Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » GKR Máxima Ngrawuhi WEF Davos
    Kraton

    GKR Máxima Ngrawuhi WEF Davos

    By Eddi Santosa26.05.20222 Mins Read
    © Koninklijkhuis/World Economic Forum

    DAVOS – Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngrawuhi World Economic Forum (WEF) ing Davos, Swiss (24-25 Mei). Ratu antawisipun ngendikan bilateral kaliyan párá wakil pamréntah, swastá, organisasi pambangunan internasional, ugi ngrawuhi sidang-sidang pléno.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima rawuh minongká advokat khusus Sekretaris Jénderal PBB babagan Bebrayan Pambiayaan kanggé Pambangunan (UNSGSA), makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    UNSGSA Queen Máxima: We have come together at a defining moment. As we emerge from a global pandemic that has kept us apart, we are seeing that it has also spawned an unprecedented number of digital connections. #WEF22 #Davos #financialinclusion

    Speech: https://t.co/vG4EuvvZdj pic.twitter.com/YoBSCsbwQR

    — UN SG's Special Advocate Queen Máxima (@UNSGSA) May 24, 2022

    Salah satunggaling dhawuh Ratu ingkang paling wigatos inggih puniká layanan pambiayaan digital kanggé ndorong pambiayaan ingkang séhat sáhá mbangun ékonomi. Pandemi Corona sampun nedhahaken pripun wigatosipun párá kawulá saget pikantuk layanan pambiayaan digital. Salajengipun babagan kados fintech bebrayan sáhá pambiayaan bebrayan ijem ugi mlebet agénda.

    Dinten Selásá, 24 Mei, Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngendikan dateng acárá ‘Financial Inclusion: Addressing the Largest Gaps’ perkawis punápá mawon ingkang dipunbetahaken supados pikantuk bebrayan pambiayaan sáhá inovasi-inovasi ingkang saget mbiyantu. 

    Sapuniká cacahipun wonten 1,7 milyar tiyang déwásá sadonyá ingkang dèrèng gadhah rékening bank utawi rékening simpenan, asuransi, ampilan, pensiun, ugi bebayar digital. Kathahipun tetiyang ingkang alit gajinipun, párá wanitá, sáhá párá juragan (tani) alit (Global Findex 2017). 

    Naliká sarasèhan Mastercard, ‘Rules of the Road for the Digital Economy’, Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngaturaken babagan risiko-risiko bias algoritma. Lajeng piyambakipun salebeting sèsi ‘Unlocking Capital at Scale for Digital Inclusion’ ugi dhawuh babagan nggerakaken pawitan séktor swastá kanggé ndorong invèstasi ékonomi digital. Sesi puniká dipunaturaken déning Edison Alliance.

    Dinten Rebo, 25 Mei, Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngawontenaken rembagan sareng CEO Partnership for Economic Inclusion. Kamitran informil puniká ngembangaken proyèk-proyèk kanggé sumbangsih ndamel layanan pambiayaan langkung saé dumateng párá klièn, kathahipun párá juragan alit.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima sapuniká anggota UNSGSA, ugi Stewardship Board of the World Economic Forum. Kejawi makaten wiwit 2021 piyambakipun ugi jumeneng dados anggota Edison Alliance. Prakarsá World Economic Forum puniká wau kanggé ndorong bebrayan digital ing babagan keséhatan, layanan pambiayaan, sáhá pendidikan (es/es).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePeperduur Saking Mricá, Awis Sanget 
    Next Article Ngarsá Dalem Pinarak Incognito Mlebet Wandé
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.