Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Gusti Kanjeng Ratu Máxima Tuwi Kriyá KTT G20
    Diplomasi

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima Tuwi Kriyá KTT G20

    By Eddi Santosa06.11.20212 Mins Read
    Gusti Kanjeng Ratu Maxima - Het Javaanse Blad
    (Foto: Koninklijkhuis/EPA)

    ROMA – Gusti Kanjeng Ratu Máxima tuwi kriyá dateng KTT G20 ing Roma, dinten Kemis (28/10) siang dugi Ngahad (31/10).

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima rawuh miturut kalenggahanipun minongká advokat khusus Sèkjèn PBB bidang reragad sesarengan kanggé bebangun (UNSGSA) sáhá pangarsá kinurmatan Global Partnership for Financial Inclusion/GPFI (Kamitran Global kanggé Bebayar Sesarengan, red) G20.

    Queen Máxima @UNSGSA addresses @g20org government leaders on the importance of SMEs in economic recovery during and after the pandemic. Small businesses in developing countries, especially female entrepreneurs, have been hit hard by #COVID19. https://t.co/uR891xgSsV #G20 pic.twitter.com/CjAfH0YAoE

    — Koninklijk Huis (@koninklijkhuis) October 31, 2021

    Italië sapuniká dugi mangké 30 November dados pangarsá G20. Tema saking pangarsá Italia inggih puniká People, Planet and Prosperity (Rakyat, Bumi lan Karaharjan). 

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima sareng kaliyan PM Italia Mario Draghi dinten Setu (30/10) ugi dados tuan rumah acara sisipan G20 inggih puniká Mbiyantu UKM sáhá Bisnis Kagunganipun Wanitá kanggé Mbangun Langkung Saé Malih, makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad (28/10).

    Piyambakipun, dipunrawuhi párá pangarsá pamréntahan, ngaturaken pidato cekak aos babagan punápá ingkang dipunbetahaken kanggé pamulihan lan tuwuhipun UKM lan pripun ndamel UKM saget pengkuh bebayaripun.

    Sadonyá UKM puniká wigatos sanget kanggé nyedyani pakaryan lan ngisi lakon ageng ing pamulihan ékonomi naliká lan sasampunipun krisis Corona. Panelitèn Wereldbank Group nedhahaken bilih kathah budidáyá alit ingkang kénging krisis, khususipun kagunganipun párá juragan wanitá ing negari-negari ingkang dèrèng majeng.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima antawisipun ugi dhawuh wigatosipun bebayar ingkang inovatif kanggé budidáyá ingkang boten saget pilantuk utang saking bank. Puniká ngaling-ngalingi budidáyá wau tuwuh lan megar. Kajawi makaten Ratu ugi dhawuh supados párá juragan alit wau dipungatosaken supados saget ndandani caranipun budidáyá lan damel ageng kasilipun, ugi kawigatosanipun digitalisasi.

    Salajengipun Gusti Kanjeng Ratu Máxima ing sisipanipun KTT G20 ugi nindakaken rembugan kaliyan párá wakil pamréntahan ingkang aktif ndandani layanan bebayar. Piyambakipun ugi ngrawuhi pinten-pinten rembugan sanèsipun sadangunipun KTT G20 wau.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen
    Next Article PM Rutte Tuwi Yunani, Albania, Macedonia
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.