Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Dermatolog: Asring Cuci Astá Saget Kénging Èksém
    Den Haag

    Dermatolog: Asring Cuci Astá Saget Kénging Èksém

    By Eddi Santosa16.05.20212 Mins Read
    Èksém astá - Het Javaanse Blad
    Saputering socá (Unsplash)

    DEN HAAG – Kulit astá abrit tur gatel-gatel? Sarèhning asring nyuci astá, kulit astá dados garing, saget kénging èksém ingkang lajeng saget mrèmbèt.

    Dermatolog (dokter spesialis kulit) Gertruud Krekels mangertos bilih sedáyá wau ketingal anèh. Kados ketingal anèhipun bilih langkung saé nyuci astá nganggé dèsinfektan alkohol ingkang ketingalipun agrèsif tumrap kulit.

    Kahanan umum: cuci astá (kredit: Unsplash)

    “Alkohol malah kirang ndadosaken kulit garing tinimbang toyá,” makaten Gertruud Krekels.

    Krekels sapuniká makaryá ing MoshA, satunggaling klinik spesialis kulit ing kuthá Eindhoven, kalebet bagéan saking Radboudumc kaliyan TU/e kanggé panelitian.

    “Kulit dados garing amargi toyá lan sabun, lajeng dados abrit, bencirih tur ringkih. Utaminipun sapuniká kitá langkung asring tur dangu kedah nyuci astá, pramilá kedah ngrumat kulit astá kanthi temen. Cekap nganggé handcrème,” ngendiká Krekels.

    Kulit perih, iritasi, éksém (kredit: Unsplash)

    Miturut Krekels, kirang langkung 10% kawulá Walandi gampil kènging handeczeem, èksém ing bagéan astanipun. Ngirangi nyuci astá sanès pilihan. Piyambakipun maringi pitutur bilih nganggé alkohol malah langkung saé, boten nyebabaken kulit énggal garing, utaminipun alkohol spray (semprot).

    “Pengalaman mbuktiaken bilih nganggé alkohol kontak kulit astá langkung cepet, sawetawis nyuci nganggé toyá lan sabun langkung dangu, gampil dadosaken iritasi lajeng kénging èksém,” makaten Krekels.

    Piyambakipun wanti-wanti bilih èksém ing astá ugi gampil mrèmbet, utaminipun tumrap panggènan-panggènan kulit ingkang tipis saputering socá lan daérah jonggá.

    “Énggal mrèmbèt dateng bagéan-bagéan sanèsipun ing badan panjenengan, utaminipun panggènan kulit ingkang tipis, antawisipun saputering socá lan daérah jonggá. Selá-selá kulit ingkang dados kasar amargi èksém ugi gampil ketèmpèlan baktéri lan jamur,” Krekels nerangaken.

    Nyegah langkung saé tinimbang ngobati, dados sadèrèngipun iritasi kulit lajeng kènging èksém, Krekels maringi pitutur supados saben dalu mèh saré kedah mborèhi astá nganggé handcrème utawi cetomacrogol, saget mundhut ing toko obat utawi apotik.

    “Ampun nganggé vaseline, sebab vaseline lèngkèt nilaraken bekas,” makaten Krekels. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleIng Walandi Idul Fitri Dipunwastani Suikerfeest
    Next Article 17 Mei Gusti Kanjeng Ratu Tanggap Warsá
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.