Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Gubernur Jenderal Naté Mampir Pekalongan
    Jaman Mbah Buyut

    Gubernur Jenderal Naté Mampir Pekalongan

    By Eddi Santosa27.03.20212 Mins Read
    Baron van der Capellen - Het Javaanse Blad
    Gubernur Jenderal Baron van der Capellen (Rijksmuseum/KITLV)

    BATAVIA – Kabar saking Semarang ngemu katerangan bilih Gubernur Jenderal sáhá garwanipun Baronnesse van der Capellen sasampunipun pinten-pinten dinten mandheg ing Tegal lan Pekalongan saking mriká sampun dugi kanthi wilujeng dinten Kemis tanggal 29 Juli kapengker, lajeng ing dinten tanggal 15 sasi puniká (Agustus) nglajengaken malih tindakanipun dhateng Surákartá lan Ngayogyákartá, makaten Arnhemsche Courant, Selásá (25/8/1820).

    Dugi dinten sapuniká ten pundi-pundi panèn mludag, ugi ketingal pantun ingkang taksih ing sabin bingahaken manah. Sarèhning kahanan puniká párá kawulá pribumi sami anteng tentrem, pikantuk paedah saking pranátá pamréntah, éwodènten kathahipun kasil panèn ingkang sampun sedyá dipunsadé sáhá mludagipun ubengan artá saking sadéan wau pancénipun sampun nambah karaharjan párá kawulá.

    Gubernur Jenderal Baron van der Capellen utawi asmá jangkepipun Godert Alexander Gerard Philip Baron van der Capellen tindak keliling Jawi kanggé nepangaken piyambakipun dumateng bongsá Jawi minongká Gubernur Jenderal ingkang énggal.

    Sadangunipun tindak keliling puniká, antawisipun miyos kuthá Tegal, Pekalongan, lajeng Surákartá lan Ngayogyákartá, Gubernur Jenderal Baron van der Capellen saget pirsá bilih párá Bupati bongsá Jawi boten marem tumrap kahanan wekdal semanten ugi kuwatos kécalan kalenggahanipun.

    Pramilá Gubernur Jenderal Baron van der Capellen paring resolusi ing taun 1820, taun kaping sepindhah pamréntahanipun, ingkang antawisipun ngemu pranatan kanthi cethá babagan kalenggahan párá Bupati, hak-hakipun, kewajiban-kewajibanipun, sáhá titelipun minongká pangarsá bongsá pribumi.

    Ing Semarang, sasampunipun konferensi kalih tuwan Muntinghe, Komisaris Palembang lan Bangka, boten kalih Mayor Jenderal de Kock sáhá Laksamana Wolterbeek, dipuntemtoaken bilih bakal dipunpundhut tumindak tumrap Sultan Palèmbang, Machmoed-Badroedin. Dumateng Laksamana Wolterbeek dipunpréntahaken miwiti ekspedisi militer, lajeng piyambakipun énggal budhal tindak mriká.

    credit: kitlv, cc licensed
    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleSorogan 3: Kosok Balèn
    Next Article Rawuh Rapat, Mendagri Kajsa Ollongren Kénging Virus Corona
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.