Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Damel Kuthá Ijo Royo-royo, Pamréntah Andum Winih Gratis
    Den Haag

    Damel Kuthá Ijo Royo-royo, Pamréntah Andum Winih Gratis

    By Eddi Santosa27.02.20212 Mins Read
    Den Haag

    Wargi kuthá Den Haag taun puniká kalih taun ngajeng saget pikantuk winih tetuwuhan gratis saking pamréntah kutháprájá. Pamréntah kanthi program puniká ngersaaken kuthá sangsáyá ijem, ijo royo-royo.

    “Den Haag salah satunggaling kuthá ten Walandi ingkang kathah bangunan beton. Pramilá kanthi program puniká kitá saget paring sumbangsih kanggé ndamel kuthá tambah éndah, sekécá, lan saget ngadhepi dampak owahing iklim,” ngendiká Arjen Kapteijns, ketua fraksi Groenlinks.

    Kuthá Den Haag jané sampun misuwur minongká kuthá ingkang asri ijo royo-royo, nanging taksih wonten panggénan ingkang taksih kirang makaten. Ugi kuthá internasional puniká salah satunggaling kuthá ingkang paling pepak warginipun lan ten taun-taun ngajeng bakal tambah malih.

    “Sampun wancinipun nambah tetuwuhan,” makaten Kapteijns.

    Nanging ten wiwitanipun program puniká angèl dipunlaksanaaken, amargi ambanipun tanah kuthá Den Haag namung separuh mawon ingkang kagunganipun pamréntah, lan ten tanah wau sampun boten kathah ingkang saget dipuntanemi, sampun kecaplok kanggé parkiran, trotoar, lan panggénan wadhah larahan.

    Pramilá pamréntah ngrangkul swasta kanthi maringi tetuwuhan gratis, kalebet swasta puniká antawisipun párá wargi, paguyuban lan perusahaan.

    “Saénipun nanem tetuwuhan ten tanah kagungan swasta nggih puniká lumrahipun tebih saking margi ageng lan langkung jembar, saénggá saget tuwuh langkung saé lan langkung dangu,” makaten Kapteijns.

    Den Haag piyambak wekdal sapuniká sampun nggadhahi 120.000 tetuwuhan ten tengah-tengahing kuthá. Kanthi program puniká dipunkarepaken nambah malih 600 tetuwuhan saben taun.

    “Kedah saget,” makaten Kapteijns.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePerdana Menteri Tansah Ngantor Nitih Sepéda
    Next Article Tetuwuhan Den Haag Wigatos Kanggé Iklim, Paling Sepuh Wiwit 1536
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.