Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Dr. Jacqui van Kemenade: Siyam Séhat, Saget Nyegah Diabetes
    Internasional

    Dr. Jacqui van Kemenade: Siyam Séhat, Saget Nyegah Diabetes

    By Eddi Santosa15.04.20213 Mins Read
    Dr. Jacqui van Kemenade - Het Javaanse Blad
    Dr. Jacqui van Kemenade (linkedin)

    ROTTERDAM – Punápá siyam puniká séhat? Lajeng pripun caranipun siyam ingkang leres pener? Miturut Dr. Jacqui van Kemenade, siyam puniká séhat tur malih saget nyegah penyakit Diabetes Tipe 2.

    Sajangkepipun pitutur saking Dr. Jacqui van Kemenade, dokter ing kuthá Breda sáhá ahli gaya gesang, ugi panyerat buku Leefstijl op Recept (Gaya Gesang Miturut Resèp) ingkang dipunbabaraken déning Uitgeverij Scriptum.

    Ramadan sasi siyam kanggé umat Islam. Punápá siyam puniká séhat?

    “Ramadan puniká satunggaling wujud siyam ingkang dipunwastani intermittent fasting utawi siyam intermitèn, tegesipun cekak aos: sadangunipun wekdal katemtu boten dhahar. Éwodéné Ramadan, boten dhahar antawis fajar dugi maghrib. Makaten Ramadan kadosipun paling mathuk kalih siyam metodhe 16/8, dangunipun 16 jam boten dhahar, 8 jam saget dhahar malih,”

    unsplash

    Puniká boten dhahar dangu makaten wau séhat?

    “Saking ujicobá kéwan kabuktiaken bilih tikus-tikus mencit ingkang antawis wekdal 8 jam pikantuk pakan, 16 siyam, langkung fit, langkung awas, lan tetep langsing tinimbang tikus-tikus mencit ingkang tetep ngemil 24 jam kanthi pakan ingkang cacahipun sami. Tiyang-tiyang ingkang siyam ugi ngendikan paédah ingkang sami: piyambakipun ngraos langkung fit, langkung bragas lan langkung awas,”

    Nanging kitá mesthinipun mbetahaken tenágá sadangunipun dinten wau? Punápá kitá saguh dangu kados makaten tanpá dhahar?

    “Temtu! Salirá kitá gampil sanget saget dangu tanpá dhahar. Salirá kitá nyimpen ènèrgi ingkang saget dipunginaaken menawi sawetawis boten pikantuk bahan bakar énggal. Langkung teges malih: langkung saé menawi kitá arang-arang dhahar. Kálá rumiyin kita dhahar sedinten namung kaping tigá. Jaman sapuniká, kalih ngemil camilan kadosipun kitá dhahar sedinten kaping dásá,”

    Punápá kados makaten niku boten saé?

    “Menawi kita asring dhahar, salirá kitá boten saget ngaso kanggé mulihaken lan ngresiki larahan antawis wekdal dhahar wau. Menawi kitá siyam dangu boten dhahar, salirá kitá pikantuk wekdal kanggé ngresiki larahan lan ngginaaken malih. Prosès puniká dipunwastani autofagie,”

    Camilan Marokko sarwá manis

    Punápá siyam ugi saget nyegah penyakit Diabetes Tipe 2?

    “Pancènipun makaten. Sabab, siyam ndadosaken salirá tetep sensitif kalih insulin. Saben-saben kitá dhahar, kadar gendhis rah kitá minggah, lajeng insulin dipundamel kanggé mbuwang gendhis. Menawi makaten wau asring sanget, sèl-sèl salirá kitá ngalami ‘mblenger insulin’, kebal insulin, lajeng boten reaksi malih tumrap insulin. Kebal insulin puniká pungkasanipun ndadosaken penyakit Diabetes Tipe 2. Siyam mbalikaken prosès wau, asal nglampahi siyam kanthi leres pener,”

    Pripun caranipun nglampahi siyam metodhe 16/8 utawi Ramadan kanthi leres pener?

    “Ampun nglampahi siyam lajeng sasampunipun buká bablas dhahar punápá mawon ingkang panjenengan kersá. Salirá kitá saguh 16 jam tanpá dhahar, nanging rekásá sanget menawi wekdal buká kathah pikantuk gendhis ingkang manis-manis. Sabab kadar gendhis rah bakal mlesat minggah kanthi cepet, lajeng anjlok mandhap malih ugi kanthi cepet.

    Kahanan wau dipunwastani cravings: ngangeni gendhis langkung kathah malih, sangsáyá ngersaaken ingkang manis-manis. Pramilá ampun dhahar buká kathah ingkang manis-manis, langkung saé ingkang kathah serat, kathah sayuran, lan ulam. Dinten bènjingipun panjenengan ugi bakal langkung gampil nglampahi siyam. Paédah keséhatan saking siyam namung saget dipuntampi menawi panjenengan ugi migatosaken dhaharan,”

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWalandi Dèrèng Badhé Nglonggaraken Lockdown
    Next Article 1933, Perang És Indramayu
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.