Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Detik-detik Déwan Sarujuk Pambibaran Kabupatèn Batang
    Jaman Mbah Buyut

    Detik-detik Déwan Sarujuk Pambibaran Kabupatèn Batang

    By Eddi Santosa21.05.20213 Mins Read
    Bupati Pekalongan - Het Javaanse Blad
    Bupati Pekalongan Raden Adipati Ario Wirjodinegoro (tengah), residèn R.P.W. MacGillavry (sisih kiwá Bupati) nampi delegasi Kemdagri (KITLV/Woodbury & Page, Batavia)

    BATANG – Rapat umum Déwan Kutháprájá utawi Kabupatèn Batang dinten Kemis (25 April 1935), antawisipun ngajengaken advis Gubernur Jawi Tengah perkawis rencáná pamréntah kanggé mbibaraken kabupatèn Batang lajeng nggabungaken lebur dados satunggal kalih Kabupatèn Pekalongan.

    wargi Batang bakal ngraos dipuntilaraken, nanging puniká namung masalah rásá-rumángsá mawon, tiyang-tiyang wau badhé énggal biasa malih.

    J.M. Biekart, Déwan Kabupatèn

    Komisi ingkang dipundhapuk déning Déwan naliká rapat ingkang kapengker, kanthi anggotá inggih puniká tuwan J. M. Biekart, R. M. P. Kartohadinoto sáhá R. Ismaël Koesoemopoetro, sampun cekak aos ngaturaken lapuranipun dumateng Déwan lan saking lapuran wau ketingal cethá bilih Komisi boten nggadhahi kaawratan tumrap rencáná pambubaran kabupatèn.

    Pekalongan - Het Javaanse Blad
    Résidèn Pekalongan J.J.M.A. Popelier, baris ngajeng, kaping 4 saking kiwá, 1930 (KITLV/Ong Lian Khaij)

    Wonten ing rapat puniká tuwan Biekart minongká Pangarsá Komisi nerangaken kanthi detil lapuran wau, sáhá ngèngetaken bilih sedáyá kedah tetep ndhèrèkaken wawaton ingkang tenang lan nilaraken sèntimèn, makaten De Locomotief, dinten Jemuah (26/4/1935).

    kedah ndhèrèkaken wawaton ingkang tenang, tilaraken sèntimèn

    J.M. Biekart, Déwan Kabupatèn

    Biekart ngaturaken ing ngarsaning Déwan wawaton-wawaton pamréntah dugi pambibaran Kabupatèn Batang minongká kabupatèn paling alit ing Jawi Tengah, sawetawis kabupatèn puniká nggadhahi tatanan ingkang sami kados Kabupatèn Pekalongan.

    Bupati Raden Mas Adipati Ario Dhipokoesoemo & Raden Ajoe, 1930 (KITLV/O. Hisgen & Co)

    Kaawratan-kaawratan teknis miturut Pangarsá Komisi Biekart boten wonten. Piyambakipun ngakèni bilih párá kawulá lan wargi Batang bakal ngraos dipuntilaraken, nanging babagan puniká namung masalah rásá-rumángsá utawi sèntimèn mawon, tiyang-tiyang wau badhé énggal ngraos biasa malih.

    Bawang lan Subah lebetaken Kendal, ampun mlebet Pekalongan

    R. Ismaël, Déwan Kabupaten

    Tuwan R. Ismaël ngaturaken bilih miturut panggalihipun langkung saé manawi Kecamatan Bawang lan Subah dipunlebetaken dateng Kabupatèn Kendal lan boten mlebet Pekalongan. Mangsuli babagan puniká, tuwan Biekart ngarahaken bilih ing perkawis puniká Komisi utawi Déwan boten wewenang kanggé mutusaken.

    Bupati Pekalongan Raden Tumenggung Ario Soerjo & Raden Ayu, 1930 (KITLV/O. Hisgen & Co)

    Tuwan Makoen kuwatos bilih salebeting panggabungan kalih Pekalongan mangké kawigatosan-kawigatosanipun Batang bakal kasisih ing wingking, upaminipun sapuniká Kabupatèn Batang gadhah poliklinik ing Bandar sáhá lampu panerangan ing dalem kuthá Batang. Bok manawi, dèning panggabungan wau sedáyá tatanan wau boten dipunlajengaken.

    Pangarsá Komisi ngèngetaken bilih ing babagan puniká tuwan Makoen boten usah kuwatos, sarèhning ing kabupatèn ingkang tambah wiyar mangké, párá anggota Déwan wekdal sapuniká ugi bakal lenggah ing Déwan Kabupatèn Pekalongan ingkang dipunwiyaraken lan salajengipun saget mbèlani kawigatosan-kawigatosan Batang.

    Sasampunipun rapat dowi-wiyar tur detil, lajeng dipunputusaken kanthi aklamasi sarujuk kalih putusanipun Komisi bilih Déwan Kabupatèn Batang saget ndhèrèkaken kabijakanipun Gubernur Jawi Tengah, arupi pambibaran utawi panutupan Kabupatèn Batang lajeng lebur gabung dados satunggal kalih Kabupatèn Pekalongan.

    Salajengipun agénda-agénda rapat ingkang boten merloaken debat langsung dipuntampi, antawisipun sarujuk: 

    1. Ngaturaken mosi saking Déwan Kabupatèn Banjarnegara perkawis mandhapaken regi sarem.
    2. Maringi subsidi dumateng organisasi provinsi Jawi Tengah kanggé Stichting Centrale Vereeniging tot Tuberculose Bestrijding (Yayasan Pakumpulan Pananggulangan Tuberkulosis) ing Hindia Walandi saben taun 25 gulden.
    3. Netepaken pangowahan Pranatan Pasanggarahan lan Padusan ingkang mandhapaken tarif pamandian dados: (a) 10 sèn gulden kanggé mlebet tanpá siram, (b) 25 sèn gulden kanggé siram paling dangu 30 menit, (c) 1 gulden kanggé buku kupon saget kanggé siram kaping 5.
    4. Netepaken pamréntah kabupatèn badhé alih-pundhut margi dhusun ingkang kalenggahanipun caket kalih pasar kabupatèn ing Limpung.

    Salajengipun mangké Déwan Kabupatèn Pekalongan (sasampunipun panggabungan) badhé ngrembug masalah puniká ing tanggal 4 Mei. Minongká anggota dipundhapuk: 1. M. Tjitrosoewarno, 2. C. H. K. Mahler, 3. R. S. Poerwosiswojo, 4. M. S. Karjohatmodjo lan 5. Kwee Hoo Kam. Minongká sekretaris dipundhapuk: R. Soempeno, pengawas urusan pasar. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article81% Kawulá Walandi Milih Vaksin Pfizer
    Next Article Ratu Tuwi A.S. Talmaschool sáhá Eurovisie Songfestival
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.