BATANG – Rapat umum Déwan Kutháprájá utawi Kabupatèn Batang dinten Kemis (25 April 1935), antawisipun ngajengaken advis Gubernur Jawi Tengah perkawis rencáná pamréntah kanggé mbibaraken kabupatèn Batang lajeng nggabungaken lebur dados satunggal kalih Kabupatèn Pekalongan.
Komisi ingkang dipundhapuk déning Déwan naliká rapat ingkang kapengker, kanthi anggotá inggih puniká tuwan J. M. Biekart, R. M. P. Kartohadinoto sáhá R. Ismaël Koesoemopoetro, sampun cekak aos ngaturaken lapuranipun dumateng Déwan lan saking lapuran wau ketingal cethá bilih Komisi boten nggadhahi kaawratan tumrap rencáná pambubaran kabupatèn.
Wonten ing rapat puniká tuwan Biekart minongká Pangarsá Komisi nerangaken kanthi detil lapuran wau, sáhá ngèngetaken bilih sedáyá kedah tetep ndhèrèkaken wawaton ingkang tenang lan nilaraken sèntimèn, makaten De Locomotief, dinten Jemuah (26/4/1935).
Biekart ngaturaken ing ngarsaning Déwan wawaton-wawaton pamréntah dugi pambibaran Kabupatèn Batang minongká kabupatèn paling alit ing Jawi Tengah, sawetawis kabupatèn puniká nggadhahi tatanan ingkang sami kados Kabupatèn Pekalongan.
Kaawratan-kaawratan teknis miturut Pangarsá Komisi Biekart boten wonten. Piyambakipun ngakèni bilih párá kawulá lan wargi Batang bakal ngraos dipuntilaraken, nanging babagan puniká namung masalah rásá-rumángsá utawi sèntimèn mawon, tiyang-tiyang wau badhé énggal ngraos biasa malih.
Tuwan R. Ismaël ngaturaken bilih miturut panggalihipun langkung saé manawi Kecamatan Bawang lan Subah dipunlebetaken dateng Kabupatèn Kendal lan boten mlebet Pekalongan. Mangsuli babagan puniká, tuwan Biekart ngarahaken bilih ing perkawis puniká Komisi utawi Déwan boten wewenang kanggé mutusaken.
Tuwan Makoen kuwatos bilih salebeting panggabungan kalih Pekalongan mangké kawigatosan-kawigatosanipun Batang bakal kasisih ing wingking, upaminipun sapuniká Kabupatèn Batang gadhah poliklinik ing Bandar sáhá lampu panerangan ing dalem kuthá Batang. Bok manawi, dèning panggabungan wau sedáyá tatanan wau boten dipunlajengaken.
Pangarsá Komisi ngèngetaken bilih ing babagan puniká tuwan Makoen boten usah kuwatos, sarèhning ing kabupatèn ingkang tambah wiyar mangké, párá anggota Déwan wekdal sapuniká ugi bakal lenggah ing Déwan Kabupatèn Pekalongan ingkang dipunwiyaraken lan salajengipun saget mbèlani kawigatosan-kawigatosan Batang.
Sasampunipun rapat dowi-wiyar tur detil, lajeng dipunputusaken kanthi aklamasi sarujuk kalih putusanipun Komisi bilih Déwan Kabupatèn Batang saget ndhèrèkaken kabijakanipun Gubernur Jawi Tengah, arupi pambibaran utawi panutupan Kabupatèn Batang lajeng lebur gabung dados satunggal kalih Kabupatèn Pekalongan.
Salajengipun agénda-agénda rapat ingkang boten merloaken debat langsung dipuntampi, antawisipun sarujuk:
- Ngaturaken mosi saking Déwan Kabupatèn Banjarnegara perkawis mandhapaken regi sarem.
- Maringi subsidi dumateng organisasi provinsi Jawi Tengah kanggé Stichting Centrale Vereeniging tot Tuberculose Bestrijding (Yayasan Pakumpulan Pananggulangan Tuberkulosis) ing Hindia Walandi saben taun 25 gulden.
- Netepaken pangowahan Pranatan Pasanggarahan lan Padusan ingkang mandhapaken tarif pamandian dados: (a) 10 sèn gulden kanggé mlebet tanpá siram, (b) 25 sèn gulden kanggé siram paling dangu 30 menit, (c) 1 gulden kanggé buku kupon saget kanggé siram kaping 5.
- Netepaken pamréntah kabupatèn badhé alih-pundhut margi dhusun ingkang kalenggahanipun caket kalih pasar kabupatèn ing Limpung.
Salajengipun mangké Déwan Kabupatèn Pekalongan (sasampunipun panggabungan) badhé ngrembug masalah puniká ing tanggal 4 Mei. Minongká anggota dipundhapuk: 1. M. Tjitrosoewarno, 2. C. H. K. Mahler, 3. R. S. Poerwosiswojo, 4. M. S. Karjohatmodjo lan 5. Kwee Hoo Kam. Minongká sekretaris dipundhapuk: R. Soempeno, pengawas urusan pasar. (es/es)