Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Den Haag Setop Réklame Produk Fosil
    Den Haag

    Den Haag Setop Réklame Produk Fosil

    By Eddi Santosa09.10.20211 Min Read
    © unsplash/Rowan Heuvel

    DEN HAAG – Kutháprájá Den Haag boten paring idin malih tumrap réklame produk ingkang wonten kaitanipun kalih bahan bakar fosil.

    Aturan énggal puniká minongká kasil saking mosi ingkang dipunaturaken déning Partij voor de Dieren ing Gemeenteraad (DPRD) kutháprájá Den Haag. Kathahipun 23 suanten paring dukungan, 20 suanten nentang mosi puniká, makaten kapethik saking siaran Omroep West, dinten Jemuah (8/10).

    Kalebet réklame ingkang dipunlarang inggih puniká sedáyá produk otomotif nganggé bahan bakar fosil kados bènsin lan diesel, ugi rèklame airlines utawi liburan nganggé montor mabur, sarèhning waháná puniká kathahipun taksih nganggé bahan bakar fosil.

    Foto: Unsplash/Fons Heijnsbroek

    Éwodènten panggènan ingkang dipunmaksud inggih puniká halte tenggá bis lan tram, saénggá réklame-réklame produk nganggé bahan bakar fosil wau ical saking pasawangan kuthá lan wigatosan párá wargi Den Haag.

    Sapuniká Metropoolregio Rotterdam Den Haag (MRDH) utawi Wilayah Metropolitan Den Haag Rotterdam sampun miwiti prosedur tènder énggal kanggé gangsal taun majeng per sasi Oktober puniká.

    Jalaranipun amargi krisis iklim ingkang ndorong Partij voor de Dieren ngaturaken mosi wau.

    “Kanggé nanggulangi owahipun iklim kitá kedah marèni nganggé batubara, lengá, lan gas bumi. Minongká jangkah kaping sepindhah inggih puniká boten kénging wonten réklame malih kanggé produk-produk wau,” makaten pangajeng fraksi Robert Barker tumrap Omroep West. 

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleUni Eropa Nglarang Bahan Kelir Pangan Puniká
    Next Article Poep Séhat Miturut ‘Dokter Poep’ Gottenbos
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.