Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Babad Tiyang Jawi ing Suriname
    Diplomasi

    Babad Tiyang Jawi ing Suriname

    By Eddi Santosa05.03.20212 Mins Read
    Het Javaanse Blad
    credit: knaw

    PARAMARIBO – Imigrasi kaping sepindhah tiyang Jawi dateng Suriname ing 1890 puniká minongká njajal kanggé pakebonan Mariënburg, kagunganipun Nederlandse Handel-maatschappij/NHM (Perusahaan Dagang Walandi, red).

    Sadèrèngipun ing pakebonan-pakebonan Suriname wau sampun wonten párá batur tukon (budhak) saking Afrika, lajeng buruh kontrak saking India (jaman semanten India taksih dados bagéan wilayah jajahan Inggris).

    Sawetawis pangintunan párá buruh kontrak India ing taun 1916 dipunmandhegaken amargi wonten perang sadonyá (Perang Dunia I), pangintunan saking Hindia Walandi (Indonesia) tetep dipunlajengaken dumugi Perang Dunia II. 

    Párá buruh kontrak jajahan saking Indonesia (wekdal semanten taksih Hindia Walandi) dipunbagi dados rombongan-rombongan alit, dipunangkut dateng tanah Walandi, lajeng saking mriká rombongan wau nglajengaken lelayaran malih dateng Paramaribo, Suriname.

    Párá tiyang saking Indonesia wau dugi taun 1914 (kejawi taun 1894) dipunangkut langkung Amsterdam saking Batavia (Jakarta), Semarang utawi Tanjung Priok ing mriku tiyang-tiyang wau ngaso sekedhap dipunkempalaken ing depot, dipundaftar, lan dipunpriksá keséhatanipun, lajeng tapakastá kontrak.

    Ing antawisipun tanggal 9 Agustus 1890 dugi 13 Dhésèmber 1939 cacahipun wonten 32.965 tiyang Jawi ing Suriname, sebagéan dugi 1954 wonten 8.684 (26%) ingkang kundur malih dateng Indonesia. Dados wonten kirang langkung 24.000 tiyang Jawi ingkang milih netep ing Suriname.

    Tiyang-tiyang wau dipunbujuki kanggé makaryá ing pakebonan-pakebonan, kejawi rombongan taun 1904. Ing taun puniká wonten 77 tiyang Jawi ingkang mligi dipunrawuhaken kanggé makaryá ing Koloniale Spoorwegen (Margi Sepur Kolonial). 

    Wiwit saking wekdal Perang Dunia I, kanthi pikantuk biyantu saking pamréntah, ugi wonten párá buruh tiyang Jawi ingkang makaryá ing Surinaamse Bauxietmaatschappij (Perusahaan Boksit Suriname) ing wilayah Moengo. (es/es)

    Nationaal Archief, Arsip Nasional Walandi

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRatu Máxima Kersá Nampi Buku Babagan Menopause
    Next Article Kathah Kecu, Kemis, 14 September 1950
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.