Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » April Paling Asrep Wiwit 1986
    Den Haag

    April Paling Asrep Wiwit 1986

    By Eddi Santosa29.04.20212 Mins Read
    Asrep - Het Javaanse Blad
    Asrep (Iris/Unsplash)

    DEN HAAG – Sasi April taun 2021 puniká senaosá kathah sunar suryá nanging sasi paling asrep wiwit 1986. Kanthi suhu rátá-rátá 6,7 derajat, sasi April taun puniká -3 derajat langkung asrep tinimbang April-April taun kapengker.

    Miturut weerplaza, wiwit 1986 suhu wanci siang sasi April ing Walandi rátá-rátá 9,9 derajat. Malah tigang taun kapengker suhu rátá-rátá naliká sasi April malah 11 – 12 derajat.

    Jawoh salju (Iris/Unsplash)

    Sasi April taun 2021 puniká asrep sanget amargi pikantuk angin saking lèr, saking Rusia lan Skandinavia ingkang mbetá háwá asrep saking kutub lèr. Padhahal wonten sunar suryá cekap kathah, nggih puniká 224 jam tinimbang rátá-rátá 196 jam sunar suryá ing sasi April taun-taun kapengker, kejawi taun 2020 sunar suryánipun dugi 287 jam.

    Sasi April taun 2021 puniká ugi kathah ès lan salju, nanging sakedhik jawoh. Ing bandara Eelde suhu mandhap dugi 0 derajat, dangunipun 18 dinten, padhahal normalipun namung 5 utawi 6 dinten. Sarèhning asrep sanget, ing 10 dinten awal sasi April taun puniká taksih kathah jawoh salju ing tanah Walandi. Padhahal normalipun sampun wanci semi, mélai radi anget kathah sunar suryá.

    Sesarengan kalih angetipun suhu alam, lajeng kathah sunar suryá, pramilá alam ing mriki ugi nyambut arupi seminipun tetuwuhan, sekar-sekar ugi ndhèrèk megar tuwuh malih, upaminipun taman sekar tulip ingkang sampun misuwur nggih puniká Keukenhof, ugi ing pinggir-pinggir margi.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNyetir Sinambi Ngemil Dhendhá Rp 4 Juta
    Next Article 28 April Pamréntah Walandi Nglonggaraken Lockdown
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.