Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Eduard Cousin Babagan Tradisi Kuliner Ramadan
    Internasional

    Eduard Cousin Babagan Tradisi Kuliner Ramadan

    By Eddi Santosa18.04.20212 Mins Read
    Ramadan - Het Javaanse Blad
    unsplash

    HILVERSUM – Eduard Cousin, korèspondèn ing Kairo, Mesir, mlebet Islam, ningkah kalih wanitá Mesir, nyariosaken babagan tradisi kuliner Ramadan ing Mesir, lan pripun kahanan kuthá Kairo salebeting Ramadan.

    “Kairo saèstu normalipun kuthá 24/7 (tegesipun siang dalu boten naté sepen, red), satunggaling kuthá ingkang tansah ramé boten naté mandheg. Nanging wanci Ramadan menawi siang anteng, kuthá Kairo dados kalem kanthi tempo ingkang bènten, lajeng minggah ramé malih setengah jam sadèrèngipun maghrib lan satunggal jam sasampunipun. Wekdal semanten lajeng sedáyá sinten kémawon lenggah dhahar,” ngendiká Eduard Cousin ing Mangiare, siaran NPO Radio 1.

    “Salajengipun gesang wargi Kairo normal malih dugi dalu lan kahanan njawi griyá ramé sanget boten kinten-kinten. Nanging wanci iftar (dhahar buká, red) biasanipun dhahar ing griyá sareng-sareng kaluargi. Lajeng menawi sahur tiyang-tiyang mriki langkung remen dhahar ing njawi griyá, pramilá restoran-restoran mesthi kebak ramé,” makaten Cousin.

    arabnews

    Miturut Eduard Cousin, kanggé saliranipun piyambak ing Kairo iftar puniká minongká wekdal kanggé sareng-sareng dhahar ing griyá kalih kaluargi lan mesthi dhaharanipun komplit rupi-rupi warni.

    “Sedáyá punápá kémawon dipunsaosaken ing méjá: daging bèbèk, mendhá utawi lembu, rupi-rupi sayuran khas kulinèr Mesir kados mashi(sayur isi, red), sup molochia, sáhá dolma (godhong anggur isi, red),” ngendiká Eduard Cousin.

    Ramadan dangunipun sesasi miturut pananggalan rembulan, ingkang étanganipun langkung cekak tinimbang pananggalan srengéngé. Sesasi cacahipun 28/29 dinten.

    “Siyam Ramadan sesasi pancèn dangu, nanging saben dalu wonten iftar, lan puniká ugi wekdal sosial ten pundi tiyang-tiyang sami kempal kalih kaluargi lan réncang-réncang,” makaten Eduard Cousin.

    Unsplash

    Jurnalis kulinèr Hassnae Bouazza matur bilih ing Walandi iftar taun-taun kapengker dipunwiwiti langkung dalu tinimbang ing Timur Tengah.

    “Sarèhning ing mriká srengéngé langkung énggal mlingsep. Nanging Ramadan wekdalipun tansah nggèsèr lan dhawahipun tansah majeng, dados satunggaling dinten siyam bakal langkung gampil, sebab Ramadan bakal dhawah ing wanci mongsá adhem,” makaten Bouazza.

    Miturut Bouazza, camilan sarwá manis biasa dipunaturaken naliká Ramadan. Nanging wonten bèntenipun antawis camilan manis kanggé iftar, ingkang dipundhahar saben dinten naliká buká kalih camilan manis naliká Idul Fitri ing pungkasanipun Ramadan.

    “Naliká iftar wonten ing pungkasan dinten Ramadan biasanipun dhahar camilan ingkang dipuntelesi nganggé madu, kados brewat lan shebekkia. Wonten ing pungkasan Ramadan, naliká Idul Fitri, biasanipun dhahar rupi-rupi jajanan ingkang dipuntátá sarwá éndah, antawisipun nganggé pistache,” makaten Bouazza.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWiwit Sapuniká Sidang Kabinèt Badhé Dipunbabaraken
    Next Article Rékor Cacahipun Tawon ing Walandi
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.