BATANG – Kados kuthá-kuthá sanèsipun ing tanah Jawi, Batang kálá rumiyin ugi nggadhahi trah radèn. Wolak-waliking jaman, sapuniká sampun boten ketingal malih.
Sadèrèngipun jaman Jepang, ing Kasepuhan, Batang kuthá, taksih wonten tlacak radèn, inggih puniká Raden Ajoe Djaetoen, kados kapethik saking Algemeen Handelsblad voor Nederlandsch-Indië, dinten Kemis (11/6/1931).
Handelsblad nyerat bilih wekdal semanten griyanipun Raden Ajoe Djaetoen dipunlèlang amargi serat utang, sajangkepipun makaten:
Déning Vendukantoor (kantor lélang) Pekalongan badhé dipunlèlang griyá ing Kasepuhan kagunganipun Raden Ajoe Djaetoen mangké dinten Setu 20 Juni 1931 jam 10.00 énjing, kados dipunmaksud ing persil, arupi:
a. Griyá gedhong kanthi hak milik, kagunganipun Raden Ajoe Djaetoen ing tanah gubernemèn kalenggahanipun ing kampung Kasepuhan (Kabupatèn lan ibukuthá Batang) ingkang watesipun:
- Sisih lèr kalih tanah kagunganipun R. A. Sastroadmodjo,
- Sisih wétan kalih margi ageng Batang dateng segárá,
- Sisih Kilèn kalih kolang-kolang toyá,
- Sisih Kidul kalih tanah kagunganipun Kajam lan Sapan, dhusun nomer satunggal.
b. Hak milik kagunganipun R.A. Djaetoen atas tanah gubernemèn kalenggahanipun ing kampung Kasepuhan lan watesipun:
- Sisih lèr kalih tanah kagunganipun R. A. Djaetoen piyambaj,
- Sisih wétan kalih margi ageng,
- Sisih kidul kalih tanah kagunganipun R. Ardjokoesoemo,
- Sisih kilèn kalih tanah kagunganipun Karjani, dhusun nomer satunggal.
Sadé lèlang puniká miturut serat utang ing Pekalongan tanggal 24 Desember 1912 sub No. 24 notaris J.L. de WEYER.
Ingkang ngèksekusi:
Hoo Tjiong Tiam, sudagar, gegriyá ing Pekalongan,
Ingkang dipunèksekusi:
Raden Ajoe Djaetoen, tanpá pakaryan, rándá saking Raden Bei Sosrowidjojo, wekdal semanten gegriyá ing kampung Kasepuhan (Batang karesidènan Pekalongan), lajeng tanpá alamat ingkang cethá utawi panggènan ingkang netep.
Jeksá:
Mr. H. J. Boelen, advokat ing Semarang. De Procureur Mr. H.J. BOELEN Semarang, 2 April 1931