Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Gègèran Gunem-takèn Jurnalis Wanitá Amérika lan Putin
    Diplomasi

    Gègèran Gunem-takèn Jurnalis Wanitá Amérika lan Putin

    By Eddi Santosa19.10.20212 Mins Read
    Foto: cepeng layar CNBC

    DEN HAAG – Satunggaling gunem-takèn antawis jurnalis wanitá Amérika lan Présidèn Vladimir Putin (69) ndamel gègèr negari Rusia.

    Miturut pinten-pinten media pamréntah, jurnalis wanitá media Amérika CNBC nggih puniká Hadley Gamble tingkah polahipun kados ‘obyèk sèks’ lan nyobi nggodhani Presidèn Putin mawi pasuryanipun ingkang ayu.

    Foto: Cepeng Layar CNBC

    Putin piyambak ngendiká bilih Gamble, jurnalis wanitá wau, kebangeten ayunipun kanggé mangsuli pitakènan. Gamble (39) piyambak namung saget gemujeng sasampunipun pirsá gègèran puniká.

    Gunem-takèn antawis Gamble lan Putin kalampahan minggu kálá wingi naliká kempalan kongrès internasional The Russian Energy Week ing Moskow. Saking gambar-gambar ingkang nyebar katingal cethá kados pripun Putin asring nyawang jurnalis Amérika wau.

    Foto: Instagram

    Miturut media pamréntah Rusia, Gamble puniká nggadhahi maksud awon. Miturut komentator Dmitry Kiselyov, piyambakipun nedhahaken prilaku kebablasen lan nyawang Prèsidèn kanthi nggodhá. Kiselyov, misuwur minongká ‘corongipun Poetin’ ngendiká bilih jurnalis wanitá Amérika wau mprovokasi nggerak-nggerakaken samparanipun ingkang wudá.

    Párá kritikus ngendiká bilih Gamble ugi nyengájá dolanan rikmanipun sáhá lathinipun.

    https://www.instagram.com/p/CVAHImvvk7h/?utm_medium=share_sheet

    Piyambakipun ngagem rok sesek mlethet, ngibas-ngibasaken rikmanipun ingkang ngombak lan ngagem sepatu Louboutin ingkang ndamel samparanipun ketingal langkung janjang dowi. Samparanipun kinclong-kinclong nggodhá kaborèh lisah sarirá, kados boten taksih makaryá.

    Tumindakipun jurnalis wanitá Amérika wau miturut media pamréntah Rusia minongká mbales insidèn ing taun 2019 naliká Présidèn Putin mbetá juru terjemah Rusia ingkang ayu merak ati kanggé mengaruhi Donald Trump, prèsidèn Amérika wekdal semanten. 

    Babagan puniká ugi kaserat ing bukunipun Stephanie Grisham, manten juruwicárá Gedhong Pethak (White House).

    Gamble piyambak namung saget mésam-mèsem mirsani gègèran wau. Wonten ing Instagram piyambakipun andum foto ingkang cethá ketingal piyambakipun ngastá serat kabar Rusia mawi foto piyambakipun dados headline. “My best angle (sisih kulá ingkang paling saé),” serat Gamble, dipunjangkepi nganggé hashtags #feminism #russia

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleMentri Grapperhaus: 800 Panggénan Kanggé Wargi Afghan
    Next Article Infèksi Jamur ing Pawestrèn? Cobi Yoghurt
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.