Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Langkung Sepalih Wargi Eropa Sampun Pikantuk Vaksin Jangkep
    Internasional

    Langkung Sepalih Wargi Eropa Sampun Pikantuk Vaksin Jangkep

    By Eddi Santosa15.10.20211 Min Read
    Ursula von der Leyen (ec.europa.eu)

    BRUSSEL – Langkung saking sepalih wargi Eropa sapuniká sampun pikantuk vaksin jangkep, makaten pangarsá Komisi Eropa Ursula von der Leyen ing Twitter dinten Kemis.

    More than 200 million adults in the EU are now fully vaccinated! That’s almost 55% of adults in the EU.

    Full vaccination protects us from variants and will helps us avoid a new wave of infections.

    Let's get vaccinated. pic.twitter.com/HYEI6qFfPW

    — Ursula von der Leyen (@vonderleyen) July 22, 2021

    Ewodènten Walandi sampun dugi 56% jangkep vaksin (suntik kaping kalih), kalebet inggil saking rátá-rátá Uni Eropa. Bèntenipun jumlah wargi negari-negari Uni Eropa ingkang sampun pikantuk vaksin jangkep taksih njomplang, kados Malta sampun 84%, Bulgaria nembé 16%.

    Pusering Pananggulangan lan Pangreksan tumrap Penyakit Lelárá Eropa (ECDC) ingkang nyerat data wargi ingkang pikantuk vaksin. Sadèrèngipun dinten Selásá pangrèh kaséhatan Afrika (CDC) ngaturaken bilih mangké wonten ing akhir taun puniká sakirangipun 25% wargi Afrika badhé pikantuk vaksin jangkep Covid-19. Dugi dinten sapuniká taksih nembé 1,3%.

    Wajib Kartu Ijem

    Kabar saking Italia, sawetawis puniká wargi ing mriká wiwit tanggal 5 Agustus wajib nedhahaken green pass (kartu ijem) menawi badhé mlebet muséum, rèstoran, konsèr, stadion, minongká bukti bilih sampun pikantuk vaksin, makaten serat kabar Italia La Repubblica dinten Kemis.

    Pamréntah Italia ngetrapaken kode warni per wilayah ingkang dipuntemtoaken miturut jumlah opname ing griyá sakit lan intensive care (IC). Per kode warni ngemu aturan piwatesan piyambak-piyambak. Kanthi pranatan énggal puniká wargi ingkang sampun pikantuk vaksin jangkep saget ngraosaken kamardhikan, ugi menawi piyambakipun mlebet wilayah-wilayah ingkang taksih mbebayani.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleMenawi Tindak Wingking, Poep Ingkang Séhat Kados Pundi?
    Next Article Putri Margriet Ngresmiaken Pusering Kateguhan ngadhepi Bencáná
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.