Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 6 Pitutur Ramadan Séhat
    Internasional

    6 Pitutur Ramadan Séhat

    By Eddi Santosa25.04.20213 Mins Read
    Ramadan - Het Javaanse Blad
    Dhahar séhat (kredit: Alexandra Tran/Unsplash)

    DEN HAAG – Puniká paningalan siyam Ramadan saking media máncánegari, NRC Handelsblad (21/4/2021), ngaturaken diëtiste (ahli gizi) Fatma Alakay, ahli pangan Iris Groenenberg, ahli jasmani Maureen Ros, ugi Nederlands Huisartsen Genootschap/NHG (Pakumpulan Dokter Walandi).

    Supados siyam Ramadan boten lemes, padharan mules, boten sakit sirah, ugi boten malah dados lemu (BB mindhak), párá ahli paring 6 pitutur supados siyam Ramadan tetep sehat kados makaten:

    1. Dhahar ampun kesesá tur ampun kathah-kathah

    Menawi panjenengan sedinten boten dhahar, godhanipun mesthi ageng kesesá dhahar kathah-kathah rupi-rupi warni naliká mlebet maghrib. “Ampun makaten, sarèhning panjenengan saget sakit ing padharan. Malah seninipun kedah dhahar alon-alon. Saget mawi porsi sakedhik-sakedhik, lajeng dhahar alon-alon. Kanthi makaten panjenengan ugi saget ngraosaken kapan wancinipun tuwuk,” ngendiká ahli pangan Iris Groenenberg.

    Ampun kathah (kredit: Unsplash)

    Diëtiste Fatma Alakay, ingkang ugi nglampahi siyam Ramadan, nambahaken, “Monggo dipunbagi wekdal dhahar ing dalu. Sasampunipun buká kanthi ngunjuk toyá kaliyan kurmá lan sup, monggo shálat rumiyin, sasampunipun nembé nglajengaken dhahar utami,” makaten Fatma Alakay.

    2. Tetep gerak

    Éwodènten Maureen Ros, spesialis saking Kenniscentrum Sport & Bewegen, paring pitutur salebeting Ramadan kedah tetap gerak badan, nanging tetep kalem, boten usah ngáyá. “Wekdal Ramadan sanès wekdal kanggé olahrágá ngantos klucur kemringet,” ngendiká Ros.

    Wekdal ingkang saé kanggé olahrágá naliká Ramadan nggih puniká mèh wekdal buká. “Menawi badhé olahrágá wekdal énjing, sadèrèngipun monggo ngunjuk unjukan olahrágá kanthi tambahan sarem, saénggá panjenengan boten kekirangan cairan naliká siyam. Lajeng istirahat ingkang cekap. Menawi saget cobi saré sekedhap wanci siang,” makaten Maureen Ros.

    Sawetawis atlet top Sifan Hassan nedhahaken ing majalah Runner’s World, “Mirengaken kanthi temen dateng salirá panjenengan. Utaminipun ing dinten-dinten wiwitan Ramadan, sarèhning salirá panjenengan taksih mathukaken kalih kahanan siyam,”

    Ampun supé sahur (kredit: Unsplash)

    3. Dhahar sahur

    Fatma Alakay ngendiká bilih dhahar sahur wanci énjing ugi wigatos sanget. “Miturut panelitian jebul dhahar sahur saget mbiyantu nyegah panjenengan pikantuk raos luwé, lemes, utawi boten sekécá.”

    4. Rembugan dokter

    “Ampun mandheg utawi ngowahi obat piyambak,” makaten wanti-wanti saking Nederlands Huisartsen Genootschap/NHG (Pakumpulan Dokter Walandi). Kathah tiyang Muslim naliká Ramadan antawis fajar dugi maghrib boten kersá ngunjuk obat. NHG maringi pitutur supados rembugan kaliyan dokter.

    Sinten gerah kronis kados diabetes, boten usah siyam. Menawi tetep ngersaaken siyam, pramilá wicaksáná sanget menawi sadèrèngipun rembugan kalih dokter.

    Séhat alami (kredit: Victoria Shes/Unsplash)

    5. Ngunjuk ingkang cekap

    Ngunjuk ingkang cekap. Senaosá wekdal dalu cekak sanget, tetep wigatos kedah ngunjuk saben dinten 1,5 dugi 2 liter.

    “Panjenengan mbetahaken cairan kanggé ngangkut zat larahan ing badan. Menawi panjenengan boten cekap ngunjuk, panjenengan saget pikantuk gejala kirang cairan kados lemes, linglung, utawi malah semaput,” makaten Iris Groenenberg saking Voedingscentrum.

    Fatma Alakay, “Utawi panjenengan pikantuk obstipasi. Ugi watesi unjukan ingkang ngandhut gendhis, amargi gendhis malah nambah kalori ingkang boten perlu,”

    6. Dhahar selang-seling

    Alakay ugi wanti-wanti ampun dhahar kathah gajih (lemak), kasinen (kekathahen sarem), lan kemanisen (kekathahen gendhis). Menawi saget ampun dhahar gorèngan, utawi sakedhik mawon, langkung saé dipungodhog utawi kukus, sáhá ampun kathah gandum-ganduman utawi glepung-glepungan.

    “Menawi tetep ngersaaken monggo mundhut sakedhik mawon kanthi porsi ingkang alit,” imbuh Iris Groenenberg saking Voedingscentrum.

    “Ingkang paling wigatos ugi dhahar selang-seling. Dhaharan ingkang kathah serat dadosaken raos tuwuk lan langkung séhat. Pramilá monggo dhahar sayur ingkang cekap, woh-wohan, kacang-kacangan, lan pilih dhaharan ingkang wonten dhedhakipun,” makaten Fatma Alakay. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleIftar Ramadan ing Griyá Mawon
    Next Article Jerman Nglarang Wargi India Mlebet
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.