Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Bra Martani, Kemis Kaping 6 Januwari 1876
    Jaman Mbah Buyut

    Bra Martani, Kemis Kaping 6 Januwari 1876

    By Eddi Santosa03.03.20212 Mins Read

    Banjir ing Sampang, Surábáyá. Naliká tanggal kaping 23 dumugi tanggal kaping 26 sasi Dhésèmber ingkang sampun kapengker puniká ing Sampang kabanjiran, lampahipun toyá boten kados banjiran ing Surákartá.

    Ing Surákartá menawi banjir ilining toyá boten santer, ing Sampang lampahipun toyá anglangkungi santeripun, griyá tuwin barang darbèkipun tiyang pakampungan kathah ingkang larut, uwos ing Pacinan pinten-pinten koyan ingkang boten katulungan kasesá.

    Dhatengipun toyá ngagét kémawon, párá sudagar wah para Ciná ingkang sami bikak toko sedáyá sami jenggruk. Saking pakabaran boten ngemungaken ing Sampang kémawon ingkang kabanjiran, ing Bangkalan utawi Sumenep, Pamekasan ugi kabanjiran.

    Katandhan pun R.A. Jáká Laloná

    Ing ngajeng kulá asring maos serat Bra Martani anggugujeng dhateng ingkang manjurung bab laré guyang kapal sasandèran. Kulá manah saking panastèn tuwin tanpá paédah, ing wasáná sareng dinten Rebo énjing wanci jam 7 sasi Dhésèmber puniká, kulá pinuju kliyek-kliyek anglemesaken suku dhateng radinan ageng.

    Boten dangu wonten kapal nyandèr saking kidul kathahipun 5 iji, ingkang numpak sami laré tumambirang, dumugi lèr kulá caket wonten laré alit umur 7 taun saking kilèn sumedyá mangétan ngleresi dhatenging kapal nyandèr wau. Rahayu laré bejanipun ingkang gadhah anak teká boten kapidak amung kalangkahan.

    Párá tiyang kiwá tengenipun ingkang sami mirsá sami jerit ngelokaken mati, lo dados leres ingkang atur pepenget ing ngajeng dhateng párá priyantun pulisi supados angambengáná laré guyang kapal sandèran.

    Katandhan Masudi (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Alexia Nglajengaken Sekolah ing SMA Mriki
    Next Article Walandi Ngendelaken Listrik Sumber Srengèngè, Angin, Toyá
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.