Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ijolan ‘Artá Jerman’, Geng Batang Mlebet Landraad
    Jaman Mbah Buyut

    Ijolan ‘Artá Jerman’, Geng Batang Mlebet Landraad

    By Eddi Santosa11.06.20212 Mins Read
    Landraad Jaman Mbah Buyut - Het Javaanse Blad
    Pangadilan Jaman Walandi ing Pati, 1865 (KITLV)

    BATANG – Dinten Kemis landraad (pangadilan) ing Batang, Pekalongan, miwiti sidang perkawis pidana kalawan kadakwá Nitisemito, alamat dhusun Pabuaran, distrik Ciledug, pakaryan sudagar; Karsijan, alamat dhusun Denasri Wétan, subdistrik Baros (Batang); Karnan, alamat dhusun Kalipucang Kulon, subdistrik Baros (Batang), pakaryan dagang kéwan; Ansar, alamat kampung Ketung distrik Batang, pakaryan kuli; Koesen dhusun Kauman, pakaryan damel batik.

    Bilih tiyang-tiyang wau dipundakwá sareng-sareng lan mufakat tumindak jahat sesarengan kalih Sapar ingkang sapuniká dèrèng kacepeng, makathen kados kapethik saking De Locomotief, serat kabar babaran Uitgever De Groot, Kolff & Co, Semarang, dinten Senèn (27/3/1933).

    Kasebat sadangunipun sasi Juli 1932 kapengker ing pinten-pinten panggènan kabupatèn Pekalongan, Batang, lan Semarang, kelompok wau kanthi tujuan mundhut bathi kanggé piyambak utawi sareng-sareng mawi cárá nipu lan ceriyos palsu kalawan korban Kapil, alamat Moeljoredjo, subdistrik Tirto, lan korban Satar, alamat dhukuh Setono, dhusun Dekoro, subdistrik Baros (Batang), ndadosaken Kapil nyerahaken artá 44,5 gulden lan Satar 12,5 gulden.

    Párá kadakwá ngiming-imingi sadéan artá Jerman dumateng párá korban, bilih piyambakipun mangké dateng Konsul Jerman ing Semarang saget ngijolaken artá Jerman wau dados artá gulden kanthi bathinipun ngantos 15% saking regi nominalipun. 

    Kapil lan Satar lajeng kapincut tumbas artá Jerman wau lajeng badhé ngijolaken. Salajengipun párá kadakwá wau ngapusi bilih piyambakipun saget mbiyantu Kapil lan Satar ngurus ngijolaken artá Jerman wau nanging kedah mbayar pinten-pinten artá kanggé ongkos késah (dateng Semarang).

    Sarèhning kabujuk iming-iming palsu lan apusan wau, Kapil lan Satar taksih maringaken artá malih dumateng párá kedakwá, dados total cacahipun langkung kathah malih saking ongká kasebat wau.

    Sidang salajengipun dipuntundhá dugi tanggal 3 April samangké. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGriyá Raden Ajoe Djaetoen Kasepuhan
    Next Article 1918, Peken Klidang Resmi Tutup
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.