Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Bèntenipun Sado, Délman, Bèndi, Dokar, Glindhing, Andhong
    Jaman Mbah Buyut

    Bèntenipun Sado, Délman, Bèndi, Dokar, Glindhing, Andhong

    By Eddi Santosa22.04.20212 Mins Read
    Délman - Het Javaanse Blad
    Délman, Batavia (Willem van de Poll, 1946)

    DEN HAAG – Kathah ingkang dèrèng pirsá bèntenipun sado, délman, bèndi, dokar, glindhing, andhong. Seratan puniká saget mangsuli ugi nambah kawruh.

    Sado saking tembung dos-á-dos, tegesipun pengkeran ngadhep pengkeran (ngoko: geger ngadhep geger, adu geger). Kados naminipun, puniká kerétá alit 2 penumpang, penumpang ngadhep wingking, adu pengkeran kalih kusir.

    Délman saking tembung Deeleman, ngagem asmanipun insinyur Amsterdam: Charles Théodore Deeleman (1823-1884). Ir. Deeleman ngrancang kerétá langkung ageng saking Sado, saget mbétá 4 penumpang, adhep-adhepan 2-2 sisih kiwá tengen (E. Sanders, 1993); Eponiemenwoordenboek: Woorden die teruggaan op historische personen, Amsterdam).

    etymologiebank

    Ing pinten-pinten panggénan délman puniká dipunwastani bènten-bènten miturut dialèk dhaérahipun, kados ing Batang-Pekalongan: glindhing, éwodènten ing Semarang: andhong, kados kaserat ing tembangipun Didi Kempot “Goyang Semarang” (klinthong-klinthong numpak andhong ngebel klingklong klingklong, grayah-grayah sak’e kosong kanthong bolong…).

    Kerétá damelan Ir. Deeleman puniká naté dados waháná angkutan utami ing Indonesia, kalebet Batang – Pekalongan, dugi taun 1980-an, sadèrèngipun sirná kalah kalih kendaraan mesin bèmo, colt damelan Jepang.

    Sado (kredit: menstallecluyse.be)

    Ewodènten bendi saking tembung bendy puniká kerétá alit satunggal penumpang (kalih kaliyan kusir), boten nganggé payon. Naliká jaman Walandi, Jaman Mbah Buyut kálá rumiyin, kerétá puniká asring dipunginaaken déning tuan-tuan tanah pakebonan kanggé mirsani pakebonanipun utawi párá priyantun inggil kekésahan ing dhusun-dhusun.

    Kados tembang sekolah “Babendi-bendi (Berbendi-bendi)” saking Minangkabau puniká nitih bèndhi keliling muji kaéndahan alam:

    babendi-bendi ka Sungai Tanang, aduhai sayang… singgahlah mamatiak, singgahlah mamatiak bungo lambayuang

    Kanthi umum sedáyá kendaraan wau dipunwastani dokar, utaminipun ing básá Jawi. Kados sampun kasebat ing Kacilakan Kali Banger 1932, dokar puniká saking tembung dogcar, lajeng déning lathi tiyang-tiyang pangucapanipun owah dados dokar. Sawetawis ing básá Indonesia kathahipun nganggé tembung délman. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKacilakan Kali Banger 1932
    Next Article Debat Tweede Kamer Babagan Corona
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.