Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Banjir 1901, Bupati: Margi Klidang Dugi Tersono Risak
    Jaman Mbah Buyut

    Banjir 1901, Bupati: Margi Klidang Dugi Tersono Risak

    By Eddi Santosa30.11.20212 Mins Read
    Jawoh Seminggu Banjir Batang Pekalongan
    Jawoh seminggu © KITLV

    PEKALONGAN – Amargi banjir dinten Jemuah-Setu tanggal 1 lan 2 Februari kajawi kathah kretek dhusun, tanggul, lan pintu toyá ingkang jebol ugi kretek ageng ing margi Limpung-Tersono lan Tersono-Plantungan, saénggá boten saget kanggé miyos lalulintas, makaten Bupati Pekalongan ngaturaken kados kapethik saking Soerabaijasch Handelsblad (18/3/1901).

    Sarèhning banjir, sebagéan margi dateng Klidang risak, lajeng margi énggal ing Petungkerep caket halte karétá Roban, kecamatan Subah, ugi margi ageng Doro-Yosorejo, Yosorejo-Pasanggrahan Petungkriono lan Yosorejo-Kayupuning, lajeng margi Lebakbarang-Ketingkrang sáhá Lebakbarang-Karanganyar. Ugi wonten kadadosan siti longsor, saénggá kathah sabin risak lan ancur. 

    Amargi jawoh deres lan toyá muntab inggil pinten-pinten kretek, margi, tanggul sáhá taneman wonten ing kecamatan Tegal, Brebes, lan Pemalang ugi risak. 

    Wonten ing kawedanan Lebaksiu (kecamatan Brebes), sabin 5 bouw (bau, red) kaliyan taneman pantunipun lan 3/8 bau sabin tanpá taneman ancur amargi banjir muntaping lepèn Gung, ewodènten margi ageng Jejek nuju Batuagung risak nemen ing pinten-pinten panggénan. Lajeng caket kretek wesi Kumisik malah wonten bagéan margi gompal dowinipun 10 meter wiyaripun 6 meter gigis amargi toyá banjir.

    Saking lepèn ageng Kumisik sapuniká klelep banjir boten katingal malih, pintu toyá saking beton lan wesi wájá ugi ancur katerjang watu ageng saking inggil.

    Wonten ing distrik Balapulang ugi margi ageng antawis Margasari-Jatibarang lan Margasari Jatibungkus risak langkung nemen katimbang margi sanèsipun, éwodènten lepèn Donowarih ugi jebol. 

    Salajengipun amargi siti gigis wonten siti tegalan agengipun 60 R.R katut toyá lepèn Gung lan 8 R.R siti kebon tebu gadhahipun pabrik gendhis Kemanglen katut toyá lepèn Cacaban. R.R tegesipun vierkante Rijnlandse Roede utawi Tombak Rijnland persegi inggih puniká pakem ukuran ingkang taksih dipunanggé dugi taun 1937. Kanggé gampilipun kawulá awam nyebat: ukuran tombak.

    Ugi amargi siti longsor lan gigis wonten pakebonan kopi ancur, saénggá sebagéan taneman kopi ical muspro, ewodènten wit-witan Albezia ambruk kabedhol dugi oyot-oyotipun jalaran angin kenceng, dados nambah risakipun pakebonan kopi. Sadangunipun sedáyá karisakan wau dèrèng dipundandani, sampun dipunparingaken upákarti kanggé sawetawis wekdal.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleAustria Lockdown 10 Dinten
    Next Article Putri Beatrix Positif Covid-19
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.