Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Andhuk Saking Holland
    Jaman Mbah Buyut

    Andhuk Saking Holland

    By Eddi Santosa22.10.20212 Mins Read
    Foto: Unsplash/Kevin Laminto

    SEMARANG – Tahun 1935 regi andhuk impor saking Holland mlesat inggil amargi wonten ordonansi utawi pranatan kuota. 

    De Volksraad (DPR jaman Hindia-Walandi, red) sampun nampi rancangan ordonansi utawi pranatan babagan impor andhuk saking Holland. Kuota dipunlajengaken. 

    Ningali kahanan bilih pranatan impor andhuk ingkang sapuniká kados kaserat ing Invoerverordening Badhanddoeken 1935, Staatsblad No. 171 (Pranatan Impor Andhuk Tahun 1935, Lembaran Negari No. 171) badhé daluwarsá mangké tanggal 17 Maret, pramilá dipunkarsaaken rancangan wau kedah sampun dipuntetepaken dados ordonansi sadèrèngipun tanggal 16 Maret.

    Foto: Unsplash/James Fitzgerald

    Adhedhasar kasil saking periode kapungkur ingkang saget dipunprakiraaken dugi 10 sasi, makaten kateranganipun, pramilá jángká wekdal wau mathuk kalih punápá ingkang dipunkarsaaken.

    Kados katingal saking risalah ingkang ngatur regi kulakan tingkat agèn sadèrèngipun lan salebeting kuota andhuk ingkang paling dipunkarsaaken konsumèn, regi andhuk saking Walandi puniká langsung mlesat inggil. 

    Mindhakipun regi andhuk saking Walandi puniká boten dipunsebabaken déning pabrikan ing tanah Walandi, nanging amargi impor andhuk saking Walandi puniká nganggé prajanjian komisi, tegesipun regi sadéanipun saking pabrikan lajeng ingkang ngastá konsinyasi pikantuk komisi.

    Miturut konvensi ing perkawis komisi dedagangan inggih puniká pabrikan dhawuh dumateng agènipun supados nyadé barang tumrap regi ingkang sasaé-saénipun, kanthi wates minimum ongkos produksi saking pabrikan.

    Sarèhning regi andhuk kualitas inggil sadèrèngipun wonten aturan kuota langkung andhap tinimbang ongkos produksi, pramilá pabrikan nampi ndhèrèkaken regi pasar miturut agèn tinimbang kécalan pasar. Akibatipun impor andhuk Holland tahun-tahun kapungkur mboten ndamel pabrikan bathi.

    Wontenipun pranatan kuota dugi dinten sapuniká saget ngowahi kahanan wau, saget ndamel regi langkung saé. Éwodènten panetapan kualitas ing sasi-sasi kapungkur kabuktèn langkung inggil tinimbang reginipun, utaminipun tumrap andhuk saking Holland ingkang reginipun mindhak paling kathah.

    Ningali panetapan Artikel 3 “Crisisinvoerordonnantie 1935” (Staatsblad No. 349) utawi Pasal 3 Pranatan Krisis Impor Tahun 1935 (Lembaran Negari No. 349) pramilá kuota puniká badhé dipunlajengaken nganggé pranatan khusus, ingkang sampun dipuntetepaken mawi ordonansi puniká.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleInfèksi Jamur ing Pawestrèn? Cobi Yoghurt
    Next Article 1892, Krékatipun Tiyang Kaluwèn
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.