Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Gusti Kanjeng Ratu Ngrawuhi Orasi Párá Profesor PCL
    Kraton

    Gusti Kanjeng Ratu Ngrawuhi Orasi Párá Profesor PCL

    By Eddi Santosa14.05.20212 Mins Read
    Ratu Maxima - Het Javaanse Blad
    Gusti Kanjeng Ratu Máxima (Koninklijkhuis/RVD)

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima karsá ngrawuhi orasi virtual kakalih pangastá Prins Claus Leerstoel (PCL) inggih puniká Prof. Gustavo García López lan Prof. Seye Abimbola mangké dinten Kemis énjing (10/6/2021).

    gegandhènganipun antawis kanjomplangan sosial sajagad lan tujuan pambangunan PBB

    Prof. García López puniká saking 2019 dugi 2021 minongká pangastá ingkang kadhaup kaliyan International Institute of Social Studies (ISS) saking Erasmus Universiteit Rotterdam. Orasinipun katundhá setaun amargi pandemi Corona, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad, Rebo (12/5/2021).

    Téma panelitian Prof. García López inggih puniká Duurzame Ontwikkeling, Ongelijkheid en Milieurechtvaardigheid (Pambangunan Lestari, Kanjomplangan, lan Kaadilan Lingkungan). 

    Supados pikantuk paningalan perkawis kanjomplangan ing pambangunan masyarakat, Prof. García López neliti gegandhènganipun antawis kanjomplangan sosial sajagad lan tujuan pambangunan PBB. Piyambakipun makaryá sareng kaliyan kolega ISS lan universitas sanèsipun, antawisipun Universiteit van Amsterdam (UVA) lan Institute of Development Studies (IDS).

    ingkang ndadosaken kanjomplangan ing wekdal kapengker, kados kolonisasi, diskriminasi

    Éwodènten Prof. Abimbola saking 2020 dugi 2022 lenggah minongká pangastá ingkang kadhaup kaliyan Universiteit Utrecht. Panelitianipun tinuju dateng Rechtvaardigheid in Wereldwijd Gezondheidsonderzoek (Kaadilan ing Panelitian Kaséhatan Global) kanthi fokus ing pangurusing pranátá kaséhatan kanggé majengaken kaséhatan masyarakat sajagad.

    Mungguhipun Prof. Abimbola inggih puniká sinten kémawon boten ningali asal-usulipun, piyambakipun kedah pikantuk pangaos-aos tumrap pamulasárá lan kasarasan ingkang sami. 

    Ing mriki Prof. Abimbola nggayutaken faktor-faktor ingkang ndadosaken kanjomplangan ing wekdal kapengker, kados kolonisasi, diskriminasi, kanjomplangan ingkang sampun madeg, lan kanjomplangan kuwaosan. Prof. Abimbola makaryá sareng kaliyan párá ilmuwan saking Universitair Medisch Centrum Utrecht (Griyá Sakit Akademis Utrecht) lan Koninklijk instituut voor de Tropen.

    Salebetingp acárá puniká, pangarsá kuratorium wekdal sapuniká Prof. Louise Gunning-Schepers badhé ngaturaken tugasipun dumateng Guru Besar Luar Biasa Katentreman, Hukum, lan Kaamanan Prof. Bert Koenders saking Universiteit Leiden. Piyambakipun antawis 2014 dugi 2017 naté dados Menteri Máncánagari Walandi. 

    PCL dipunadegaken ing 2003 déning ISS lan Universiteit Utrecht kanthi tujuan andum kawruh lan maringi dorongan kanggé párá ilmuwan enèm saking nagari-nagari ingkang taksih mbangun. Éwodènten universitas-universitas mawi panelitian lan piwulangan nggadhahi karsá majengaken sarujuk kaliyan pamikiran lan paningalanipun Pangèran Claus.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima sapuniká lenggah ing PCL minongká pangayom. Dugi wiwitan taun 2014 piyambakipun naté dados pangarsá kuratorium PCL. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Mbika Pamèran Batur Tukon ing Rijksmuseum
    Next Article Karsá Susut Lemak Langkung Kathah? Ngunjuk Èsprèsso
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.