Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Dinten Ibu lan Lockdown, Toko Sekar Kuwalahan
    Den Haag

    Dinten Ibu lan Lockdown, Toko Sekar Kuwalahan

    By Eddi Santosa08.05.20212 Mins Read
    Sekar Dinten Ibu - Het Javaanse Blad
    Kanggé Dinten Ibu (Unsplash)

    DEN HAAG – Toko sekar ing Walandi kuwalahan ngadhepi pesenan bukèt sekar kanggé Dinten Ibu mbénjing Ngahad (9/5/2021).

    Reginipun sekar ugi ndhèrèk mindhak

    Royal FloraHolland

    Bènten kaliyan Indonesia, Dinten Ibu ing mriki dhawah saben dinten Ngahad kaping kalih ing sasi Mei. Miturut toko sekar, minggu puniká omzet sadéan sekar minggah dugi 50% kalawan dinten-dinten biasa, sawetawis toko sekar online Fleurop omzetipen mindhak ngantos tikel gangsal.

    Bukèt sekar ing griyá (Unsplash)

    “Reginipun sekar sekar ugi ndhèrèk mindhak,” ngendiká Royal FloraHolland, pusering lélang sekar ing Walandi kapethik saking nu.nl

    Sarèhning wonten pranatan Corona angèl anggènipun kepanggih, sowan, utawi medhayoh, kawulá ing Walandi langkung asring tumbas sekar lajeng kanggé mbingahaken dipunkintun dumateng tiyang sepuh, réncang, utawi sanèsipun.

    Sekar pancèn tansah dados kado kanggé Dinten Ibu

    Bram Rijkers
    Toko sekar (Unsplash)

    “Anyambut dinten Ibu, sedáyá wau bakal tambah tikel-tikel malih. Temtu saben toko bènten-bènten, nanging rátá-rátá omzètipun mindhak 35% dugi 50% kalawan dinten-dinten biasa,” makaten Bram Rijkers, manajer komersial Vereniging Bloemist Winkelier/VBW (Pakumpulan Juragan Toko Sekar) mrakiraaken.

    Pripun kémawon ing wanci pagebluk Corona lajeng lockdown pancènipun kathah kawulá ingkang tumbas sekar, boten namung kanggé mbingahaken tiyang sepuh, kaluargi, réncang, utawi sanèsipun, nanging ugi kanggé nyemarakaken griyá piyambak.

    “Kajawi makaten sekar pancèn sampun tansah dados kado lumrah kanggé Dinten Ibu,” makaten Rijkers.

    Sawetawis puniká miturut Direktur Fleurop Jeroen de Zwart pesenan bukèt sekar mawi online langkung ramé. Pungkasan minggon sadèrèngipun Dinten Ibu sampun mlebet 50% pesenan langkung kathah kalawan dinten biasanipun. 

    “Ing minggu kapengker pesenan wau terus nambah, ing pundi dinten Jemuah lan Setu malah dugi tikel kaping gangsal kalawan dinten-dinten normal,” makaten De Zwart.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBelgia Nglonggaraken Lockdown
    Next Article Walandi Badhé Nganggé Kartu QR Bébas Corona
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.