Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Corona Muntab Malih, Walandi Semi Lockdown
    Den Haag

    Corona Muntab Malih, Walandi Semi Lockdown

    By Eddi Santosa12.11.20212 Mins Read
    Mark Rutte voor Rijksoverheid.nl
    Mark Rutte, Minister-President, Minister van Algemene Zaken

    DEN HAAG – Kabinèt kempal dadakan dinten Kemis ing Catshuis, dalem resmi Perdana Menteri, boten tebih saking KBRI Den Haag, ngrembag pitedhah saking Outbreak Management Team (OMT) babagan Corona ingkang muntab malih.

    Ugi dinten Kemis wau RIVM ngaturaken lapuran kathahipun tès positif sedinten mlesat wonten 16.000, paling kathah dugi wekdal sapuniká. Ingkang sadèrèngipun ongká makaten boten dados rembagan mundhut aturan kenceng, kabinèt demisionèr sapuniká mangu-mangu. 

    Dhawuh Menkes Hugo de Jonge ing Twitter, “Kanggé panjenengan piyambak, tiyang-tiyang saputeran panjenengan, kanggé njagi kamardhikan ingkang sampun karebut malih”

    Voor jezelf, voor de mensen om je heen, om onze herwonnen vrijheid te beschermen. Er zijn zoveel goede redenen om nu je prik te halen. Afgelopen week deden ruim 125.000 mensen dat. En heb je vragen? Stel ze! Dit is het moment. Kijk op 👉 https://t.co/NPlHbq4Hq5 pic.twitter.com/mOg6FkRiFR

    — Hugo de Jonge (@hugodejonge) November 10, 2021

    Párá menteri naliká rapat alot dugi Kemis dalu wonten ing Catshuis wau boten saget sarujuk tumrap pitakènan punápá pranatan kados lockdown sapuniká cocog, saget dipuntampi?

    Kemis dalu sanget, sumber NOS (puniká stasiun panyiaran publik kados BBC, red) ngaturaken bilih pungkasanipun toh saget sarujuk perkawis lockdown, nanging lockdown sebagéan utawi semi-lockdown (boten total) tur dangunipun cekap 3 minggu.

    Antawisipun horéca (hotèl, réstoran, café) lan toko-toko ingkang boten wigatos (bahan pokok) kedah tutup jam 19.00. Dipunprakiraaken dinten Jemuah sapuniká kabinèt sampun saget mundhut kaputusan, lajeng Jemuah dalu coronapersconferentie (konferènsi pers babagan Corona, red).

    Sadèrèngipun dinten Kemis énjing sampun bocor pirembag saking OMT ingkang sampun rapat dinten Rebo bilih kedah wonten pranatan langkung teges kenceng kanggé ngirangi panularan ingkang sapuniká muntab malih. 

    Pirembag saking OMT wau dèrèng resmi dipunbabaraken, nanging párá ahli kadosipun sampun paring pirembag dateng kabinèt antawisipun menggalih supados ngirangi wekdal bika restoran, café, lan toko-toko ingkang sanès kabutuhan pokok, ugi nutup teater, bioskop, lan tontonan ramé-ramé dangunipun pinten-pinten minggu.

    Pirembag saking OMT dipunprakiraaken bakal langkung teges, kenceng, makaten sumber saking lebet kabinèt. Kawiwitan minggu puniká kalangan kabinèt taksih nyepengi pangajeng-ajeng bilih opname ing griyá sakit saget mandhap, nanging kasunyatanipun jebul boten makaten.

    Ugi dipunpangajengaken bilih pitedhah babagan pratingkah saking konferènsi pèrs minggu kapungkur, kados dhawuh supados tetep njagi let 1,5 mèter, saget nggadhahi èfèk, nanging panelitèn RIVM minggu kapungkur nedhahaken bilih masyarakat boten peduli pitedhah ingkang sampun bolan-balèn. Kejawi makaten ugi kabuktèn bilih kontrol kartu Corona ing pinten-pinten panggènan boten melampah kados dipunkarsaaken.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Tuwi Kanegaran ing Norwegia
    Next Article Pangukuh Pranatan Walandi Kénging Ngagem Jilbab
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.