Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Guru Matematika Pikantuk ‘Rècèh’ Jebul Kathah
    Den Haag

    Guru Matematika Pikantuk ‘Rècèh’ Jebul Kathah

    By Eddi Santosa19.05.20212 Mins Read
    Ujian - Het Javaanse Blad
    (Kredit: Unsplash)

    DEN HAAG – Guru Matematika Menno Lagerwey (27) maringi video latihan ujian, pikantuk imbalan rècèh € 2,5 nanging totalipun jebul kathah.

    Pak Guru Menno maringi piwulang matematika gratis ing YouTube, ing mriku piyambakipun nerangaken matematika ingkang gampil dipunpahami déning laré-laré sekolah ingkang badhé ngadhepi ujian nasional. Minongká imbalan matur nuwun, piyambakipun nyuwun pandhèrèkipun (followers) ngisi Tikkie artá rècèh € 2,5 kanggé 1 gelas bir ing teras café. Kasilipun jebul mbingahaken, nanging Menno boten karsá nyebataken pinten.

    Pinten kinten-kinten saget dipunprakiraaken saking cacahipun followers. Sapuniká kanalipun Pak Guru Menno ing Youtube inggih puniká Math with Menno (Matematika Sareng Menno) sampun pikantuk 45.000 subscribers utawi pelanggan. Saben dintenipun piyambakipun ngastá ing Amstelveen College minongká Guru Matematika. Ugi ing wekdal mèh ujian nasional puniká piyambakipun maringi lès privat matematika kanggé nyiapaken ngadhepi ujian pungkasan.

    Wonten ing salah satunggaling video paling énggal ingkang minggah dinten Ngahad kálá wingi, Pak Guru Menno nyariosaken bilih piyambakipun asring pikantuk pitakènan pripun caranipun laré-laré sekolah saget maringi piyambakipun tándhá matur nuwun kanggé video gratisipun.

    “Yèn arep mbales aku, upamané amargá aku wis bantu akèh anggoné ngadhepi ujianmu, monggo kená-kená waé. Mungguhé aku kétoké énak yèn musim panas mengko bisá jagongan nang teras café lan ngrasaké bir sing énak,” makaten Pak Guru Menno mangsuli párá siswá pandhèrèkipun.

    Mawi video paling énggal Pak Guru Menno ngaturaken bilih wangsulan wau langsung manèn suksès ageng. “Cah-cah aku kesuwun temenan,” ngendiká Pak Guru Menno kados kapethik saking Algemeen Dagblad, dinten Rebo (19/5/2021).

    Nanging pinten cacahipun pandhèrèk utawi followers ingkang transfèr ngintun € 2,5? Pak Guru Menno tetep boten karsá blak-blakan. Menawi separuh mawon saking followersipun ingkang transfers € 2,5 kasilipun sampun cekap kathah.

    “Kulá pikantuk cekap transfèran ingkang lumayan kanggé wekdal bentèr samangké, makaten mawon. Lan kulá bingah sanget saget pikantuk imbalan, sarèhning imbalan saking iklan taksih sakedhik sanget,” makaten Pak Guru Menno.

    Miturut Pak Guru Menno, cacahipun artá ingkang mili mlebet ing rekeningipun saget njamin piyambakipun taun ngajeng ngirangi jam mulang ing sekolah, lajeng saget langkung kathah kagungan wekdal kanggé damel velideo-video pelajaran matematika. Menno mprakiraaken kirang langkung 10 video saben minggunipun.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePambibaran Kabupatèn Karanganyar, Batang, Purwokerto
    Next Article Pekalongan Nampik Gabungipun Batang
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.