Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » 81% Kawulá Walandi Milih Vaksin Pfizer
    Den Haag

    81% Kawulá Walandi Milih Vaksin Pfizer

    By Eddi Santosa21.05.20212 Mins Read

    DEN HAAG – Cacahipun 81% rèsponden ing Walandi ngarsaaken vaksin Pfizer, ingkang paling boten dipunkarsáaken inggih puniká AstraZeneca.

    Makaten kasilipun panelitian pratingkah kawulá Walandi babagan vaksin Corona déning Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu/RIVM (Lembaga Nasional Kaséhatan lan Lingkungan) lan GGD ingkang dipunbabaraken dinten Jemuah (21/5/2021).

    Kathahipun saking 55.500 rèsponden panelitian manawi pikantuk layang giliran suntik vaksin 81% matur ngarsaaken badhé milih vaksin Pfizer/BioNTech, 74% milih Moderna, éwodènten 66% milih vaksin Janssen, lajeng ingkang paling sakedhik 53% karsá dipunsuntik nganggé AstraZeneca.

    Ongká-ongká puniká boten tegesipun prosentase kantunanipun boten karsá dipunsuntik nganggé vaksin wau. Sebagéan rèsponden matur taksih ragu-ragu. Sawetawis prosèntase ingkang boten ngarsaaken vaksin katemtu paling kathah vaksin AstraZeneca (28%), paling sakedhik Pfizer (11%).

    Miturut rèsponden vaksin Pfizer lan Moderna paling èfèktif utawi manjur lan paling sakedhik èfèk sampingipun.

    “Kasunyatanipun pangayoman sedáyá vaksin tumrap penyakit nemen sasampunipun katularan Covid-19 kirang langkung sami (langkung saking 85%),” makaten RIVM.

    Salajengipun rèsponden paling sakedhik ajrih pikantuk èfèk samping saking Pfizer (23%), Moderna (25%), Janssen (34%), lan paling inggil AstraZeneca (45%).

    Vaksin AstraZeneca lan Janssen dipungathuk-gathukaken kalih èfèk samping ingkang lángká sanget ingkang ndadosaken kakirangan trombosit kaseling kalih rah njèndel. Sarèhning èfèk samping ingkang lángká puniká pramilá ing Walandi vaksin AstraZeneca namung dipunparingaken kanggé yuswá 60+. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleSeratan Media Perkawis Panggabungan Batang-Pekalongan
    Next Article Detik-detik Déwan Sarujuk Pambibaran Kabupatèn Batang
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.