Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Gelar-gunem Gusti Kanjeng Ratu Máxima 50
    Kraton

    Gelar-gunem Gusti Kanjeng Ratu Máxima 50

    By Eddi Santosa18.05.20212 Mins Read
    Gusti Kanjeng Ratu Maxima - Het Javaanse Blad
    Koninklijkhuis/RVD

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima Zorreguieta (lair ing Buenos Aires, Argentinië, 17 Mei 1971) ningkah pikantuk Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander, dinten Setu 2 Februari 2002 ing Amsterdam.

    Wekdal semanten Ngarsá Dalem Willem-Alexander taksih Pangéran Pati, éwodènten Máxima kawulá biasa saking Argentina, lajeng pikantuk titel Prinses der Nederlanden, Prinses van Oranje-Nassau, mevrouw van Amsberg (Putri Walandi, Putri Oranye-Nassau, bandárá Amsberg). Sasampunipun Pangéran Pati jumenengan dados Rájá Karajan Walandi, Máxima ngastá titel Gusti Kanjeng Ratu.

    https://youtu.be/nrhNJSvzA40

    GKR Máxima: Goedendag (Sugeng siang)

    Matthijs van Nieuwkerk: Goedemorgen (Sugeng énjing)

    GKR Máxima: Welkom… (Sugeng rawuh…)

    Matthijs van Nieuwkerk: Dank u wel (Matur nuwun)

    GKR Máxima: …op Huis ten Bosch (…ing Kraton Huis ten Bosch)

    Matthijs van Nieuwkerk: Dank u wel… (Matur nuwun…)

    GKR Máxima: Mooi dat u hier bent (bingah sanget panjenengan rawuh mriki)

    Matthijs van Nieuwkerk: Dank u wel… alvast gefeliciteerd (Matur nuwun… sadèrèngipun ngaturaken sugeng tanggap warsá)

    GKR Máxima: Dank u wel… ja, 50 geworden, niet niks (Matur nuwun… inggih, dados sèket taun… boten tanpá makna)

    Matthijs van Nieuwkerk: Is het niet niks? (Boten tanpá makna?)

    GKR Máxima: Nou denk ik niet (Kulá kinten boten)

    Matthijs van Nieuwkerk: Hoe voelt het? (Pripun raosipun?)

    GKR Máxima: Euh…nou prima.. prima. Ietjes ouder, elke dag, maar dankbaar dat ik ouder mag zijn… worden… (Euh.. inggih sekécá… sekécá… tambah sepuh, saben dinten… nanging syukur bilih kulá saget sepuh… dados sepuh…)

    Puniká wau sempilan saking siaran gelar-gunem Gusti Kanjeng Ratu Máxima minongká riyáyá dinten tanggap warsanipun ingkang kaping 50, NPO1 Senèn (17/5/2021).

    Koninklijkhuis/RVD

    Sarèhning Gusti Kanjeng Ratu Máxima sanès priyantun Walandi asli, wiwitanipun ugi boten saget básá Walandi. Amargi piyambakipun bakal ndhampingi Ngarsá Dalem, dados Ratu lan Ibu Nagari, Máxima kedah saget básá Walandi kanthi saé.

    Saking siaran gelar-gunem wau, Gusti Kanjeng Ratu Máxima kejawi sinau ugi nyariosaken bilih piyambakipun ugi nyaru nganggé wig (rikmá palsu) warni cemeng keliling Walandi, supados saget latihan básá Walandi guneman langsung kalihan kawulá Walandi.

    Minongká tunangan Pangéran Pati Karajan Walandi, Máxima temtu boten saget bébas medal griyá srawungan kalih kawulá. Pramilá piyambakipun undercover alias nyaru saénggá saget lenggah ing café, dhahar bitterballen (camilan khas Walandi bunder saking daging).

    “Kanggé latihan básá Walandi. Nitih mobil lan mbetá péta ageng (wekdal semanten dèreng wonten Google Map, red) kulá keliling Walandi. Kadhang kálá sareng-sareng réncang, kadhang piyambakan,” makaten Gusti Kanjeng Ratu Máxima.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article17 Mei Gusti Kanjeng Ratu Tanggap Warsá
    Next Article Pambibaran Kabupatèn Karanganyar, Batang, Purwokerto
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.