Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Belgia Nglonggaraken Lockdown
    Internasional

    Belgia Nglonggaraken Lockdown

    By Eddi Santosa08.05.20211 Min Read
    Café téras - Het Javaanse Blad
    Café téras (Unsplash)

    BRUSSEL – Sasampunipun lockdown setengah taun, réstoran café téras ing Belgia kénging bikak malih, wiwit dinten sapuniká, Setu (8/5/2021).

    Palonggaran puniká dipunaturaken pamréntah Belgia kalih minggu kapengker, sarèhning virus Corona miturut pamréntah sawetawis sampun sirep saénggá nglonggaraken pranatan lockdown saget nggadhahi alesan.

    Pamréntah Belgia janipun minggu kálá wingi sampun badhé mundhut pranatan langkung longgar, nanging kuwatos nggègè mángsá lajeng milih ngatos-atos mundur saminggu.

    Réstoran café ing Belgia senaosá kantun saminggu nembé kénging bikak tinimbang Walandi, nanging jam bikakipun langkung dangu inggih puniká saking jam 08.00 dugi jam 22.00.

    Sadèrèngipun pamréntah namung badhé paring idin bikak dugi jam 20.00, nanging párá walikuthá sáhá párá juragan réstoran café boten saget nampi. Dipunaturaken bilih jam 20.00 párá tamu dèrèng bakal karsá kundur, piyambakipun mesthi kempalan ing panggénan sanèsipun.

    Kejawi makaten ugi boten wonten jam malem malih. Sadèrèngipun kawulá Belgia ing Brussel lan Wallonia kénging jam malem saking jam 22.00 dugi jam 06.00. Éwodéné kawulá ing Vlaanderen saking jam 00.00 dugi jam 05.00. Pranatan puniká wiwit 19 Oktober 2020.

    Tegesipun wiwit dinten sapuniká kawulá Belgia saget bébas medal griyá wanci dalu malih, nanging tetep kedah migatosaken protokol keséhatan. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWalandi Eksportir Kasil Tanèn No 2 Sajagad
    Next Article Dinten Ibu lan Lockdown, Toko Sekar Kuwalahan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.