Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Bupati Batang: Sekolah Ing Wilayah Ijem Covid-19 Saget Piwulang Adhep-adhepan
    Internasional

    Bupati Batang: Sekolah Ing Wilayah Ijem Covid-19 Saget Piwulang Adhep-adhepan

    By Eddi Santosa01.03.20211 Min Read
    credit: kompas.com

    BATANG – Bupati Batang, Jawi Tengah, Wihaji paring idin sekolah wonten ing wilayah ijem Covid-19 saget nindakaken malih wulang-piwulang adhep-adhepan mangké wiwitan sasi Maret 2021.

    “Paring piwulang adhep-adhepan wonten ing sekolah dipunmathukaken kalih kahanan panyebaran Covid-19 utawi ingkang kalebet wilayah ijem Covid-19,” ngendiká Bupati Wihaji kados dipunpethik saking Kompas (24/2).

    Bupati Wihaji maringi conto bilih panyebaran Covid-19 wonten ing dhusun Gerlang lan dhusun Prantèn, Kecamatan Bawang, Kabupatèn Batang, kaserat nul kasus. Pramilá sekolah ten dhusun kekalih wau dipun aturi saget ngawontenaken malih piwulangan adhep-adhepan.

    “Kulá mbayangaken satunggal taun kapengker puniká wonten masalah ingkang kulá kinten badhé mengaruhi ngguláwentahing karakter bongsá kitá,” makaten Bupati Wihaji.

    Bupati Wihaji kagungan jalaran piwulangan adhep-adhepan dipunawontenaken malih amargi kathah alangan ingkang dipunpanggihi naliká pangetrapan piwulangan saking tebih utawi pembelajaran jarak jauh (PJJ).

    “Kulá boten saget mbayangaken guru-guru ingkang tugas mulang wonten ing Prantèn lan Gerlang, wong madosi sinyal mawon angèl,” Bupati Wihaji nambahaken.

    Kanggé nyegah wontenipun klaster énggal Covid-19, miturut Bupati kegiatan sekolah adhep-adhepan kedah ndhèrèkaken aturan ingkang sampun dipunsyarataken.

    “Kulá nyuwun Pak Kadis Pendidikan lan Kabudayan ndamel standar prosedur, ndamel serat katerangan nganggé materai dipuntapakastani déning tiyang sepuh lan pengawas sekolah, saénggá piwulangan adhep-adhepan boten ndadosaken masalah ten wingking dinten,” makaten Bupati Wihaji. (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNitih Kapal Prins Willem II Tiyang Jawi Dugi Suriname Tahun 1890
    Next Article Ratu Tuwi Kriyá Dateng SD Sabina van Egmond
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.