Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Austria Lockdown 10 Dinten
    Internasional

    Austria Lockdown 10 Dinten

    By Eddi Santosa21.11.20213 Mins Read
    Kawruh Austria lockdown 10 dinten - Het Javaanse Blad
    Konferènsi pers (Foto: Christopher Dunker)

    WINA – Austria ingkang wekdal sapuniká paling kathah panularan Corona sa-Éropa, nindakaken lockdown dangunipun 10 dinten wiwit dinten Senèn (14/11).

    elar, ngelar = verlengen

    Kajawi makaten wiwit tanggal 1 Februari 2022 ugi wajib vaksinasi kanggé saben kawulá Austria, sinten dèrèng suntik vaksin Covid-19 bakal dipunwajibaken, makaten Kanselir Alexander Schallenberg ngaturaken kados kapethik saking Algemeen Dablad.

    Am 12.03.2021 empfing Außenminister Alexander Schallenberg seine spanische Amtskollegin Arancha Gonzalez in Wien.

    “Bakal wonten wajib vaksinasi nasional. Kitá sampun nyobi nanging boten saget ngeyakinaken cekap kathah wargi supados mundhut vaksin,” makaten Kanselir Schallenberg.

    Jumlah wargi Austria ingkang sampun pikantuk vaksin dosis jangkep sapuniká namung 65%. Wiwit dinten Senèn bénjing sinten ingkang dèrèng pikantuk vaksin bakal kénging lockdown sebagéan.

    #Austria Chancellor Alexander Schallenberg …lockdown for unvaccinated starting on Monday 14/11/2021 pic.twitter.com/COe76wXSJo

    — Nicole Elisei (@EliseiNicole) November 14, 2021

    Namung supermarket, apotek lan toko obat ingkang kénging bika. Café, réstoran, lan sekolahan kedah tutup dangunipun 10 dinten. Párá wargi namung kénging medal griyá kanggé blánjá, olahrágá, makaryá utawi tindak dateng dokter.

    Sadèrèngipun negari bagéan Salzburg lan Oberösterreich sampun nindakaken pranatan makaten, nanging namung dugi dinten Natal. Puniká wau lockdown kaping 4 ingkang dipuntindakaken déning Austria.

    “Kitá boten ngarsaaken gelombang kaping 5,” makaten Kanselir Schallenberg, sinambi dhawuh bilih lockdown 10 dinten saget dipunelaraken wekdalipun langkung dangu, gumantung kaliyan kahanan.

    Lockdown puniká dipuntampi kalangan industri pariwisátá Austria kanthi raos awrat, nanging ugi saget mangertos bilih papréntah puniká perlu.

    “Pranatan puniká ngantem séktor pariwisátá ing wekdal wiwitan mongsá ski… Kaputusan wau kanthi migatosaken sistem kaséhatan, ugi kanggé nylametaken pariwisátá mongsá winter (mongsá adhem, red) boten saget dipunéndhani,” ngendiká juruwicárá Robert Seeber atas nami séktor pariwisátá.

    Miturut Mentri Pangertá Gernot Blümel, ékonomi Austria kirang langkung 15% gumantung kaliyan pariwisátá, kathahipun liburan mongsá adhem kanggé ski lan késahan kuthá. Saben késahan mongsá adhem kanggé ski wonten ing Éropa sepalihipun (50%) milih Austria minongká tujuan. Kawulá Walandi limrahipun remen milih kuthá Tirol, Austria sisih kilèn.

    “Pramilá kulá gadhah pangajeng-ajeng mugi-mugi pranatan puniká sakirangipun saget nylametaken sebagéan liburan mongsá adhem wau,” makaten Blümel.

    Pamréntah Austria sampun ngénggaraken wekdal mbiyantu omzét ingkang ical naliká pagebluk Corona, kanthi makaten pamréntah saget ngirangi akibat lockdown. Kathahipun wonten atusan juta Euro saben sasi.

    Senaosá makaten, menawi pariwisátá mèh Natal mlebet liburan mongsá adhem mangké saget pulih malih, nanging párá juragan hotel ningali kahanan tetep radi peteng.

    “Krisis Corona ingkang ngambrá-ámbrá ndadosaken Austria kangèlan,” ngendiká Susanne Kraus-Winkler minongká wakil paguyuban juragan hotel.

    “Párá tamu mesthinipun tindak mriki boten namung kanggé paningalan alam ingkang éndah edi peni, nanging ugi amargi raos aman slamet. Liburan klasik wanci Natal kadosipun boten kalap. Paling-paling tamu utami ingkang saget dipunjagiaken,” makaten Susanne Kraus-Winkler. Piyambakipun kagungan pangajeng sasi Januari saget nglajengaken pariwisátá malih.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Ngrawuhi Balletgala Kaping 23
    Next Article Banjir 1901, Bupati: Margi Klidang Dugi Tersono Risak
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.