhetan, ingkang njagi supados poep boten mbrojol menawi panjenengan jumeneng utawi mlampah. Menawi panjenengan kedah tindak wingking nganggé toilet modern (lenggah), pramilá sindhetan wau mbika namung sebagéan mawon. Supados poep saget medal, panjenengan kedah ngeden. Pramilá kanthi alami manungsá ndhodhok. Puniká ingkang ideal, sarèhning sindhetan wau saget mbiká sampurná. Menawi panjenengan gadhahipun toilet lenggahan, sikap ndhodhok wau saget dipuntiru kanthi bancik dingklik supados dengkul panjenengan langkung inggil saking wudel. Kanthi cárá puniká panjenengan sami kados ndhodhok, saéngga poep langkung gampil medal, tur saget ngéndhani ambeien.

    4. Nganggé bumbu

    Kanthi nganggé rupi-rupi bumbu ing masakan, panjenengan saben dinten saget pikantuk zat-zat ingkang mbiyantu pangluluhing dhaharan. Zat-zat ingkang ndorong lever aktif lan ndamel sari pangluluhing dhaharan. Pramilá monggo nganggé bumbu kados kunir, jahé, rosemari, tijm lan brambang pethak.

    5. Énggal madosi dokter

    Kathah tiyang ngalami gangguan ing ususipun, nanging nembé tindak dateng dokter menawi sampun nemen sanget. Menawi panjenengan asring ngraos eneg, kembung, utawi poep boten lancar puniká pratándhá wonten ingkang boten bèrès. Kanthi énggal priksá, panjenengan saget énggal saras malih. Panjenengan ugi saget èkspèrimèn mawi kalih minggu nyerat dhahar nápá lajeng pikantuk gangguan nápá. Saget mawon gangguan wau jalaran produk susu (ngandhut lactose), utawi amargi strès. Menawi saget kepanggih polanipun, pramilá panjenengan saget ngéndhani piyambak.

    6. Dhahar produk fermentasi

    Produk fermentasi ngandhut bakteri-bakteri gesang kasebat probiotica avant la lettre ingkang manfaat kanggé flora usus. Jaman dèrèng wonten kulkas, manungsá biasa fermentasi sayur-mayur supados saget awèt. Kitá jané biasa dhahar produk fermentasi dugi 30 taun kapungkur sasampunipun kepanggih teknologi kulkas. Wekdal sapuniká dhaharan fermentasi wau ramé malih, kados kimchi, kèfir, lan kombucha. Sedáyá wau saé sanget kanggé kesèhatan usus utawi sistem pangluluhing dhaharan.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePoep Séhat Miturut ‘Dokter Poep’ Gottenbos
    Next Article Mlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.