Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Andum 20.000 Dhahar Buká ing Belgia
    Internasional

    Andum 20.000 Dhahar Buká ing Belgia

    By Eddi Santosa09.05.20212 Mins Read

    BRUSSEL – Sakirangipun 20.000 dhaharan anget saben dinten dipunandumaken déning umat Islam ing Brussel, Belgia.

    supados pikantuk berkah saking Gusti Allah

    Zakaria Berraadi

    Ramadan taun kapengker naliká lockdown kaping sepindhah, Ben Hammou sáhá ­Addam sareng-sareng ngadegaken organisasi Chicago Back. Organisasi miwiti kanthi 1.200 dhaharan, lajeng nambah dados 20.000. Ingkang pikantuk anduman utawi saget ndhèrèk dhahar puniká sinten kémawon, sedáyá kawulá. Biayanipun sedáyá wau saking sedekah kaum muslimin.

    Dhahar buká (Unsplash)

    “Sasi Ramadan inggih puniká sasi ténggang raos, lan wontenipun pranatan lockdown ndadosaken ténggang raos wau sangsáyá nemen. Sadèrèngipun ingkang andum dhaharan puniká masjid, nanging sarèhning lockdown masjid tutup,” ngendiká Ben Hammou ing De Standaard kados kapethik dinten Ngahad (9/5/2021).

    kulá nindakaken puniká atas nami bapak kulá

    Belkacem Tsabet

    Kirang langkung satunggal kilométer saking panggènan Chicago Back, Souleiman Lihemdi (20), Mohamed El Kandoussi (19) sáhá Zakaria Berraadi (20) ugi sumrikut nyiapaken andum dhaharan. Párá taruná anèm puniká salebeting sasi Ramadan andum 200 dhaharan, antawisipun sup, toyá, kurmá lan sari woh-wohan.

    ‘Kitá miwiti kanthi sakedhik, nanging ing dinten kaping sapindhah Ramadan sedekah sampun mili piyambak,” makaten El Kandoussi. 

    “Kathahipun sedekah wau saking párá juragan ingkang dagang ing mriki, ugi saking titiyang saputeran mriki. Puniká tumindak ingkang saé, supados pikantuk berkah saking Gusti Allah,” makaten Berraadi nambahaken.

    Sawetawis puniká, Belkacem Tsabet (55) ugi sampun biasa andum dhaharan naliká Ramadan wiwit taun 2007 antawis 600 dugi 1.000 dhaharan saben dinten ing Vierwindenstraat, Molenbeek. 

    “Kulá nindakaken puniká atas nami bapak kulá, kanggé ngèngeti piyambakipun,” ngendiká Belkacem Tsabet. Organisasini piyambakipun, Ouled Ali, ngemu teges “Putranipun Ali”, inggih puniká nami bapakipun Belkacem Tsabet.

    Piyambakipun sareng-sareng kaliyan jurumasak Aziz lan Driss sumrikut masak wiwit siang dugi wanci dhahar buká. Andum dhaharan dipunwiwiti saking garasinipun Tsabet, lajeng keliling saputeranipun wilayah mriká.

    Punápá boten lémpoh? “Kulá pikantuk tenágá ingkang boten telas-telas,” makaten Tsabet.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWalandi Badhé Nganggé Kartu QR Bébas Corona
    Next Article Menteri: Sekolah Langkung Dangu Kanggé Nyusul Katilaran
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.