Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Babad Margi Tembus Pekalongan-Banjarnegara
    Jaman Mbah Buyut

    Babad Margi Tembus Pekalongan-Banjarnegara

    By Eddi Santosa31.10.20212 Mins Read
    Margi Tembus Pekalongan Banjarnegara - Het Javaanse Blad
    Mobil G.L. Tichelman ing margi Banjarnegara (Foto: KITLV)

    PEKALONGAN – Babad margi tembus Pekalongan-Banjarnegara dipunwiwiti taun 1939, kathahipun 1.100 dugi 1.200 kawulá makaryá saben dinten damel margi puniká.

    Kados sadèrèngipun sampun dipunbabaraken, dinten tanggal 12 Januari wonten ing Buaran dipunwiwiti pakaryan damel margi Buaran dugi Karangkobar. Wiwitanipun pakaryan puniká dipunrawuhi déning párá pangrèhprájá sáhá partikelir, makaten De Locomotief, dinten Senèn 16 Januari 1939.

    Karangkobar, 1905 (Foto: KITLV)

    Miturut pratélan, kanggé pakaryan puniká ugi dipunawontenaken slametan. Sadèrèngipun Bupati Raden Tumenggung Ario Soerjo (jumeneng 1924-1944) mbika kanthi ngaturaken pidato dumateng párá rawuh, antawisipun kados pripun wigatosipun margi puniká kanggé karaharjan párá kawulá.

    Bupati ugi maringi wawasan cekak aos riwayat pakaryan puniká, kawiwitan saking Gewestelijke Raad (Déwan Kutháprájá) ingkang pinten-pinten taun kapungkur sampun nggadhahi gagasan damel margi tembus dugi ngidul. Rencana puniká wekdal semanten kepentog kalih ragatipun ingkang awis sanget, ugi kasunyatan bilih wekdal semanten dèrèng saget kepanggih jalur ingkang cocog.

    Bupati Pekalongan - Het Javaanse Blad
    Bupati Pekalongan Raden Tumenggung Ario Soerjo & Raden Ayu, 1930 (KITLV/O. Hisgen & Co)

    Pamrèntah kabupatèn Pekalongan salajèngipun gotong-royong sareng kabupatèn Banjarnegara maujudaken margi tembus wau dados kasunyatan mawi subsidi saking welvaartsfondsen (bándhá karaharjan), inggih puniká margi sisih kidul dados bagéan garapanipun kabupatèn Banjarnegara.

    Bupati Pekalongan mawi pidato puniká ngaturaken matur nuwun ingkang kathah-kathah dumateng pamréntah, ugi dumateng Provinciale Waterstaatsdienst (Dines Pakaryan Umum Provinsi) ingkang sampun karsá makaryá sareng damel margi wau, ngrancang wragad, sáhá sedáyá panyiapanipun, ugi matur nuwun dumateng instansi sanèsipun ingkang sampun ndhèrèk mbiyantu utawi bakal badhé mbiyantu.

    Dados kawigatosan antawisipun pinten-pinten jalur sampun dipunpirsani, antawisipun jalur saking Bawang-Bandar-Doro, sarèhning kirang wigatos ugi wragadipun awis sanget, pramilá boten saget kasembadan. Jalur Buaran-Linggo-Paninggaran ingkang badhé dipunleksanaaken puniká ingkang paling cocog.

    Kejawi makaten, rintisan margi dateng tanah inggil Kalibening ingkang subur sáhá kecamatan Paninggaran ingkang gemah ripah raharjá bakal dados uwohing pakaryan puniká. Pramilá Bupati dhawuh dumateng párá kawulá ingkang nggarap margi supados makaryá kanthi temen ugi wanti-wanti bilih párá kawulá wau ingkang badhé ngraosaken paedahipun margi tembus Pekalongan-Banjarnegara puniká.

    Sareng kalih pandamelan margi tembus wau artá bakal ngglindhing dateng párá kawulá arupi opah buruh lan pambayaran material, sarèhning sedayanipun ndhèrèkaken párá kawulá dhusun piyambak.

    Kirang langkung 1.100 dugi 1.200 kawulá badhé dipunrekrut kanggé makaryá saben dinten nggarap margi. Párá kawulá mangsuli pidato Bupati sareng-sareng kanthi jumlegur, “inggih”, lajeng mungel gamelan dados pungkasan pidatonipun Bupati.

    Naliká párá kawulá sampun pistá slametan, Bupati lajeng nancepaken sekop ingkang kaping sepindhah minongká pratándhá pandamelan margi tembus Pekalongan-Banjarnegara puniká.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleEropa Mlebet Wanci Adhem, Wekdal Kaot 6 Jam
    Next Article Sampoerna Theater Bioskop Paling Ageng
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.