Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Dutá Ageng Tuwi Kraton Pralambang Tentrem lan Adil ing Donyá
    Den Haag

    Dutá Ageng Tuwi Kraton Pralambang Tentrem lan Adil ing Donyá

    By Eddi Santosa12.05.20213 Mins Read
    Mahkamah - Het Javaanse Blad
    Kraton Katentreman, Den Haag (kredit: Trouw)

    DEN HAAG – Dirjèn Carnegie Foundation-Peace Palace and Treasurer of the Hague Academy of International Law Erik de Baedts nyambramani párá Dutá Ageng ingkang karsá tilik Kraton Katentreman (Peace Palace) sasampunipun ngaturaken serat-serat piandel ing Walandi antawis 2020 lan 2021. 

    Minongká bagéan acárá ingkang sampun dipunwiwiti ing 2019, Kraton Katentreman sesarengan kaliyan Diplomat Magazine biasanipun badhé ngaturaken resèpsi privat kanggé párá Dutá Ageng énggal. Sarèhning wonten pranatan anti-COVID, resèpsi tradisional wau sapuniká dipungantos dados tilik dateng Kraton Katentreman, dipundhèrèkaken langsung déning Dirjèn De Baedts. 

    “Dugi wekdal sapuniká kulá rumaos bagyá saget nyambramani Dutá Ageng Mesir, Panama, lan Rwanda. Piyambakipun sedáyá nedhahaken karsá ingkang temen tumrap Kraton Katentreman lan sedáyá tumindakipun mawi prájá ing mriki kanggé mbangun katentreman mawi hukum,” ngendiká Dirjèn De Baedts.

    Miturut Dirjèn, Dutá Ageng Panama Elizabeth Ward Neiman paring wigatos ing arsitèktur sáhá warisan kabudhayan Kraton Katentreman, éwodènten Dutá Ageng Mesir Hatem Elsayed Mohamed Kamaleldin sanget nggatosaken pripun caranipun nindak lakon èkstrimis lan pripun caranipun mbangun katentreman sáhá ténggang raos antawisipun kawulá ingkang bènten-bènten asal-usul lan agami.

    “Kulá kepanggih Dutá Ageng Rwanda Tn. Olivier Jean Patrick Nduhungirehe sadinten sasampunipun kulá nyekar ing monumèn seberang Kraton Katentreman kanggè mprèngeti párá korban Perang Donyá kaping II. Kulá sinau kathah saking owah-owahing Rwanda sadangunipun pinten-pinten dásáwarsá kapengker. Kitá nggadhahi kawigatosan ingkang sami kanggé nyegah kakiyatan panyingkiran lan aniáyá dumateng minoritas,” makaten Dirjèn Baedts.

    Kraton Katentreman ngayomi 2 pangadilan ingkang paling wigatos sajagad inggih puniká: International Court of Justice (Mahkamah Internasional), minongká satunggal-satunggalipun badan utami PBB ingkang kalenggahanipun ing njawi New York, lajeng Permanent Court of Arbitration (Mahkamah Arbitrase Ajeg), ugi dados kalenggahan Akademi Hukum Internasional Den Haag.

    Kraton Katentreman dipunbangun sasampunipun Konferènsi Katentreman Den Haag kaping sepindhah tahun 1899. Pungkasanipun dipunresmiaken ing taun 1913, berkat sokonganipun Andrew Carnegie, pangadeg The Carnegie Foundation (Yayasan Carnegie) kanggé nguri-nguri Kraton Katentreman salaminipun.

    Yayasan Carnegie ugi ngayomi Pabukon Kraton Katentreman lan dados kalenggahan Akademi. Kraton puniká sampun dipuntetepaken minongká Monumèn Nasional lan pikantuk European Heritage Label (Layang Ètikèt Warisan Eropa) ingkang nedhahaken bilih kraton puniká nggadhahi pangaos budháyá, babad, sáhá arsitèktur ingkang inggil.

    Kejawi makaten, Kraton Katentreman ugi ngaturi panggénan kanggé konferensi ingkang ngrembug konsep-konsep hukum internasional ingkang utami. Sairing kalih wau The Hague Academy of International Law wiwit dinten pangadeganipun sampun ndidik langkung saking 50.000 mahasiswa lan advokat saking pundi kémawon sadonyá, kalebet párá calon Dutá Ageng sáhá hakim saking pinten-pinten nagari.

    Sarasèhan antawisipun Dirèktur Jénderal Kraton Katentreman kaliyan párá Dutá Ageng énggal, ingkang dipunawontenaken déning Kraton Katentreman sareng kaliyan Diplomat Magazine ngarsaaken pralambang wigatosipun cancut tali wándá kanggé ngupáyá mujudaken katentreman antawisipun sedáyá negárá sadonyá.  

    “Kulá dongaaken mugi-mugi párá Dutá Ageng pikantuk kabegjan sadangunipun ngastá dhawuh ing Den Haag lan mugi-mugi kulá saget kepanggih piyambakipun langkung asring sasampunipun kraton kénging bikak malih ing wekdal pandemi,” makaten Dirèktur Jénderal de Baedts. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRatu Paring Restu Langkung Kathah Piwulang Musik
    Next Article Ngrawuhi Syuting Film “De Oost”, Film Perang Kamardhikan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.