Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ilmuwan Jerman & Amerika Nampi Hadiah Nobel Bidang Kimia
    Internasional

    Ilmuwan Jerman & Amerika Nampi Hadiah Nobel Bidang Kimia

    By Eddi Santosa06.10.20211 Min Read
    Hadiah Nobel - Het Javaanse Blad
    © AP/Fernando Vergara

    OSLO – Ilmuwan Jerman Benjamin List (1968) lan ilmuwan Amerika David MacMillan (1968) menang hadiah Nobel taun 2021 bidang kimia kanggé pangembangan katalisator jinis énggal.

    Kanthi katalisator molekul-molekul puniká reaksi kimia saget langkung cepet, makaten komité Nobel ngumumaken dinten Rebo énjing (6/10).

    Dugi sapuniká kathah reaksi kimia mlampah alon utawi boten èfisièn. Katalisator énggal puniká saget damel reaksi langkung cepet tur ngirangi ènèrgi ingkang dipunbetahaken malah tanpá nganggé ènèrgi wau.

    Katalisator-katalisator dipunbetahaken sanget kanggé produksi zat-zat ing skala industri. Dipunprakiraaken 35% BBP sajagad saget dipunkirangi mawi katalise ingkang èfisièn, makaten komité Nobel.

    Dugi wekdal sapuniká párá ilmuwan paneliti menggalih bilih kanggé katalise reaksi-reaksi dipunbetahaken enzim-enzim utawi metal ageng ingkang kompleks. 

    Benjamin List lan David Macmillan ing taun 2000 ngembangaken jinis kaping tigá ingkang boten gumantung satunggal kalih sanèsipun, ing mriku dipunginaaken molekul-molekul organis minongká katalisator. Sadèrèngipun List ngumumaken punápá ingkang sampun dipunkembangaken wau ing sasi Januari 2000, MacMillan ngintun manuskripipun dumateng satunggaling majalah ilmiah.

    Miturut komitè Nobel, wiwit taun 2000 párá ahli kimia sumringah madosi langkung kathah molekul-molekul kados makaten. Sarèhning molekul-molekul puniká sesarengan saget aktif ing jénjang skala ageng, pramilá saget ngirit metode ènèrgi lan ngirangi larahan kimia.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRegi Gas Eropa Tembus Rp 2,6 Juta/MWh
    Next Article 26.500 Mahasiswa Dèrèng Pikantuk Kamar
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.