Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Bupati Batang Ngudi Tahun 2021 Sedáyá Dados Dhusun Pinter
    Internasional

    Bupati Batang Ngudi Tahun 2021 Sedáyá Dados Dhusun Pinter

    By Eddi Santosa02.03.20212 Mins Read
    credit: batangkab.go.id

    BATANG – Pamrèntah Kabupatèn Batang nggadhahi kekarepan sedáyá dhusun wonten ing wilayahipun saget mlebet pèrangan Dhusun Pinter.

    Puniká ngugemi paningal lan dhawuh Bupati Batang Wihaji sáhá Wakil Bupati Suyono nggih puniká program Dhusun Pinter lan Kuthá Pinter ingkang mlebet kekarepan strategis jángká madyá daérah.

    Program kasebat wau sayogyanipun sampun dipunkersaaken wonten ing taun 2020, nanging pagebluk Covid-19 ngunduraken program Dhusun Pinter wau ingkang sampun mlebet ing kekarepan jángká madyá daérah Pemrèntah Kabupatèn Batang taun 2020, saénggá Bupati Batang Wihaji dhawuh bilih taun 2021 sedáyá urusan ladènan masyarakat kedah saget rampung ing tingkat dhusun.

    “Amargi wonten pagebluk Covid-19 ndadosaken anggaran kekarepan Dhusun Pinter kedah dipunkethok, saénggá ingkang sayogyanipun sampun saget dipunwujudaken taun puniká dados katundhá lan dipunkarepaken malih kedah sampun rampung taun 2021,” makaten Bupati Wihaji naté ngendiká tumrap Tribunjateng.com, dipunwartosaken dinten Rebo (2/9/2020).

    Bupati nerangaken bilih Dhusun Pinter puniká landhasanipun teknologi informasi kanthi tujuan nggampilaken layanan dumateng párá wargi nganggé pangkalan data (Database) ingkang manunggal kalih sedáyá instansi lan OPD.

    Program Dhusun Pinter ugi bakal saget ningali masalah, mangertosi kahanan dhusun lan ngatur punápá kémawon sumber dáyá ingkang cumawis supados saget dipunginaaken kanthi èfèktif, èfisièn lan gampil, kanggé nginggilaken layanan dumateng párá warginipun.

    “Wonten ing jaman digital sapuniká párá wargi mbetahaken layanan ingkang kebat, satiti, cethá, lan gratis, pramilá Dhusun Pinter bakal saget mangsuli sedáyá wau nganggé pangkalan data ingkang manunggal kalih OPD,” makaten Bupati Wihaji.

    Sawetárá Kepala Dinas Pambudidáyá Wargi Dhusun Kabupatèn Batang Agung Wisnu Barata ngendiká bilih kanthi program Dhusun Pinter puniká sedáyá urusan saget tlesih ing tingkat dhusun, párá wargi boten usah malih tindak dateng Kecamatan utawi Kantor Seratan Sipil menawi mbetahaken dokumen padunungan.

    Bagéan piyambakipun sampun miwiti nindakaken program panglantihan kanggé nyiapaken sumber dáyá manungsanipun ing tingkat dhusun rumiyin.

    “Dhusun Pinter taksih kitá siyapaken tiyang-tiyangipun sáhá pirantinipun. Kanggé sumber dáyá manungsanipun kitá tumindakaken taun puniká, piranti atos utawi komputeripun kitá pundhutaken ing taun 2021,” makaten Agung Wisnu Barata. (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949
    Next Article Putri Alexia Nglajengaken Sekolah ing SMA Mriki
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.