Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » (Facebook) Ngancem Mentri, Gelá Temu Buri
    Den Haag

    (Facebook) Ngancem Mentri, Gelá Temu Buri

    By Eddi Santosa12.10.20212 Mins Read
    Foto: Unsplash/Joshua Hoehne

    DEN HAAG – Erik van Z., ingkang ngancem mentri Sigrid Kaag mawi Facebook pikantuk vonis 5 sasi bui, pracoban 2 sasi. Ing pangadilan piyambakipun ngakèni keduwung.

    Het Openbaar Ministerie (Kajeksan) nuntut bui 4 sasi. Ing dinten tanggal 30 September Van Z. masang anceman dateng mentri Kaag ing Facebook nganggé profil palsu.

    Mentri Sigrid Kaag (rijksoverheid.nl)

    “Kanthi puniká kulá ngaturaken bilih kulá badhé nyerang Sigrid Kaag dalu puniká sadèrèngipun jam 24.00 lan badhé natoni piyambakipun dugi pejah utawi boten saget nindakaken malih tugasipun,” makaten seratan Van Z.

    Kalih minggu sadèrèngipun piyambakipun ugi sampun ngancem Menteri Kaséhatan Hugo de Jonge mawi Facebook. Menteri Kaag langsung damel lapuran datang pulisi.

    “Kulá ngraos ajrih … sarèhning kulá namung manungsá. Menawi wonten tiyang badhé mejahi panjenengan, pramilá panjenengan bakal menggalih: sepinten kulá taksih saget aman? Sepinten amanipun garwá lan laré-laré kulá?” makaten Menteri Kaag. 

    Van Z. puniká tiyang jaler wargi Walandi yuswá 43 taun, gegriyá ing Spanyol. Piyambakipun anti pranatan Corona ingkang dipunyindakaken déning pamréntah Walandi lan boten kersá dipunsuntik vaksin, ngendiká advokatipun. Van Z. matur bilih piyambakipun nyerat anceman wau kanthi kesesá.

    “Naliká semanten nesu, mboten menggalih, lajeng nyerat ing Facebook. Sapuniká kulá lenggah ing mriki (ing ngarsaning hakim). Menawi kulá ngertos sedáyá akibatipun… Kulá lingsem jero sanget. Kulá keduwung, gelo sanget…,” makaten Van Z.

    Advokatipun Van Z. ngaturi pirsá bilih piyambakipun kadosipun boten badhé minggah bandhing.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleSumber Teori Konspirasi, Pulisi Tutup Kanal Telegram
    Next Article Menawi Tindak Wingking, Poep Ingkang Séhat Kados Pundi?
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.